NU PONOROGO

Official Website PCNU Ponorogo

Jagi Semangat Ramadhan – Khutbah Jumat Bahasa Jawa NU

Assalamualaikum, Wr., Wb.

warga Nahdliyin yang dirahmati Allah, berikut adalah teks khutbah Jumat Bahasa Jawa NU dengan judul “Jagi Semangat Ramadhan”.

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْه ُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الْإِخْوَانِ، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
قال الله تعالى: اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱسْتَعِينُوا۟ بِٱلصَّبْرِ وَٱلصَّلَوٰةِ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلصَّٰبِرِين

Kaum muslimin siding jumat rahimakumullah,

Wonten ing kesempatan ingkang sae punika, monggo kulo panjenengan sami ningkataken taqwa dumateng Allah SWT. Caranipun inggih punika kanti imtisaalu al-awaamir wa ijtinaabu an-nawaahi (nglampahi sedoyo perintah-perintahipun Allah lan nebihi sedoyo awosanipun). Kedah dipun mangertosi bilih mboten wonten bekal inggal langkung sae kulo panjenengan sami beto wonten ngarsa dalem Allah kejobo taqwa kulo panjenengan sami dumateng Allah SWT.

Kaum muslimin sidang jumat rahimakumullah,

Kulo panjenengan sami tasih wonteng ing dalem bulan Ramadhan, bulan ingkang kebak barokah lan ampunan saking Allah SWT. Tiyang-tiyang ingkang beriman bade ngalami kaleh perkawis. Menawi wonten awal Ramadhan, perasaan meniko remen sanget, suka cita, ananging wonten wekdal meniko, wonten ing akhir bulan Ramadhan, perasaan umat Islam ingkang beriman nglampahi ing dalem kaleh kondisi. Menawi kekalih kondisi meniko mboten dipun gadahi, kulo panjenengan sami patut nangletaken iman kito.

Sepindah, perasaan sedih keranten bade dipun tilar kalian bulan kang Mulya. Nopo kulo panjenengan sami sampun ibadang kanti maksimal wonten ing bulan Ramadhan puniko? Nopo kulo panjenengan sami sampun nyuwun pangapuro dumateng Gusti Allah SWT kelawan nopo ingkang pernah kulo panjenengan lampahi, lan nopo kulo panjenengan sami sampun dedongak? Nyuwun kaliyan Allah SWT nopo ingkang kulo panjenengan sami kersaaken. Kanti perasaan puniko, kulo panjenengan sami bade memanfaatkan sisa wekdal punika kanti temen-temen anggenipun ngibadah, nyuwun ampunan saking Allah lan dedungo. Ganjaran ugi langkung ageng lan namung Allah SWT piyambak ingkang bade nyaosi dumateng umat manungso kang mboten wonten tandinganipun. Ugi, perasaan sedih, nopo kulo panjenengan sami sampun maksimal anggenipun ngupayaaken ngraih lailatul Qadar, padahal Allah SWT sampun dawuh:

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ  وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ  لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ  تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ  سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ

Artosipun: saktemene Ingsun (kami) wus nurunake (Al Quran) ing dalem wengi kamulyan. Lan ngertio sopo siro apa iku malam kamulyan? Malam kamulyan iku luwih apik katimbang sewu wulan. Ing dalem wengi iku wes mudun piro-piro moloikat lan moloikat Jibdril kelawan izin Pengerane halih agawe ngatur piro-piro perkoro. Wengi iku (kebak) kesejahteraan sampai terbite fajar.” (QS. Al Qadr:1-5)

