Assalamualaikum, Wr., Wb.
Warga Nahdliyin yang dirahmati Allah, sebentar lagi kita akan menyambut hari Raya Idul Fitri 1446 H. Untuk itu, Tim redaksi NU Online Ponorogo telah menyiapkan teks khutbah Idul Fitri. Khutbah Idul Fitri kali ini berjudul “Greget Ngindhakaken Sarta Njumbuhaken Ibadah Individual lan Ibadah Sosial.”
Khutbah 1
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَر اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ. الْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلَا، لَا إلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لَا إلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الصِّيَامَ أَيَّامَ الأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَّاإِلٰهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الجَنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ. اللَّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قال الله تعالى : وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
Kaum muslimin, muslimat jama’ah shalat Idul Fitri ingkang dipun mulyakaken dening Allah SWT.
Dinten menika, dinten ingkang ngremenaken tumraping umat Islam, dinten kamenangan umat Islam. Umat Islam ingkang nindakaken pasa kanthi iman lan ngupadi ridha Allah SWT sampun dipun-ngapunten sedaya dosa lan kalepatanipun. Pramila, kula lan Panjenengan sedaya minangka umat Islam kedah tansah ngindhakaken takwa kula lan Panjenenagn dhumateng Allah SWT kanthi nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah SWT, lan nilar sedaya awisanipun. Boten wonten sangu ingkang langkung sae, ingkang badhe kabekta benjang nalika sampun seda, kejawi Takwa.
Mugi dados kawuningan para jama’ah, takwa menika minangka tujuwan saking pasa (shiyam) ingkang kula lan pnajenengan tindakaken. Menika menika minangka pitedah ingkang kadhawuhaken dening Allah wonten ing surat al-Baqarah ayat 183
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Tegesipun: He wong-wong kang iman, diwajibake marang sira nindakake pasa, kayadene kang wus diwajibake marang wong-wong (kaum) sadurungira, supaya sira klebu dadi wong kang taqwa.
Ing dinten menika, kula lan Panjenengan sedaya pastes ngaturake syukur, jalaran kathah sedherek kula lan Panjenengan ingkang sampun kapundhut. Ing riaya taun kapengker saperangan taksih kempal kaliyan kula lan Panjenengan, nanging dinten menika piyambakipun sampun seda. Sampun katimbalan dening Gusti Allah SWT. Pramila menika, syukur kedah dipun wujudaken kanthi ngindhakaken (meningkatkan) anggenipun ngibadah, supados sasampunipun shiyam (pasa) ngibadah kula lan Panjenengan langkung mindhak (sae) tinimbang saderengipun, sarta langkung nggatosaken mring sasami.
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Jamaah sholat Idul fitri ingkang bagya mulya.
Wulan Ramadhan minangka sekolah utawi madrasah ageng, pasa/shiyam ing Ramadhan mucalaken (ndhidhik) tiyang sakathahing seserepan. Ing antawisipun, piwucal dhumateng umat Islam bab pentingipun hakikat manungsa, minangka abdi (mahluk) ingkang anggadhahi kekirangan. Boten nedhi sedinten mawon, badanipun lemes. Kiranging cairan (tubuh) mawon saget kenging dehidrasi. Pramila, pasa ndhidhik umat Islam supados boten gumedhe (sombong) karana menapa kemawon ingkang dipun-gadhahi. Menapa kemawon ingkang dipun-gadhahi utawi dipun gadhuh manungsa (bandha, jabatan, gelar, pangkat lan posisi), sayektosipun namung sekedhap/sawetawis. Menawi Gusti Allah SWT, ingkang kagungan, ngresakaken mundhut, bebasan namung sakeplasan bakal sirna sedaya. Pramila, mangga, sabibaripun pasa menika ngabekti kula lan Panjenengan minangka abdi Allah SWT dipun indhakaken (ditingkatkan). Caranipun ngathahaken lan ngistiqomahaken zikir, tasbih, waos al-Qur’an, shalat sunah, lan lintunipun.
Gusti Allah SWT sampun paring dhawuh wonten ing Surah Ad-Dzariya ayat 56
وَمَا خَلَقْتُ الجِنَّ وَالاِنْسَ اِلاَّ لِيَعْبُدُوْنِ
Tegesipun: “lan Ingsun Allah ora nyiptakake Jin lan manungsa, kejaba supaya padha manembah marang PanjenenganingSun”.
Rasulullah SAW ugi ngendika ing Riwayat al-Baihaqi
أَحَبُّ اْلأَعْمَالِ إِلَى اللهِ مَا دُوِّمَ وَإِنْ قَلَّ
Maknanipun, “Ngamal kang paling ditresnani Allah yaiku amalan kang dirutinake/dilanggenggake, senadyan mung sethithik wilangane”
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Jamaah sholat idul fitri ingkang bagya mulya!
Piwucal sanesipun saking pasa inggih menika ngibadah sosial (ghoiru mahdhoh), nggatosaken (peduli) sasaminipun. Mila paring shadaqah daharan buka pasa lan shadaqah ing wulan Ramadhan ganjaranipun ageng sanget. Langkung-langkung, pasa Ramadhan dipunpungkasi kanthi dhawuh mbayar Zakat Fitrah. Malah kepara menawi wonten tiyang Islam nindakaken pasa Ramadhan nanging boten mbayar Zakat, Pramila ngibadah pasanipun boten sampurna.
Syekh Zakaria al-Anshori wonten Kitab Hasyiyah al-Jamal ala al-Minhaj, juz 4, kaca 228 lan Syekh Abi Bakar Syata ad-Dimyati ing Kitab Hasyiyah Ianat al-Thalibin, juz 2, kaca 190 sampun nerangaken boten sampurnanipun pasa saderengipun Zakat Fitrah dipuntindakaken.
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Jamaah sholat idul fitri rahimakumullah.
Pasa lan Zakat gegambaran saking gesanging manungsa, minangka makhluk individu lan makhluk sosial. Mingka makhluk indidividu (piyambakan), ngibadah ingkang dipunlampahi dipunwastani ngibadah mahdhoh, tegesipun ngibadah piyambakan (Ind : perseorangan), kados dene shalat, maos al-Qu’an, dzikir, lan sanesipun. Nanging, minangka makhluk social manungsa kedah nindakaken ngibadah ghoiru mahdhoh, utawi ngibadah sosial, kadosta mbantu anak yatim (ngragati sekolahipun, lan sanesipun), mbantu fakir miskin (bantuan usaha, lan lintunipun).
Sasampunipun Ramadhan, sumangga, kaum muslimin-muslimat, ndadosaken dhiri pribadi Kula lan Panjenengan saget timbang (seimbang/balance) ing antawisipun kalih model ngibadah kalawau, inggih pangibadahan individu utawi pribadi (mahdhoh), lan pangibadahan sosial (ghoiru mahdhoh).
Ngaturi uninga, sampun kacariyos ing hadis Qudsi’ wonten titahing Gusti ingkang dipun penggak-dipun-endheg mlebet Surga dening Gusti Allah SWT, jalaran menapa kok dipun stop mlebet Surga!?, Alasanipun amargi tiyang kalawau namung mligi nindakaken ngibadah mahdhoh, lan supe dhateng ibadah sosial (ghoiru mahdhoh). Piyambakipun kagungan tanggi lare yatim, nanging boten maringi santunan. Piyambakipun kagungan Tanggi fakir miskin, nanging boten maringi tetedhan utawi dhaharan-unjukan. Na’udzubillah…
Kaum muslimin-muslimat, mugi-mugi kula lan Panjenengan saget dados abdi Allah ingkang timbang (seimbang), allahumma Aamiin. Enget, bilih Allah tansah nggabungaken ing antawisipun ngibadah kekalih. Kados nggabungaken prentah/dhawuh sholat (gambaran ngibadah individual) lan dhawuh prentah zakat (gambaran ibadah sosial). Ing surah al-Bayyinah ayat 5 upaminipun, Allah paring dhawuh:
وَمَاۤ اُمِرُوۡۤا اِلَّا لِيَعۡبُدُوا اللّٰهَ مُخۡلِصِيۡنَ لَـهُ الدِّيۡنَ حُنَفَآءَ وَيُقِيۡمُوا الصَّلٰوةَ وَيُؤۡتُوا الزَّكٰوةَ وَذٰلِكَ دِيۡنُ الۡقَيِّمَةِ
Tegesipun: “…lan tumrap wong-wong iku ora den prentah kejaba manembah marang Allah, kanthi ngiklasake ketaatan marang PanjenenganNe, kang istiqamah, nindakake Shalat, lan mbayar zakat. Yaiku agama kang lurus (bener)”.
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Jamaah sholat idul fitri ingkang minulya!
Menawi kula lan Panjenengan sampun saget ndadosaken seimbang (balance) antawisipun ngibadah individu lan ngibadah sosial kasebat sabibaripun wulan Ramadhan menika, ateges kula lan Panjenengan sampun ‘Syawwalan”. Syawwal tegesipun mundhak/ningkat (sae). Menapa ingkang mindhak?? Wangsulanipun inggih mindhak utawi ningkat, tambah sae ngibadah individunipun lan mindhak sae ngibadah sosialipun
Upami ing ngibadah individu kula lan Panjenengan rumaos dereng gadhah lan kagungan kawruh (pengetahuan), kula lan Panjenengan saget ndherek sinau utawi ngaji ing majlis, pengajian ingkang kawintenaken dening kiai-kiai NU utawi ingkang kawontenaken dening NU. Semanten ugi supados ngibadah sosial kula lan Panjenengan langkung leres, pas tujuwan-sasaranipun, prayogi dipun saluraken lumantar Lembaga NU, kados dene NU-Care, LAZIZNU, Lembaga Amil ingkang dipunwontenaken dening NU.
Mugi-mugi kula lan Panjenengan sedaya kalebet tiyang ingkang mindhak utawi ningkat ngibadahipun, jumbuh kaliyan naminipun wulan menika, inggi Syawwal. Lan mugi kula lan Panjenengan dipun paringi kanugrahan saget kepanggih sarta nindakaken shiyam ing taun ngajeng, saget mahargya Ariaya Fitri kanthi Iman ingkang tansah mindhak (ningkat). Aaamiin.. Yaa Rabbal’aalamiin.
Khutbah 2
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ
وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا. لآ إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لآ إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ، مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ وَالْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللَّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلَاتَنَا وَصِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَسَائِرَ أَعْمَالِنَا وَتَمِّمْ تَقْصِيْرَنَا فِيْ رَمَضَانَ وَاجْعَلْنَا مِمَّنْ يُقِيْمُهَا وَيُدِيْمُهَا وَيُحْيِيْهَا بَعْدَهُ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