Assalamualaikum, Wr., Wb.
Jamaah Nahdliyin yang dirahmati Allah, sebentar lagi kita akan menyambut hari Raya Idul Adha 1446 H. Untuk itu, Tim redaksi NU Online Ponorogo telah menyiapkan teks khutbah Idul Adha berbahasa Jawa. Khutbah Idul Adha kali ini berjudul “Cobaan, Kesabaran dan Berkurban.”
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
Khutbah I
اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)
اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا , وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا , وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا , لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ , مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ , لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ , صَدَقَ وَعْدَهُ , وَنَصَرَ عَبْدَهُ , وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ – لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَ كْبَرُ – اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ … اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ الْأَضْحَى . أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلٰهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الْجَنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ , وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المْـُسْتَقِيْمِ – اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مَنْ أُنْزِلَ إِلَيْهِ الْفُرْقَانُ سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن , أَمَّا بَعْدُ
إِخْوَانِيْ رَحِمَكُمُ اللهُ ، اِعْلَمُوْا أَنَّ هَذَا الْيَوْمَ الْأَزْهَرَ، هُوَ يَوْمُ الْعِيْدِ الْأَكْبَرُ ، فِيْهِ يُعْمَلُ أَكْثَرُ أَعْمَالِ الْحَجِّ ، وَهُوَ يَوْمٌ مِنْ أَيَّامِ الشَّهْرِ الْحُـرُامِ
اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ
فَيَآ أَيُّهَا المْـُؤْمِنُوْنَ , أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المــُــتَّقُوْنَ , وَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَـاتِهِ , وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْـكَرِيْمِ :
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ , بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Kumandang takbir maringi pratondho, bilih kito taksih kaparingan panjang yuswo, saged pinanggih dinten harioyo. Pramilo sumonggo, tansah ngunjukaken pujo puji syukur kito, wonten ngarsanipun Gusti Allah, Gusti ingkang Moho Kuwoso, Gusti ingkang wajib sinembah dening makhluk sedoyo. Sumonggo kito tansah ningkataken taqwa, kanthi sendiko dawuh nglampahi perintah saking Gusti Allah, dipun sarengi nebihi awisanipun kanthi mutlak mboten mbalelo. Mugi-mugi kanthi mekaten puniko, kito saged pikantuk rahmatipun Gusti Allah, sahinggo wonten ing dunyo ngantos akhirat tansah bejo mulyo.
Sholawat tuwin salam mugiyo tansah kalimpahaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, pinongko uswatun hasanah, titah pinilih ingkang dados panuntun umatipun kanthi tulodho ingkang sae, mbedhol saking jaman jahiliyah lumebet jaman islamiyah, ingkang kebag barokah rahmah lan hidayah saking Gusti Allah. Mugi-mugi kanthi asring maos sholawat, kito dipun akui dados umatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW sahinggo pikantuk syafa’at ipun … aamiin.
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
اِعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ , هٰذَا يَوْمُ عِيْدِ الْأَضْحَى
Mangertoso bilih saestu dinten meniko dinten sae kagem panjenengan sedoyo. Nggih dinten meniko kawastan dinten harioyo ‘idul adha. Dinten harioyo ‘idul adha puniko dinten ingkang minulyo. Mangertoso bilih wonten ing tlatah Makkah al-Mukarromah, wonten ing tanah suci mriko, jutaan manungso saking sedoyo bongso negoro, ingkang wujud kulit badanipun nggih maneko warno, ingkang adat budayanipun nggih bedo, sak meniko kempal manunggal sowan wonten ing baitullah. Nindakaken reroncening urutan ibadah ingkang sami, mboten wonten ingkang salang surup, mboten wonten ingkang debat eyel-eyelan rumaos paling bener caranipun ibadah, sedoyo nindakaken paugeran ingkang sampun ginaris tanpo mbalelo, nggih puniko ibadah haji.
