Tag dari khutbah bahasa jawa - NU PONOROGO

Khutbah Bahasa Jawa: Ngelingi Owahing Mangsa, Nggugah Elinging Manungsa*
Khutbah Jumat bahasa Jawa tentang owahing mangsa minangka pangeling supaya manungsa tansah eling marang Allah, muhasabah diri, lan ngiyatake iman lan takwa.

Khutbah Kapisan

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ، وَأَجْرَى الرِّيَاحَ وَالسَّحَابَ بِحِكْمَتِهِ، وَجَعَلَ الْمَاءَ سَبَبًا لِلْحَيَاةِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.

Sumangga kula lan panjenengan sedaya sami tansah ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Takwa boten namung kawujud saking kathahipun ibadah, nanging ugi saking resikipun manah, saehipun tindak tanduk, saha tanggel jawab kita dhumateng titahipun Gusti Allah.

Wonten ing wulan Jumadal Ula menika, kita dipunelingaken supados langkung nggatekaken tandha-tandhaning kawicaksanan Allah ing alam. Naminipun Jumadal Ula wonten sesambetan kaliyan kahanan mangsa nalika dipunparingi nami ing jaman rumiyin. Nanging tanggalan Hijriah manut lumampahing rembulan, saéngga wulan menika boten mesthi dumugi ing mangsa ingkang sami. Ingkang wigatos, saben owahing mangsa saged dados pangeling-eling supados manungsa boten kesupen dhumateng Ingkang Maha Kuwasa.

Kadhangkala jawah tumurun deres, kadhangkala sumber toya saya asat. Para among tani ngraosaken owahing wekdal nandur; tiyang sepuh kuwatos nalika udan boten enggal rawuh; masyarakat ing papan sanes kedah langkung waspada nalika udan ageng. Ing jaman samenika, owahing iklim saged nambah bebayaning sawetawis cuaca ekstrem. Sedaya menika ngajak kita eling, bilih gesang manungsa gumantung kaliyan peparingipun Allah, sarta kedah dipuniringi ikhtiar lan kawicaksanan.

Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala paring dawuh wonten ing Surat Al-A’raf ayat 56:

وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا وَادْعُوهُ خَوْفًا وَطَمَعًا ۚ إِنَّ رَحْمَتَ اللَّهِ قَرِيبٌ مِنَ الْمُحْسِنِينَ

Tegesipun: “Lan aja padha gawe rusak ing bumi sakwise bumi iki ditata kanthi becik. Padha nyuwuna marang Allah kanthi rasa wedi lan ngarep-arep marang welas-Asihe. Satemene, rahmate Allah iku cedhak karo wong-wong kang padha tumindak becik.”

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.

Ayat menika maringi piwucal bilih bumi punika amanah, sanes barang ingkang saged dipunagem sakarepe piyambak. Manawi alam dipunrusak, wit-witan dipuntebangi tanpa pangreksan, lepen dipunregedi, utawi toya dipunborosaken, ingkang nandhang akibat asring ugi para tangga teparo lan anak putu kita. Nanging kita ugi boten pareng gampil ngadili tiyang ingkang nandhang banjir utawi kekeringan minangka tiyang ingkang dipunukum Allah. Tugas kita inggih punika nulungi, ndongakaken, saha ngudi sebab-sebabipun kanthi wicaksana.

Pramilo, wonten 3 perkawis ingkang penting kito gatosaken sak lebetipun gesang bebrayan ing masyarakat:

Sepisan, sumangga ngiyataken eling lan syukur. Nalika toya taksih mili, sampun ngantos kesupen bilih punika nikmat. Nalika hawa kraos panas utawi udan boten tumurun, kita saged langkung sregep ndedonga, istigfar, saha introspeksi. Nanging donga kedah dipunsarengi lampah nyata: ngirit toya, ngreksa sumber, lan boten mbucal sampah ing lepen. Tasawuf mucalaken bilih manah ingkang syukur badhe nglairaken tumindak ingkang kebak welas asih.

Kaping kalih, sumangga ngrumat bumi kanthi amal alit nanging ajeg. Rasulullah ﷺ paring piwucal wonten ing hadis ingkang diriwayataken dening Imam Al-Bukhari, bilih tiyang Islam ingkang nandur wit utawi tetanduran, lajeng wohipun dipundhahar manuk, manungsa, utawi kewan, punika kacathet minangka sedekah. Pramila, nandur wit, ngreksa pekarangan, lan njagi resiking lingkungan saged dados ibadah ingkang migunani tumrap kathah makhluk.

Kaping tiga, sumangga ngiyataken guyub rukun. Sebarengan ngresiki got, njagi sumber toya, lan rembugan kanthi tentrem nalika nemtokaken panganggone banyu. Beda pamanggih boten prelu ndadosaken pepisahan, awit paseduluran Islam, sesami warga bangsa, lan sesami manungsa kedah tansah dipunreksa.

Pramilo, sumangga kula lan panjenengan sedaya miwiti saking ingkang prasaja: mateni kran ingkang boten dipunagem, boten mbucal sampah ing saluran, lan nandur utawi ngrumat wit-witan. Para tiyang sepuh saged maringi tuladha dhumateng putra-putrinipun. Sampun ngantos kita saged maringi pitutur bab iman, nanging kesupen njagi peparingipun Allah ingkang wonten ing sacelak kita.

Mugi-mugi owahing mangsa menika dados sabab tangining manah, saya kiyat ibadah kita, saya jembar katresnan kita dhumateng sesami, saha saya temen pangreksa kita dhumateng bumi. Mugi Allah paring jawah ingkang maedahi, nyingkiraken bebaya, saha nuntun kita dados kawula ingkang tansah syukur, sabar, lan tanggel jawab. Amin ya Rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ.  وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَاْرحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ.

Khutbah Kapindu

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَتُوبُ إِلَيْهِ وَنَتَوَكَّلُ عَلَيْهِ.  أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ، لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ.

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا،  فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ : إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ،  يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا،  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ،  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِآبَائِنَا وَأُمَّهَاتِنَا، وَلِمَشَايِخِنَا وَمُعَلِّمِينَا، وَلِعُلَمَائِنَا وَجَمِيعِ مَنْ لَهُ حَقٌّ عَلَيْنَا.

اللَّهُمَّ وَفِّقْ وُلَاةَ أُمُورِنَا لِلْعَدْلِ وَالْحِكْمَةِ وَخِدْمَةِ النَّاسِ، وَاحْفَظْ بِلَادَنَا إِنْدُونِيسِيَا مِنَ الْفِتَنِ وَالْبَلَايَا وَالْمَصَائِبِ، وَأَدِمْ عَلَيْنَا الْأَمْنَ وَالسَّلَامَ وَالْأُلْفَةَ. اللَّهُمَّ ارْحَمِ الضُّعَفَاءَ وَالْمُنْكُوبِينَ، وَارْزُقْنَا قُلُوبًا رَحِيمَةً وَأَيْدِيَ مُتَعَاوِنَةً عَلَى الْخَيْرِ.

اللَّهُمَّ اسْقِنَا غَيْثًا مُغِيثًا، مَرِيئًا مَرِيعًا، نَافِعًا غَيْرَ ضَارٍّ، عَاجِلًا غَيْرَ آجِلٍ. اللَّهُمَّ أَغِثْنَا، اللَّهُمَّ أَغِثْنَا، اللَّهُمَّ أَغِثْنَا. اللَّهُمَّ اسْقِ عِبَادَكَ وَبَهَائِمَكَ، وَانْشُرْ رَحْمَتَكَ، وَأَحْيِ بَلَدَكَ الْمَيِّتَ.

اللَّهُمَّ اجْعَلِ الْمَطَرَ رَحْمَةً وَبَرَكَةً، وَلَا تَجْعَلْهُ سَبَبًا لِلضَّرَرِ وَالْهَلَاكِ. اللَّهُمَّ بَارِكْ فِي مِيَاهِنَا وَزُرُوعِنَا وَأَرْزَاقِنَا، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَاجْعَلْنَا مِنَ الشَّاكِرِينَ الْمُحْسِنِينَ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ ۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ.

*Dr. Ahmad Junaidi, M.H.I., Dosen Ilmu Falak Fakultas Syariah UIN Kiai Ageng Muhammad Besari

Ingin versi Word, download di sini!

The post Khutbah Bahasa Jawa: Ngelingi Owahing Mangsa, Nggugah Elinging Manungsa* appeared first on NU PONOROGO.

