NU PONOROGO

Official Website PCNU Ponorogo

Khutbah Jumat Singkat Ramadhan Basa Jawa NU – Anggayuh Kaberkahan Wulan Ramadhan 1442H

Khutbah Jumat Singkat Ramadhan Basa Jawa NU - Anggayuh Kaberkahan Wulan Ramadhan 1442H
Khutbah Jumat Singkat Ramadhan Basa Jawa NU – Anggayuh Kaberkahan Wulan Ramadhan 1442H

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ  اللهِ وَبَرَكَاتُهْ

الحمْدُ لله ، الحمدُ للهِ الذِّي جَـعَـلَ رمـضـانَ شَـهْـرَ الـصّـِيـَامِ ، شَـهْـرٌ فـيـهِ تُـطْـهَـرُ أَنْـفُـسُــنَـا مِـنَ الْـمَعـَـاصِى وَالْآَثـَامِ ، أشـهـد ان لأ اله الا الله وحده لا شـريك له الْـمَـلِكُ الْـقُـدُّوسُ الـسَّــلَامُ ، وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ ، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ ، صَلاَةً تُشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ ، أَمَّا بَعْـدُ .

فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ  : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ  ، يـَا أَيُّـهَـا الَّـذِيْـَن أمَـنُوْا كُـتِـبَ عَـلَـيْـكُـمُ الـصِّـيـَامُ كَمَـا كُـتِـبَ عَلَى الَّـذِيْـنَ مـِنْ قَـْبـلِـكـُمْ لَـعَـلَّـكُـمْ تَـتَّـقُـوْنَ

 Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Manggo tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kito soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad soho sarono kitho sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawulo-kawulo nipun Allh ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran  102).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Mboten dangu malih kitho sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kitho cawis cawis kangge anggayuh pinten-pinten kaberkahan wonten saklebetipun wulan romadhan. Gegayutan kalian meniko, monggo kito penggalih dawuh kanjeng Nabi Agung Muhammad shollallu Alaihi wa Sallam  ingkang kasebat wonten ing kitab Nashoihul ‘Ibad karya Imam Nawawi al-Bantani;

يا أَبَا ذَرٍّ ، جَدِّدِ السَّفِيْنَةَ فَإِنَّ اْلبَحْرَ عَمِيْقٌ ، وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ ، وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ ، وَأَخْلِصِ اْلعَمَلَ فَإِنَّ النَاقِدَ بَصِيْرٌ

He Abu Dzar, dandanono perahu(mu), krono segorone jeru banget, ngalapo sangu sing sempurno (akeh), krono lungomu(mu) adoh banget, entengno momotanmu, krono dalane angel, ikhlasno anggonmu ngamal, krono  Gusti Alloh moho pirso”

Dawuh pangandikan saking Kanjeng Nabi meniko, senahoso secara khusus mboten berkaitan kalian wulan Ramadhan, ananging saget kita ngalap pelajaran kagem mempersiapkan diri ngadepi kamulyan soho kaberkahan wonten saklebetipun wulan Ramadhan. Dawuh kanjeng Nabi meniko mengku sekawan perkawis utawi pelajaran, inggih puniko:

  1. جَدِّدِ السَّفِيْنَةَ فَإِنَّ اْلبَحْرَ عَمِيْقٌ )dandanono perahu(mu), krono segorone jeru banget(

Tumrap wongkang arep numpak kapal, mongko kapale kudu diteliti, rusak opo ora. Artosipun kapal/perahu kudu dipastekne waras, ora rusak sebab arep digawe nglayar ono tengahe segoro kang jeru. Bahaya sanget menawi nglayar utawi nyebrang segoro mawi perahu ingkang rusak, tamtu sedoyo penumpangipun bade ngadepi beboyo yoiku kerem wonten tengahe segoro. Dawuh meniko merupakan sanepan/kiasan, bilih tiyang meneko sakderenge nandangi setungalipun amal, kedah dipun toto niatipun. Niatipun kedah lurus, murni pados ridanipun Alloh Subhanahu wa Taala. Semanten ugi, naliko kito nindakaken shiyam wonten saklebetipun wulan Ramadhon, monggo dipun toto niat kito mligi murih ridhanipun Allah. Kanjeng Nabi Muhammad shollallu Alaihi wa Sallam dawuh:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“sopo wahe nindakne poso romadhon atas dasar iman lan amrih ridho saking gusti Allah,mongko kabeh dosane kang wis kliwat bakal diapuro (deneng Allah)”

Hadits meniko paring piwulang ingkang lua biasa, bilih menawi kito kepengin poso romadhan ingkang kito tindakaken saget anglebur doso-doso  ingkang sampun kliwat, mongko niat kito nindakaken shiyam romadhan kedah dipun dasari iman dan murni pados ridhonipun Allah. Kito yakin lan percoyo kanthi sanget bilih shiyam meniko perintahipun Allah dateng kito. Minongko kawulo ingkang sahe, kito sedoyo namung saget “sendiko dawuh” (sami’na wa atho’na). Ugi saklebetipun nindakaken shiyam, kito kedah noto niat, namung pados ridhonipun alloh, mboten krono nopo-nopo.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

  1. وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ

“ngalapo sangu sing sempurno (akeh), krono lungomu(mu) adoh banget”

Poro ulama sepakat bilih dawuh meniko merupakan sanepan/kiasan. Artosipun, Kranten tujuan ingkang utomo saking perjalanan hidup meniko kehidupan akherat ingkang berliku, kathah tantangan, godaan soho hambatanipun, pramilo kitho kedah cepak-cepak sangu ingkang kathah, inggih meniko nindakaken amal kesahenan, kebejikan, ibadah, sami ugi ibadah mahdhoh utawi sanesipun (ghoiru mahdhoh). Wonten saklebetipun wulan ramadhan, kranten Gusti Alloh paring bonus ganjaran ingkang matikel-tikel, monggo kita ginaaken kagem ngathah-ngathaken ibadah kagem persiapan soho nglempakaken bekal/sangu kagem sowan dateng ngarsanipun Alloh SWT.