Kaping kalih, wonten ing dalem akhir Ramadhan puniko, nopo kulo penjenengan sami sampun anggadahi kepekaan sosial kito kang meningkat nopo mboten? Kepekaan sosial inggih puniko kados dene kulo panjenengan sami dados anggadahi raos iba menawi mirsane lare-lare Yatim Piatu mboten saget sekolah, utawi mirsani tiyang miskin ingkang urip ipun serba pas-pasan. Menawi dereng, monggo kito pupuk perasaan puniko kanti menyadari bilih manungso niku saktemene makhluk kang lemah. Mboten dahar lan ngunjuk sedinten kemawon tansah ngraosaken luwe lan ngelak. Manungso awalipun mboten gadah nopo-nopo, anangi amargi usaha, piyambake gadah harta. Menawi manungsi sampun gadah harta piyambake kedah emut, bilih sedoyo puniko keranten kehendak Allah SWT. Sampun ngantos ngaku-aku harta puniko semata-mata hasil jerih payah piyambake.. Cobi kito pirsani, kathah tiyang-tiyang ingkang nyambut damel, ananging urip ipun pas-pasan, ugi katah ingkang gadah harta anangi kanti sekejap dipun ilangaken kaliyan gusti Allah SWT kelawan musibah, kados kebakaran, gerah ingkang katah nelasaken harta, gempa bumi, lan lintu-lintunipun. Keranten penting sanget ibadah sosial puniko, sahinggo Allah SWT gabungaken siyam kalian kewajiban zakat sebagai gambaran saking ibadah sosial meniko.

Kaum muslimin siding jumat rahimakumullah,

Kekalih perasaan puniko saget dadosaken pribadi umat Islam kang taqwa. Taqwa puniko inti saking perintah siyam. Allah sampun berfirman wonten Al Quran terkait masalah siyam puniko wonten ing surat Al Baqarah ayat 183.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَععَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

Artosipun: he wong-wong kang beriman, wus den wajibake ing ngatase siro kabeh poso koyo dene wus den wajibake ingatasi wong-wong kang luwih disik sak durunge siro supoyo taqwa siro kabeh (Q.S. Al Baqarah: 183).

Nopo walesane kangge tiyang kang bertaqwa? Tiyang ingkang bertaqwa sepindah bade dipun paring ijalan keluar saking piro-piro masalah ingkang diduweni, sarto dipun paring rezeki kaliyan Allah kelawan piro-piro dalan lan coro ingkang mboten nate diprediksi sakderengipun. Piyambake mboten nglami kekirangan rezeki. Allah SWT sampun dawuh wonten surat At Thalaq ayat 2-3

وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا  وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ

Artosipun: sopo wonge taqwa marang Allah, mongko Allah bakal wujudake dalan. Lan bakal aweh sopo Allah ing wong kang taqwa yoiku rezeki saking dalan kang ora dikiro-kiro.” (Q.S. At Thalaq: 2-3).

Mugi-mugi kulo panjenengan sami kagolong tiyang ingkang bertaqwa. Aamiin.

جَعَلَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنْ الْفَائِزِيْنَ الْامِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُتَّقِيْنَ.

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَمَنْ يَشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ, وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

  اَلْخُطْبَةُ الُثَّانِيَةُ

         اَلْحَمْدُ لِلّهِ ضَامِنِ الْفَلَاحِ لِمَنْ تَمَسَّكَ بِالشَّرْعِ وَوَقَفَ عِنْدَ حُدُوْدِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّم تَسْلِمًا كَثِيْرًا.

        اَمَّابَعْدُ : فَيَااَيُّهَا النَّاسُ !

اِتَّقُوا اللهَ وَاَبْدِلُوا الْفَسَادَ بِا لرَّشَادِ. وَاَصْلِحُوا شُؤُوْنَكُمْ وَقُوْمُوْا عَلى قَدَمِ السَّدَادِ. فَاِنْتَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْا اَنَّما عَلى رَسُوْلِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِيْنُ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ

عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. اللّهُمَ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ وَارْفَعْ لَهُمُ الدَّرَجَاتِ وَضَاعِفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ وَكَفِّرْعَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ وَبَلِّغْ جَمِيْعَ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ خَيْرَيِ الدَّارَيْنِ مَايُؤَمِّلُوْنَ وَانْشُرْ وَافِرَ اِحْسَانِكَ عَلى بَلْدَتِنَا هذِهِ وَسَا ئِرِ بِلَادِ الْاِسْلَامِ. رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِا لْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ امَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.

اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَخْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ

يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ. وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ.

Informasi terkait:

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Selamat Menjalankan Ibadah Puasa 1446 H