Nuladhani Ta’atipun Nabi Ibrahim AS dan Nabi Isma’il AS Marang Allah Swt
Kaum Muslimin yang dirahmati Allah Swt., sebentar lagi kita akan menyambut hari Raya Idul Adha 1447 H. Untuk itu, Tim redaksi NU Online Ponorogo telah menyiapkan teks khutbah Idul Adha berbahasa Jawa. Khutbah Idul Adha kali ini berjudul “Nuladhani Ta’atipun Nabi Ibrahim AS dan Nabi Isma’il AS Marang Allah Swt.”

اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)

اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا, وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا, لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ , مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ , لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ , صَدَقَ وَعْدَهُ , وَنَصَرَ عَبْدَهُ , وَأَعَزَّ جُنْدَهُ , وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ – لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَ كْبَرُ – اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ … اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَعَلَ يَوْمَ الْأَضْحَى عِيْدًا وَمَوْسِمًا لِلْخَيْرَاتِ وَالطَّاعَاتِ ، وَتَكْفِيْرِ الذُّنُوْبِ وَالرَّفْعَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ , شَهَادَةً نَرْجُوْ بِـهَا الْفَوْزَ يَوْمَ الْمَقَامَاتِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، خَاتَـمُ النَّبِـيِّـيْنَ وَإِمَامُ الْمُتَّـقِيْنَ . اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَيْهِ ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ . أَمَّا بَعْدُ

إِخْوَانِيْ رَحِمَكُمُ اللهُ ، اِعْلَمُوْا أَنَّ هَذَا الْيَوْمَ الْأَزْهَرَ، هُوَ يَوْمُ الْعِيْدِ الْأَكْبَرُ ، فِيْهِ يُعْمَلُ أَكْثَرُ أَعْمَالِ الْحَجِّ ، وَهُوَ يَوْمٌ مِنْ أَيَّامِ الشَّهْرِ الْحُـرُامِ . اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ

فَيَا عِبَادَ اللهِ ، أُوْصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ

قِيْلَ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَـحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓـــاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

Wonten ing awal khutbah rioyo ‘idul Adha puniko, sumonggo kito andhapaken ati lan ngunjuaken syukur dumateng Gusti Allah SWT, kranten kanthi rahmatipun ingkang rumentah dateng kito sedoyo, katitik saking panjang yuswo panjenengan dalah kulo, sahinggo kito saged hadir nglaksanakaken shalat sunah ‘idul adha, kempal manunggal wonten ing papan panggenan ingkang kebag barokah puniko, kanthi sihat wal ‘afiat.

Sholawat tuwin salam tansah kunjuk dumateng junjungan kito, kanjeng Nabi Muhammad SAW soho kaluwargo, sohabat, lan pendherekipun. Mugiyo kito dipun kempalaken teng akhirat, pinayungan rahmatipun Gusti Allah SWT. Aamiin ya robbal ‘alamiin

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

اِعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ , هٰذَا يَوْمُ عِيْدِ الْأَضْحَى

Yekti bilih dinten puniko dinten rioyo kagem panjenengan sedoyo. Dinten meniko lah ingkang kasebat ‘idul adha, dinten ingkang minulyo. Wonten ing Makkah al-Mukarromah, jutaan manungso saking sekabehing bongso, ingkang kulit badanipun rupinipun maneko warno, ingkang adat budayanipun bedo, sedoyo manunggal roso ing Makkah al-Mukarramah. Nglaksana-aken ritual ibadah ingkang sami urutanipun, tanpo rubedo, tanpo cecongkrahan, tanpo rumongso paling ngalim utowo paling pinunjul, sedoyo sami ngibadahipun nggih puniko “haji”.

اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

Saklajengipun, ing dinten ingkang minulyo puniko, kawulo paring wasiat dateng badan kulo piyambak, sumrambah dumateng panjenengan sedoyo. Bilih sumonggo kito tingkat-aken kandeling iman soho taqwa kito dumateng Gusti Allah SWT, kados ingkang sampun dipun tuladani dening Nabi Ibrahim AS lan Nabi Isma’il AS, ingkang tansah siogo ing gati, ngurbanaken punopo kemawon murih ridhaning Gusti.