  1. وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ، (entengno momotanmu, krono dalane angel).

Dawuh kanjeng Nabi meniko ugi merupakan sanepan/kiasan bilih ingkang dipun maksud muatan/momotan meniko urusan dunyo lan doso. Artosipun, sampun ngantos perjalanan ingkang awerat soho tebih tumuju dateng keselametan gesang wonten ing akherat meniko, keganggu kalian urusan donyo lan doso. Sampun ngantos urusan dunyo, pendamelan, makaryo ngganggu anggen kitho ngibadah dateng ngarsanipun Alloh. Langkung-langkung wonten saklebetipun wulan ramadhon, Alloh paring bonus ganjaran ingkang kathah meniko, sampun ngantos dipun kawonaken kalihan urusan dunyo ingkang berlebihan. Semanten ugi, wulan romadhan ingkang kebak maghfiroh utawi pengampunan saking ngarsanipun Alloh, monggo kito manfaataken kagem nyuwun pangapunten, taubat soho istighfar dateng ngarsanipun Alloh SWT. Sedoyo puniko namung purih supados perjalanan kito sowan dateng ngarsanipun Allah dipun paringi lancar mboten manggihi rintangan soho alangan ingakang langkung penting malih dipun paringi roso enteng nindakaken ibadah lan dipun tampi deneng Alloh SWT.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

  1. وَأَخْلِصِ اْلعَمَلَ فَإِنَّ النَاقِدَ بَصِيْرٌ

“ikhlasno anggonmu ngamal, krono  Gusti Alloh moho pirso”

Dawuh kanjeng Nabi meniko paring pelajaran dateng kito sedoyo, bilih wonten saklebetipun kito nindakaken amal, ibadah, kito dipun tuntut supados  ikhlas kranten Alloh SWT. Shiyam ingkang kito tindakaken nyektosipun mendidik dateng kito supados saget ikhlas dalam beribadah. Ibadah shiyam anggadahi karakter ingkang benten kaliyan ibadah-ibadah sanesipun. Ibadah sholat, zakat, haji, shodaqoh soho sanesipun berpotensi ngundang riya, pamer, supoyo dipun puji deneng liyan, kranten tiyang lintu saget menyaksikan langsung ibadah sholat, zakat, haji ingkang kito tindakaken. Benten kaliyan ibadah shiyam, ingkang pirso namung kito piyambak sarto Gusti Alloh SWT, pramilo ibadah shiyam langkung menjamin keikhlasan dibanding ibadah sanesipun. Meniko cocok lan jumbuh kaliyan dawuh Kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu alaihi wa sallam:

 كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ يُضَاعَفُ الْحَسَنَةُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا إِلَى سَبْعمِائَة ضِعْفٍ ، قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ : إِلَّا الصَّوْمَ فَإِنَّهُ لِي وَأَنَا أَجْزِي بِهِ

 “sekabehe ganjaran ibadah kang dilakoni bani adam bakal ditikelake ping sepuluh ambalan bahkan sampek ping 700 ambalan. Gusti Alloh dawuh..kejobo poso, krono poso kuwi kanggo Aku, mongko Aku dewe sing arep paring piwales langsung (sing menungso ora bakal weruh)

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,

Mugi mugi Allah maringono pitulung lan pitedah dateng kitho sedaya, saget tumandang nindakaken jejibahan shiyam kanti enteng serto kitho sedoyo pikantuk kaberkahan, kamulyan, pengampunanipun Alloh SWT utamipun wonten ing wulan Romadhon.

بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ ، إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ ، قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ ، أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ، وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ

Khuthbah Kedua

اَلْحَمْدُ ِللهِ,، اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي خَلَقَ اْلأَشْيَآءَ ، أَحْمَـدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى حَمْدَ مَنْ عُفِيَ مِنَ الْبَلاَءِ ، أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لآ شَـرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْ قَائِلَهَـا يَوْمَ الْجَـزَاءِ ، وَأَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَتْقَى اْلأَتْقِيآءِ ، أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الرُّسُلِ وَاْلأَنْبِيآءِ ، وَعَلَى آلِهِ الْكَرَمآءِ ، وَأَصْحَابِهِ اْلأَصْفِيآءِ ، وَمَنْ تُبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ اللِّقَاءِ ، أَمَّا بَعْدُ . فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَأَشْـكُرُهُ عَلَى تَوَالِي النَّعَمآءِ

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا ، فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ : إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ ، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ ، وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ ، اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَتَنَا وَأُمَّتَنَا ، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا وَفُقَهَاءَنَا ، وَمَشَايِخَنَا صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا ، وَاجْعَلْنَا هُدَاةَ مُهْتَدِيْنَ.

اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ ، أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ ،وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ ، وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ ، وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ ، وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى الْمَدْيُوْنِيـْنَ ، وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا ، وَعَلَى الْغُزَّاةِ وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَ ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ.

اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ ، وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ ، وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة ، وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً ، وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ ، وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم

عِبَادَ اللهِ ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Dr. Luthfi Hadi Aminuddin
Skretaris PCNU Ponorogo

Informasi terkait:

2 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *