Assalamualaikum, Wr., Wb.
Warga Nahdliyin yang dirahmati Allah, sebentar lagi kita akan menyambut hari Raya Idul Fitri 1446 H. Untuk itu, Tim redaksi NU Online Ponorogo telah menyiapkan teks khutbah Idul Fitri. Khutbah Idul Fitri kali ini berjudul “Dinten Kebahagiaan.”
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الخطبة الأولى
اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)
اللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا , وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا , وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا , لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ ,
مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ , لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ , صَدَقَ وَعْدَهُ , وَنَصَرَ عَبْدَهُ , وَأَعَزَّ جُنْدَهُ
وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ – لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَ كْبَرُ – اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ … اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِيَامِ رَمَضَانَ . أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلٰهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الْجَنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ , وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المْـُسْتَقِيْمِ – اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مَنْ أُنْزِلَ إِلَيْهِ الْفُرْقَانُ سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن , أَمَّا بَعْدُ
فَيَآ أَيُّهَا المْـُؤْمِنُوْنَ , أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ , وَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَـاتِهِ , وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْـكَرِيْمِ : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
وَاعْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ وَمَا مَلَـكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Wonten ing kesempatan enjing kebag barokah puniko, kumandang takbir ngebag-i angkoso, pramilo sumonggo, kito tansah ngunjuk-aken raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah, Gusti ingkang akaryo jagad. Mboten wonten Gusti lintune, kajobo namung Gusti Allah, Gusti ingkang wajib sinembah dening sedoyo makhluk. Sumonggo kito tansah ningkataken ajrih soho taqwa, kanthi sendiko dawuh nglampahi perintah saking Gusti Allah sak-kuwaos kito, dipun sarengi nebihi awisanipun kanthi mutlak mboten mbalelo. Mugi-mugi kanthi mekaten, kito saged dados makhluk ingkang bejo mulyo dunyo ngantos akhirat, pikantuk rahmatipun Gusti Allah.
Sholawat tuwin salam mugiyo tansah kalimpahaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, pinongko mustikaning jagad, titah pinilih ingkang dados utusanipun Gusti Allah, ingkang sampun nuntun umatipun kanthi tulodho ingkang sae, amrih uwal medal saking pepeteng ing dunyo, tumuju pagesangan ingkang padhang jingglang, kebag barokah rahmah lan hidayah saking Gusti Allah. Mugi-mugi kanthi asring maos sholawat, kito dipun akui dados umatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW sahinggo pikantuk syafa’at ipun … aamiin.
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Wonten ing tahun puniko, kito taksih saged ngumandangaken takbir, bilih artosipun kito taksih kaparingan wekdal panjang yuswo, kepanggih ‘idul fitri malih. Hanenggih dinten ingkang kebag bebungah lan kebag pangapuro ingkang turah mblawah.
اِعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمُ عِيْدِ الْفِطْرِ , وَيَوْمُ السُّرُوْرِ , وَيَوْمُ الْمَغْفُوْرِ
Dinten ‘idul fitri kang kebag barokah lan bungah puniko mratandani bilih umat islam saged suci resik saking duso kanthi titel fitrah. Sebab sak derengipun ‘idul fitri, ing wulan Romadlon, kito sampun nglampahi ibadah siyam utawi poso setunggal wulan muput, tuwin ibadah sanes-sanesipun, kados to sholat tarawih, tadarus al-Qur’an, shodaqoh, soho amal-amal sae lintunipun. Pramilo, estu bejo sanget tumraping tiyang ingkang kalampahan nindak-aken siyam linambaran iman soho ngajeng-ngajeng maghfiroh saking Gusti Allah.