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Bilih ibadah haji puniko kalebet salah satunggalipun Rukun Islam. Pramilo awit saking puniko, sedoyo priyantun ingkang agaminipun islam, nggih kedah nglampahi ibadah haji. Ananging, ibadah haji puniko termasuk istimewa menawi dibandingaken Rukun Islam lintunipun. Menawi Rukun Islam lintu kados to Syahadat, Sholat, lan Poso, meniko wajib dipun laksanaken tanpo mbeda-aken situasi lan kondisi. Bahkan masio kondisi nembe dipun ancam punopo kemawon, syahadat niku tetep wajib. Masio situasi perang, sholat niku tetep wajib. Masio kondisi panas ngenthak-ngenthak, poso niku tetap wajib. Mboten wonten alasan kok mboten wajib. Ananging menawi haji, meniko namung dipun wajibaken tumraping priyantun ingkang kuwaos. Tegese kuwaos puniko nggih biaya, kondisi badan, situasi keamanan, lan lintunipun. Pramilo awit saking puniko, priyantun ingkang saged nglampahi haji puniko anamung priyantun ingkang pinilih. Estu – estu pinilih, minulyo, lan priyantun ingkang bejo kemayangan. Sampun lumrah kasebat bilih “ibadah haji merupakan panggilan Allah SWT”. Pramilo sampun lumrah ugi, menawi wonten priyantun ingkang masio kalebet priyantun kuwaos ananging dereng tindhak haji kranten “dereng pikantuk timbalan”. Bahkan nate wonten kedadosan, priyantun sampun daftar haji, sampun siap bidal, sampun dugi bandara, nuli ngertos pesawat langsung ajrih mbalik wangsul mboten purun bidal haji.
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
ibadah haji dipun syari’ataken miturut tindak lampahipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam. Wonten al-Qur’an surat Al-Hajj ayat 27, dipun jelasaken perintah saking Gusti Allah dumateng Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam nimbali sedoyo manungso amrih tindak Makkah sakperlu nglaksana-aken ibadah haji. Mekaten suraosipun:
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
وَاَذِّنْ فِى النَّاسِ بِالْحَجِّ يَأْتُوْكَ رِجَالًا وَّعَلٰى كُلِّ ضَامِرٍ يَّأْتِيْنَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ عَمِيْقٍ
Menggah artosipun: “(Ibrahim) timbalono marang manungso kelawan perintah nglaksana-ake ibadah haji, yekti poro manungso bakal tumeko kelawan mlaku lan numpak unto kang kuru soko sekabehing tlatah kang adoh.”
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Rikolo semanten, tlatah Makkah taksih awujud padang pasir kang sepi mamring mboten wonten ingkang njamah, dereng wonten ingkang manggeni. Lajeng Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam pikantuk perintah saking Gusti Allah amrih manggen wonten ing Makkah. Ingkang kados puniko pinongko pacoban tumraping Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam, kranten keng garwo, nggih puniko ibu Siti Hajar nembe ngandut nuli nglahiraken keng putro, nggih puniko Nabi Ismail ‘alaihis-salam. Menawi saged kito angen-angen, sepinten awratipun pacoban puniko. Satunggaling kaluwargo ingkang nembe gadhah putro, lajeng manggen wonten panggenan ingkang mboten wonten tanggi tepalihipun. Cobaan dereng kendhat semanten. Gusti Allah paring pacoban malih arupi perintah amrih Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam kondur dateng negaranipun lan ninggalaken keng Garwo ugi keng Putro ing tlatah Makkah. Padahal tlatah Makkah taksih sepi mamring arupi padhang gurun pasir mboten wonten manungso nipun. Saestu awrat sanget raosipun. Pramilo naliko Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam badhe mlampah kondur, keng garwo nuli nyuwun pirso: “teng nopo kok tego ninggalaken?” Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam mboten kumowo paring wangsulan, namung ndingkluk nglajengaken lampah ninggalaken keluwarganipun. Keng garwo, nggih puniko ibu Siti Hajar nampi kasunyatan meniko kanthi lilo masio keronto-ronto. Tinambah malih nalikaning keng putro, nggih puniko Nabi Ismail ‘alaihis-salam ingkang taksih bayi, nangis mboten kanten-kantenan mbetahaken tuyo unjukan. Ibu Siti Hajar bingung nuli age-age pados tuyo, mlajar dateng bukit Shofa, mboten manggihi tuyo. Mlajar malih dumugi bukit Marwa, mboten manggihi tuyo. Mekaten ngantos mbolak-mbalik ambal kaping pitu (tindak lampah puniko ingkang sakmeniko dados prosesi ibadah sa’i wonten ing haji). Sahinggo Gusti Allah paring pitulung, arupi maringi sumber tuyo ingkang mijil saking ngandhap sukunipun jabang bayi Nabi Ismail ‘alaihis-salam.
