Assalamualaikum, Wr., Wb.
Warga Nahdliyin yang dirahmati Allah, berikut adalah teks khutbah Jumat Bahasa Jawa dengan judul ”Ngatos-Atos Lebeting Talfiq.”
Khutbah I
اَلحَمْدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفُرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّآتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهْ. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ واتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْم: وَدَاودَوَسُلَيْمٰنَ اِذْيَحْكُمٰنِ فِى الْحَرْثِ اِذْنَفَشَتْ فِيْهِ غَنَمُ الْقَوْمِ ۚوَكُنَّالِحُكْمِهِمْ شٰهِدِيْنَ. فَفَهَّمْنٰهَا سُلَيْمٰنَۚ وَكُلًّا اٰتَيْنَا حُكْمًا وَّعِلْمًاۖ وَّسَخَّرْنَا مَعَ دَاودَالْجِبَالَ يُسَبِّحْنَ وَالطَّيْرَۗ وَكُنَّافٰعِلِيْنَ
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah,
Wonten ing dinten ingkang mulya puniko, monggo kito senantioso njagi lan ningkataken ketaqwaan kito wonten ing ngarsa dalem Allah Swt kanti semaksimal mungkin. Taqwa ingkang artosipiun nebihi sedoyo ingkang dados awosanipun lan nglampahi sedoyo ingkang dados perintah Allah Swt. Keranten kanthi ketaqwaan meniko, kulo panjenengan sami ngajeng-ngajeng mugi-mugi saben-saben permasalahan gesang ingkang kulo penjengan alami dipun paringi pitedah lan sageto pikantuk rezeki ingkang mboten kito nyono kiro.
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah,
Perbedaan pendapat wonten ing antarane madzhab fiqh meniko kathah sanget, lan sampun dados kasunyatan wonten ing sejarah ingkang mboten saget kito pungkiri. Senaoso mekaten, perbedaan kados mekaten kolo wau, menawi kito cermati boten dados aib utawi penyebab keburukan wonten ing Islam. Sakwalikipun, perbedaan pendapat meniko dados rahmat kagem umat Islam keranten saling mengisi lan melengkapi wonten antarane setunggal madzhab kaliyan madzhab lintune.
Perbedaan pendapat wonten antaranipun umat Islam sampun dipun garis kaliyan Al Quran melalui kisahipun Nabi Daud lan Sulaiman As. Kisah meniko sampun dados legitimasi utawi penguat, bilih Al Quran mengakui wontene perbedaan pendapat. Allah Swt berfirman wonten ing surat Al Anbiya ayat 78-79:
وَدَاودَوَسُلَيْمٰنَ اِذْيَحْكُمٰنِ فِى الْحَرْثِ اِذْنَفَشَتْ فِيْهِ غَنَمُ الْقَوْمِ ۚوَكُنَّالِحُكْمِهِمْ شٰهِدِيْنَ. فَفَهَّمْنٰهَا سُلَيْمٰنَۚ وَكُلًّا اٰتَيْنَا حُكْمًا وَّعِلْمًاۖ وَّسَخَّرْنَا مَعَ دَاودَالْجِبَالَ يُسَبِّحْنَ وَالطَّيْرَۗ وَكُنَّافٰعِلِيْنَ
Artosipun:
Lan (ilingo cerito) Dawud lan Sulaiman, nalika deweke ngewehi keputusan ing dalem ladang. Nalika (ladang) iku wes dirusak marang mendo-mendone piro-piro kaum. Lan temen wes nyekseni keputusan keduwe piro-piro kaum. Lan wes den aweh pangerten sopo kito ing Sulaiman (tentang hukum kang luwih tepat); lan wus tumeko marang kaum opo iku hikmah lan ilmu, lan wus kito dadeaken tunduk opo gunung-gunung lan manuk, muji marang Allah sopo gunung lan manuk lan Dawud. Lan saktemene kito kang nindaake.
Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah
Wonten ing ayat meniko, sampun diterangaken bilih Allah paring pujian dateng Nabi Daud As lan Nabi Sulaiman As. Lan Allah nyaosi kekalihipun hikmah lan ilmu, senaoso kabeneran wonten ing keputusan wonten ing astane Nabi Sulaiman. Wondene Nabi Daud nyaosi keputusan ingkang sakwalikipun. Ananging keranten kekalihipun maringi keputusan kanthi dasar ijtihad, Gusti Allah mboten duko, lan Gusti Allah maringi pujian lan ilmu dumateng kekalihipun. Saking ayat puniko, poro ulama ahlussunnah wal jamaah berkesimpulan bilih perbedaan pendapat antaranipun poro mujtahid niku hal ingkang biasa, sanes sesuatu ingkang tercela.
Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah
Senaoso wonten perbedaan pendapat wonten ing madzhab-madzhab ing dalem Islam, poro ulama sampun maringi kesempatan kito kagem gabungaken kaleh pendapat ingkang beda madzhab nalika wonten kondisi darurat syar’i, khususipun wonten ing masalah ingkang mboten dipun panggihi solusinipun wonten ing setunggale madzhab. Penggabungan meniko dipun wastani kanthi istilah talfiq.
Talfiq inggih puniko gabungaken kaleh pendapat ingkang bedo madzhab wonten ing setunggal masalah (qadhiyat). Senaoso mekaten, poro alim ulama maringi rambu-rambu wonten ing nglampahi talfiq. Keranten keputusan puniko kedah dipun laksanakaken kanti ati-ati lan kedah mirsani pinten-pinten perkawis;
Sepindah, talfiq mboten namung semata-mata bertujuan kagem pados ibadah ingkang paling enteng, ananging keranten keterbatasan utawi dhoruroh syar’i.
Kaping kalih, talfiq benten madzhab namung saget dilampahi wonten ing setunggal masalah ibadah. Misalipun wonten ing masalah wudlu nyepeng organ kemaluan tanpa didasari syahwat lan nganggep masalah puniko mboten batalaken wudlu keranten berdasarkan pendapat Imam Malik. Ananging naliko wudlu mboten gosok-gosok anggota wudluipun damel tuyo keranten nderek madzhab Imam Syafii. Naliko sholat hukumipun mboten sah, keranten miturut pendapat Imam Syafii wudlunipun batal keranten nyepeng kemaluan, sementara miturut imam Malik nggih mboten sah keranten mboten gosok-gosok anggota wudlu. Pramilo, wudlunipun batal miturut kekalih imam.
Hadirin Jamaah Jumah Rahimakumullah,
Wonten ing kitab Fathul Muin, karangan Syaikh Zainuddin Al Malibari, talfiq saget dilampahi ing antara kaling masalah (qadhiyah), kados wudlu kanthi ngusap sebagian kepala keranten nderek amdzhab As Syafii lan sholat madep kiblat (jihah/mboten bener-bener tepat lurus ten kakbah) keranten derek madzhab Abu Hanifah, pramilo sholatipun sah, sebab wonten ing kasus meniko poro imam mboten menyepakati ketidaksahan wudhunipun. Keterangan meniko saget ditingali wonten kitab i’anatut talibin karangan Abu Bakr bin Muhammad Syata’ Ad Dimyathi.
Mugi-mugi khutbah meniko saget nambahi pangerten kito utaminipun wonten ing permasalahan fiqh ibadah, keranten paham masalah meniko dados kewajiban kito sedoto dalam rangkan nglampahi Islam secara kaffah utawi sampurno. Amiin Amiin ya mujiib as Sailin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقٌرْأَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الاياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِاسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللهَ فَالتَّبِعُوْنِي يُحْبِبْكُمُ اللهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُم وَاللهُ غَفُوْرٌ رَحِيْم. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن.
Khutbah II
الْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إله إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، قَالَ الله تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا الله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُون
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. والحمد لله رب العالمين.
عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر
Khutbah Jumat ini ditulis oleh:
Dr. M. Muchlish Huda, M.Pd.I.
Sekretaris PC ISNU Ponorogo