Raos bungah naliko dinten ‘idul fitri puniko, ugi badhe kito raosaken benjing wonten akhirat. Kito badhe pikantuk rohmat saking Gusti Allah, pikantuk sih kawelasan, jer naliko kito gesang ing alam dunyo, sampun purun nindak-aken siyam utawi poso. Perlu dipun pahami, bilih ganjaran siyam utawi poso puniko namung Gusti Allah ingkang mangertosi, kranten ibadah siyam utawi poso puniko namung kagem Gusti Allah, bukti ngabekti kito pinongko kawulo utawi makhluk-ipun. Pemahaman puniko kanthi dasar dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten ing salah satunggaling hadits qudsi ingkang suraosipun mekaten
قَالَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ : كُلُّ عَمَلِ ابۡنِ آدَمَ لَهُ , إِلَّا الصِّيَامَ , هُوَ لِي وَأَنَا أَجۡزِيْ بِهِ (رَوَاهُ مُسْلِمْ)
artosipun: “Allah ‘Azza wa Jalla dawuh: saben-saben amal perbuatan anak turune Nabi Adam (nggih puniko manungso) iku kanggo awak e dewe, kajobo poso. Amalan poso iku kanggo ingsun (Allah), lan ingsun (Allah) kang bakal paring piwales ingatase wong kang nglakoni poso.” (Hadits den riwayataken dening Imam Muslim)
Pramilo tumraping tiyang ingkang nindak-aken siyam utawi poso puniko, sak lintunipun ganjaran ingkang ageng, ugi wonten macem-macem bebungah. Hanenggih wonten bebungah nalikaning ifthor utawi buko poso, bebungah nalikaning manggihi rioyo, lan bebungah nalikaning wonten alam akhirat. Kosok wangsulipun, tiyang ingkang mboten purun siyam utawi poso, nggih mesthine mboten pikantuk raos bungah naliko buko, naliko rioyo, ugi naliko wonten ing alam akhirat. Hanenggih ingkang mekaten puniko, sayekti tiyang ingkang tansah mbalelo dumateng dawuh perintahipun Gusti Allah. Benjang wonten akhirat, kathah tiyang ingkang nandhang susah, kalamunto nemahi kawontenan akhirat ingkang sarwo mboten sakeco, kranten lumoh ngibadah sahinggo amalipun kathah ingkang olo, mboten purun poso, lan namung mburu dunyo. Padahal poro manungso sampun dipun wanti-wanti kanthi pepeling wonten ing al-Qur’an surat adz-Dzariyat ayat 56 ingkang suraosipun:
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
menggah artosipun: “Lan ingsun (Allah) ora nyiptak-ake jin lan manungso, kajobo amrih ngibadah marang insun (Allah).”
اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Dinten ‘idul fitri wonten ing tanah Jowo, lumrah kasebat dinten rioyo utawi riyadin. Menggah hakikatipun nggih puniko raos syukur kranten saged mbalik suci lajeng tambah taqwanipun dumateng Gusti Allah. Wonten setunggaling maqolah ngaturaken bilih Sayyidina ‘Ali bin Abi Tholib, dawuh
لَيْسَ الْعِيْدُ مَنْ لَبِسَ الْجَدِيْدَ , وَلَـكِنَّ الْعِيْدَ مَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ
Jumbuh kaliyan dawuhipun Sayyidina ‘Ali puniko, pramilo wonten setunggaling ulama sufi, nggih puniko Syaikh Abu Yazid al-Busthomi, ugi dawuh
لَيْسَ الْعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ الْجَدِيْدَ , وَلَا لِمَنْ اَ كَلَ الْقَدِيْدَ , وَلَـكِنَّ الْعِيْدَ لِمَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ , وَخَافَ الْوَعِيْد
menggah artosipun: “Mboten dipun wastani riyadin tumraping tiyang ingkang agemanipun enggal, Lan ugi mboten tumraping tiyang ingkang dedaharanipun daging kang raose eco. Ananging kang winastan riyadin niku tumraping tiyang ingkang tambah ta’at ipun dumateng Gusti Allah, Lan ajrih tumraping ancaman sikso saking Gusti Allah.”
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Pramilo masio naliko rioyo katon pating galebyar klambi anyar, sarung lan kopyah katon mewah, kalamunto sak derenge niku mboten purun poso, yekti sedoyo kolowau muspro. Saking maqolah puniko, kito saged mahami bilih sejatosipun rioyo niku sanes babakan klambi anyar lan panganan jajan kang kebag ing mejo, ananging babakan ningkat-aken taqwa dumateng Gusti Allah. Sejatosipun rioyo puniko arupi tujuan maqom utawi tingkatan akhir saking tiyang ingkang nglampahi poso, kados firmanipun Gusti Allah wonten ing al-Qur’an surat al-Baqoroh ayat 183
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمـَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّـكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
artosipun: “He wong-wong kang podo iman, den wajibake ingatase siro kabeh amrih poso, koyo ndene den wajibake ingatase wong-wong sak durunge siro, (kang mengkono iku) amrih siro tambah taqwa (dumateng Gusti Allah).”
اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Ugi sampun dados tradisi ing tanah Jowo, bilih nalikaning rioyo, kito nguri-uri adat silaturohim kanthi sowan dumateng poro pinisepuh, lan ugi sanak kadang, soho tanggi tepalih. Kito lampahi silaturohim puniko kanthi istiqomah. Kanthi niat ingkang sae, ngraket-aken pasederekan ukhuwah islamiyah, niat murih ridhanipun Gusti Allah. Kito pinongko kaum muslimin, ampun ngantos uwal pasederekan, ampun ngantos katingal renggang, nopo malih ungkur-ungkuran. Nalikaning gesang bebrayan wonten ing masyarakat, tartamtu kito nate khilaf, tartamtu nate wonten klenta-klentunipun atur, tartamtu nate wonten tindak-tanduk ingkang mboten ngremenaken penggalih tiyang sanes. Utaminipun dumateng kaluwargo kito piyambak, dumateng garwo, dumateng anak, dumateng tiyang sepah, dumateng moro sepah, dumateng sedulur tunggal kandung, lan mesthinipun dumateng tonggo mepet griyo. Pramilo sumonggo njembar dodo, wantun ndisik-i nyuwun ngapuro. Sayekti mboten ateges ino tumraping tiyang ingkang nyuwun pangapuro, ananging justru meniko-lah tiyang ingkang mulyo. Wondene tiyang ingkang mboten purun nyuwun pangapuro dumateng sepodo-podo manungso, meniko-lah kalebet tiyang ingkang jumowo. Mangertos-o, bilih jumowo puniko sifatipun iblis ingkang katundhung saking suwargo.
اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Sak lintunipun kito nyuwun pangapuro dumateng sepodo-podo manungso, wondene menawi wonten ingkang silaturohim nyuwun pangapuro dateng kito, tartamtu kito kedah paring pangapuro. Kalamunto poro manungso sampun ngapuro-tinapuro, insya Allah, anggen kito gesang bebrayan ing masyarakat saged sakeco, saged ngraosaken bagyo mulyo, tebih saking balak angkoro murko, ayem tentrem kados suwarganing dunyo.
Ugi sampun dados adat tiyang Jawi, bilih menawi wonten sanak sederek, tanggi tepalih, lan tetepangan sanes, ingkang pinarak silaturohim ing griyo, kito siogo kanthi aruh gupuh suguh lan lungguh. Kito aruh-aruhi kanthi ukoro salam ingkang sae, kito pinarak-aken wonten ing nglebet griyo, kito sumanggak-aken lenggah kanthi sekeco, lan kito suguhi kanthi tetedhan jajanan rioyo ingkang sampun sumadyo. Adat tradisi mekaten puniko, jumbuh kaliyan dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten ing salah satunggaling hadits
مَنْ كَانَ يُؤمِنُ بِاللهِ وَاْليَوْمِ الْآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْراً أَو لِيَصْمُتْ ، وَمَنْ كَانَ يُؤمِنُ بِاللهِ وَاْليَوْمِ الْآخِرِ فَلاَ يُؤْذِ جَارَهُ ، ومَنْ كَانَ يُؤمِنُ بِاللهِ والْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُكْرِمْ ضَيْفَهُ (رَوَاهُ اْلبُخَارِي وَمُسْلِمٌ)
Artosipun: “Sinten kemawon ingkang iman dumateng Gusti Allah lan dinten kiamat, pramilo ngendikano ingkang sae utawi (kalamunto mboten saged mekaten, kamongko langkung sae) mendel kemawon. Lan sinten kemawon ingkang iman dumateng Gusti Allah lan dinten kiamat, pramilo ampun ngantos ngalarani tanggi tepalih. Lan sinten kemawon ingkang iman dumateng Gusti Allah lan dinten kiamat, pramilo mulyak-aken tamunipun.” (Hadits den riwayatken dening imam Bukhari ugi imam Muslim).
Wondene wonten al-Qur’an surat an-Nisa’ ayat 36, firmanipun Gusti Allah mekaten
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : وَاعْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ
Artosipun: “Lan nyembaho siro dumateng Gusti Allah, lan ojo podo nyekuto-ake kelawan suwiji-wiji, lan tumindak-o ingkang sae tumraping tiyang sepuh kekalih, sanak kerabat, bocah yatim, tiyang miskin, tetanggi celak, tetanggi tebih, shohabat ingkang raket, tiyang ingkang lelungan tebih, kawulo ingkang siro duweni. Sayekti Gusti Allah mboten remen tumraping tiyang ingkang sombong ugi jumowo.”
اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Sumonggo ing dinten rioyo puniko, ingkang langkung sepah tansah nyebaraken welas asih, ingkang langkung nem tansah ngrumiyini nyuwun pangapuro. Sedoyo mboten wonten bedo masio sugih masio mlarat, sedoyo tetep pikantuk rohmat, kranten sampun tumindak sae hablum minan nas. Mugi-mugi kanthi kito sampun suci fitrah malih puniko, pramilo Gusti Allah paring pangapuro lan tundonipun kito dipun lebetaken suwargo. Kados ingkang sampun dipun dawuhaken wonten al-Qur’an surat Ali imron ayat 133
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ
ingkang artosipun: “Lan age-ageo siro tumuju marang pangapuro-nipun Gusti Pengeran iro, lan suwargo kang ombone kadyo langit lan bumi, kang den cumawisake kanggo wong-wong kang taqwa.”
Milo awit saking puniko, mugiyo kito kalebet tiyang ingkang sampun nindak-aken poso Romadlon lajeng wonten ing dinten rioyo kita saged tambah tingkatan taqwanipun, ing akhiripun kito kalebet tiyang ingkang minulyo, kados pepeling wonten ing al-Qur’an surat al-Hujurot ayat 13
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللهِ أَتْقَاكُمْ
artosipun: “Sayekti tiyang ingkang paling minulyo tumraping Gusti Allah, nggih puniko tiyang ingkang paling sae taqwanipun.”
جَعَلَنَا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَ الْفَائِزِيْنَ وَالسَّائِلِيْنَ الْغَانِمِيْنَ الْمَقْبُوْلِيْنَ ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ , أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمْ : فَاذْ كُـرُوْنِيْٓ اَذْ كُـرْكُـمْ وَاشْكُـرُوْا لِيْ وَلَا تَكْفُرُوْنِ . وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ
الخطبة الثانيه
اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ
اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا , وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا ، لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ مَنَّ عَلَيْنَا بِهَذِهِ الصَّبِيْحَةِ الْمُبَارَكَةِ اللاَّمِعَةِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ذِي اْلأَنْوَارِ السَّاطِعَةِ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ الطَّاهِرِيْنَ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِـإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْ لُهُ
أَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ تَكُوْنُوْا عِنْدَهُ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ الْفَائِزِيْنَ. وَصَلـُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلىَ خَاتَمِ النَّبِيّيْنَ وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ ، فَقَدْ أَمَرَكُمْ بِذَلِكَ الرَّبُّ الـْكَرِيْمُ , فَقَالَ سُبْحَانَهُ قَوْلاً كَرِيْمًا
وَاْعلَمُوْا يَا إِخْوَانِي رَحِمَكُمُ اللهَ , أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ , وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ، فَاشْكُرُوا اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيْرِ وَالتَّهْلِيْلِ , إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ، فَقَالَ اللهَ تَعَالَى جَلَّ جَلاَلُهُ عَلِيْمًا
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلـُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الـَّذِيْنَ آمَنُوا صَلـُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا ،
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَتَابِعِـى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِـإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، وَاْلـمُسْلِمِيْنَ وَاْلـمُسْلِمَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَاُمَّتَنَا، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا، وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا، صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ
اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْـمُسْلِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ
اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلـمُنْكَرَ وَاْلبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ اْلـمُخْتَلِفَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَآصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ , وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا , رَبَّنَآ اِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ
رَبَّنَآ اَتْمِمْ لَنَا نُوْرَنَا وَاغْفِرْ لَنَاۚ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ , وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عِبَادَ الله . اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلـَّكُمْ تَذَّ كَّـرُوْنَ فَاذْ كُـرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْ كُـرْكُـمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْ كُـمْ
وَ لَذِكْـرُ اللهِ اَكْبَرُ
Sumber Materi Khutbah : K. Sofyan, Ds. Bulu Kec. Sambit Kab. Ponorogo
Editor Penulisan Materi : Marsudi, Sekretaris PC LTM NU Ponorogo Jawa Timur