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Pacobanipun kaluwargo Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam taksih dereng rampung. Nalikanipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam sampun kaparingan perintah saking Gusti Allah amrih nglempak malih dateng Makkah, nuli gesang bebrayan kanthi sae. Kranten sampun wonten sumber tuyo, pramilo tlatah Makkah milai wonten ingkang manggeni lan milai kathah penduduk. Kaluwargo Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam dados kaluwargo ingkang minulyo lan keng putro, hanenggih Nabi Ismail ‘alaihis-salam milai ngancik dados sinoman ingkang bagus praupan lan bagus akhlaq-ipun. Ananging Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam pikantuk perintah malih saking Gusti Allah, amrih ngurbanaken keng putro. Yekti awrat sanget pacoban puniko, hanenggih kapurih ngurbanaken hal ingkang paling dipun tresnani. Prasasat umpami kepareng milih, kamongko Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam pilih badanipun piyambak ingkang dipun kurbanaken, sanes keng putro kinasih. Ananging meniko perintah saking Gusti Allah, mboten saged dipun owahi, mboten kepareng mbalelo. Pramilo kanthi keronto-ronto, Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam rerundingan kelawan keng garwo lan keng putro gegautan kaliyan perintah kurban puniko. Nguningani bilih perintah kurban puniko saking Gusti Allah, lajeng keng putro, hanenggih Nabi Ismail ‘alaihis-salam, nuli matur dumateng Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam, kados kaserat wonten al-Qur’an surat as-Shoffat ayat 102
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
… قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ
Artosipun: “(Nabi Ismail ‘alaihis-salam) matur: duh Bapak kulo, monggo panjenengan lampahi punopo ingkang dipun printahaken (Gusti Allah) dumateng panjenengan. Panjenengan badhe nemahi kulo, insya Allah, kulo kalebet tiang-tiang ingkang sabar.”
Ringkesing kedadosan, akhiripun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam kanthi manah ingkang sumeleh tawakkal dumateng Gusti Allah, siogo ing gati badhe nglampahi perintah ngurbanaken keng putro kinasih. Semanten ugi Nabi Ismail ‘alaihis-salam kanthi manah ingkang madhep manteb dumateng Gusti Allah, siogo dipun kurbanaken.
Ananging Gusti Allah meniko mboten sare, saestu bilih Gusti Allah meniko mboten sare. Lan perlu dipun mangertosi bilih menawi manungso puniko manut perintahipun Gusti Allah, kamongko mesthi bakal mulyo ora bakalan ino sengsoro. Pramilo pangurbananipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam kaliyan Nabi Ismail ‘alaihis-salam ingkang manut madhep manteb mboten mbalelo, akhiripun kaganjar kamulyan. Nabi Ismail ‘alaihis-salam ingkang badhe dipun kurbanaken, langsung dipun slametaken lumantaran Malaikat Jibril ingkang mindah posisi Nabi Ismail ‘alaihis-salam lan nggantos kelawan domba / kibasy. Akhiripun ingkang disembelih dados kurban nggih domba puniko.
اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Sejarah Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam paring tulodho tumraping kito. Bilih mboten wonten kamulyan tanpo pacoban. Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam ingkang diparingi pacoban kathah lan akhiripun lulus puniko, pikantuk kamulyan arupi gelar Khalilullah, kekasihing Gusti Allah, gelar Ulul Azmi, priyantun ingkang nggadahi kesabaran luar biasa, lan gelar Abul Anbiya’, bapak ipun poro Nabi kranten kathah anak turunipun ingkang dados Nabi.
Menawi kito angen-angen, sejatosipun sedoyo Nabi Rasul puniko nampi pacoban ingkang maneko warno. Nabi Adam ‘alaihis-salam kacubo kanthi garwanipun ingkang ngajak mbalelo duroko saking awisanipun Gusti Allah arupi dahar woh-wohan quldi. Nabi Nuh ‘alaihis-salam kacubo kanthi putranipun ingkang mbalelo mboten purun miturut dawuhipun Gusti Allah amrih nitih prau. Nabi Ya’qub ‘alaihis-salam kacubo kanthi putra-putranipun ingkang mboten rukun sahinggo iri dengki. Nabi Yusuf ‘alaihis-salam kacubo kanthi wong wadon kang nggudho ngajak tumindhak olo. Nabi Ayyub ‘alaihis-salam kacubo kanthi badan ingkang kebak penyakit. Nabi Isa ‘alaihis-salam kacubo kanthi shohabatipun ingkang khianat. Nopo malih Nabi Muhammad SAW, kathah sanget pacobanipun.
Sedoyo Nabi ingkang nampi pacoban, mesthi dipun tampi kanthi jembaring manah. Kalamunto rumaos keronto-ronto, niku namung sedelo, kranten sekabehing Nabi niku nggih titah manungso. Nabi Muhammad SAW nalikaning nampi pacoban dipun tinggal wafat dening keng garwo, Siti Khadijah lan ugi paman Abu Thalib, nggih ngraosaken susah manahipun. Pramilo wekdal niku kawastan “amul husni” utawi tahun belosungkowo. Ananging saksampunipun tinampi kanthi sumeleh kebag kesabaran, lajeng Nabi Muhammad SAW pikantuk mukjizat isra’ mi’raj.
اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Pacoban puniko gegautan kaliyan kesabaran. Sinten kemawon ingkang nembe nampi pacoban, kedah sabar. Ingkang mekaten puniko miturut perintahipun Gusti Allah wonten ing al-Qur’an surat al-Baqoroh ayat 153
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ
Menggah artosipun: “he wong-wong kang podo iman, nenuwun-o pitulungan (marang Gusti Allah) kelawan sabar lan sholat. Sak temene Gusti Allah iku nyertani marang wong-wong kang sabar.”
Pramilo Nabi Ismail ‘alaihis-salam nalikanipun mangertos badhe dipun kurbanaken, lajeng mbudidoyo nyenyuwun dumateng Gusti Allah amrih didadosaken tiyang ingkang sabar. Semanten ugi, Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam lan Siti Hajar nyenyuwun dumateng Gusti Allah amrih dipun mantebaken imanipun sahinggo mboten goyah. Naliko wonten setan ingkang nyobi nggudo amrih mboten tamtu kaleksanan kurbanipun Nabi Ismail ‘alaihis-salam, pramilo setanipun dipun balang watu dening Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam (tindak lampah puniko ingkang sakmeniko dados prosesi ibadah lempar jumroh wonten ing haji). Keluarganipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam, sedoyo sampun manteb bilih perintah Gusti Allah puniko wajib dipun laksanaaken kanthi sabar lan jembar manah, murih ridhaning Gusti Allah, sahinggo benjang wonten akhirat, saged nemahi karaharjan. Ketaqwa-anipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam sak kaluwargo puniko kedah kito tuladani. Pripun amrih kita sak garwo sak putro saged ngabekti ngibadah kanthi sae dumateng Gusti Allah. Pripun amrih kito mboten kabujuk dunyo lan tetep teguh mbudidoyo kesaenan akhirat. Kranten Gusti Allah sampun dawuh wonten ing al-Qur’an surat al-An’am ayat 32 ingkang suraosipun
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَعِبٌ وَّلَهْو ٌ ۗ وَلَلدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ
Artosipun: “Lan ora ono panguripan ing dunyo iku kajobo mung dolanan lan guyonan. Lan yekti nagari akhirat iku luwih becik tumraping wong-wong kang taqwa. Kamongko opo siro ora ngerteni?.”
اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Kito sami mangertosi bilih kito umat islam puniko, mboten dipun perintah ngurbanaken putro kados perintah ingkang dipun tampi Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam. Kito dipun perintah amrih ngurbanaken bondho kemawon, nggih puniko arupi kewan qurban. Sejatosipun menawi kita nyembelih kewan qurban, mboten ateges kito ngaturaken daging lan getih kewan qurban dumateng Gusti Allah. Ananging kito namung ngaturaken ketaqwaan kito ingkang sendiko dawuh nglampahi perintah kurban. Kados mekaten puniko sampun dipun jelasaken wonten al-Qur’an surat al-Hajj ayat 37
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُـحـُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ
artosipun: “ora tumekan marang Gusti Allah sekabehane daging (kewan qurban) lan getih–e, ananging kang tumekan marang Gusti Allah yoiku taqwa siro kabeh.”
Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …
Daging kewan qurban dipun tasyarufaken dumateng tanggi tepalih fakir miskin. Wondene ingkang berqurban nggih kepareng menawi nderek dahar daging kewan qurban. Ingkang baku, konsep tasyaruf utawi pembagian daging kewan qurban meniko, miturut ilmu sosiologi, meniko sae sanget sak perlu ngraketaken anggota masyarakat. Kito saged mirsani, naliko wonten tiyang ingkang pikantuk daging kewan qurban, wajahipun sumringah bungah. Masio daging kewan qurban ingkang dipun bagi mboten kathah ingkang tinampi, ananging raos manah mesthi bungah. Kranten sedoyo niku wau pikantuk berkah.
Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring berkah rahmah dumateng kito, sahinggo kito saged nglampahi ibadah qurban, saged tindak haji, lan saged ngrekso kaluwargo sahinggo sakinah mawaddah wa rahmah. Aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ , بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ
وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ
Khutbah II
اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ
اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا , وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا ، لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ
وَاللهُ أَ كْبَرُ , اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ , وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ الطَّاهِرِيْنَ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّـبِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِـإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .
أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْ لُهُ .
أَمَّا بَعْدُ . فَيَا عِبَادَ اللهِ ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ
فَقَالَ اللهَ تَعَالَى جَلَّ جَلاَلُهُ عَلِيْمًا : إِنَّ اللهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلـُّـوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الـَّذِيْنَ آمَنُوا صَلـُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ ، وَتَابِعِـى التَّابِعِيْنَ لَـهُمْ بِـإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ ، وَاْلـمُسْلِمِيْنَ وَاْلـمُسْلِمَاتِ ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ , اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَاُمَّتَنَا ، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا ، وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا ، صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا ، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ , اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْـمُسْلِمِيْنَ , اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ
اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلـمُنْكَرَ وَاْلبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ اْلـمُخْتَلِفَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَآصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ , وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا , رَبَّنَآ اِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ
رَبَّنَآ اَتْـمِمْ لَنَا نُوْرَنَا وَاغْفِرْ لَنَاۚ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عِبَادَ الله . اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلـَّكُمْ تَذَّ كَّـرُوْنَ فَاذْ كُـرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْ كُـرْكُـمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْ كُـمْ
وَ لَذِكْـرُ اللهِ اَكْبَرُ
Sumber Materi Khutbah : LTM NU Ponorogo Jawa Timur
Editor Penulisan Materi : Marsudi, Sekretaris PC LTM NU Ponorogo Jawa Timur