Rioyo ‘idul adha puniko, sak lintunipun kathah hikmah gegayutan kalian ibadah haji, sayektinipun ugi kathah hikmah gegayutan kalian konsep kesabaran lan kepatuhan dumateng Gusti Allah SWT. Rikolo semanten, Nabi Ibrahim AS pikantuk perintah saking Gusti Allah SWT kapurih mragat keng putro kinasih, nggih puniko Nabi Isma’il AS. Wondene mragat nggih kedah kanthi astanipun Nabi Ibrahim AS piyambak, dipun sakseni piyambak, lan kanthi kepatuhan nampi taqdir tanpo mbalelo.

Kasebat wonten ing al-Qur’an Surah As-Shofat ayat 102

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَـحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓـــاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ

Menggah artosipun: “kamongko nalikaning keng putro sampun dumugi titi wancining mongso kolo (umur sampun cekap) saged sesarengan makaryo, (Nabi Ibrahim AS) ngendikan: “duh putraku, sak temene aku pikantuk perintah (saking Gusti Allah SWT) ono ing ngimpi, yoiku aku mragat sliramu. Kamongko pikirno kepriye pendapatmu.” (Nabi Isma’il AS) mangsuli: “duh romo, sumonggo panjenengan tindakaken punopo ingkang dipun printahaken (dening Gusti Allah SWT), insya Allah panjenengan badhe manggihi kulo kalebet golonganipun priyantun ingkang sabar.”

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

Wonten ing sejarah puniko, kita saged sinau saking kalih tiyang ingkang mirunggan, inggih punika Nabi Ibrahim AS, ingkang mboten namung mituhu dados abdi, nanging ugi dados bopo ingkang tegas, saged ngarahaken katresnanipun dhateng putranipun supados manut dhateng Gusti Allah SWT. Makatên ugi Kanjeng Nabi Isma’il AS, kanthi keteguhanipun, nedahaken bilih jiwanipun botên goyah nadyan dipun dhawuhi pasrah nyawanipun.

Nalika Nabi Ibrahim AS wus nyiapke putrane, kanthi gaman kang landhep wis disiapake ing tangane, lan Nabi Isma’il AS ugi sampun pasrah lan iman marang dhawuhipun Gusti Allah SWT, saknaliko ing wektu iku ana printah tumurun saking Gusti Allah SWT, yen kabeh iku mung pinangka ujian iman, yen Gusti Allah SWT ora bakal nyabut nyawane Nabi Isma’il AS. Banjur Gusti Allah SWT paring ganti Nabi Ismail AS kelawan kewan kurban ingkang dibeto Malaikat Jibril saking suwargo.

Wonten ing Al-Qur’an Surah As-Shofat ayat 105 – 107 kasebat:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَاۚ اِنَّا كَذٰلِكَ نَـجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ . اِنَّ هٰذَا لَـهُوَ الْبَلٰۤـؤُا الْمُبِيْنُ . وَفَدَيْنٰهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ

Artosipun: “temen-temen siro wus mbenerake impen (kanthi ngleksanani printah sajroning impen yoiku babagan mragat putro). Saktemene mangkono iku, ingsun (Allah) bakal paring piwales marang wong-wong kang padha gawe kabecikan. Yekti (printah mragat putro) iki anamung pacoban kang cetho mawelo-welo. Lajeng den tebus (keng putro iku) kelawan kewan kang agung (Yaiku wedhus gibasy kang putih, kang gedhe, tur sing duwe sungu, kang den beto dening Malaikat Jibril saking suwargo).”

اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

Hanenggih menikolah hakekat ‘Idul Adha, hanenggih tunduk patuh lan nampi punopo kemawon ingkang dipun printahaken dening Gusti Allah SWT, kados ingkang den gambaraken wonten ing sejarahipun Nabi Ibrahim AS, ugi ikhlas tuwin sabar kados Nabi Isma’il AS. Sejatosipun, wonten ing babagan meniko, Nabi Ibrahim mboten namung mragat utawi nyembelih qurban, nanging ugi ngeculaken raos nduweni, mbuwang ego, lan ngilangaken raos ajrih kang ngalangi saking sakabehane ta’at marang Gusti Allah SWT.

Piwulang ingkang saged kito pendhet saking sejarah puniko, hanenggih kados pundi kito kedah nampi sedoyo takdir saking Gusti Allah SWT, kanthi raos kang ikhlas lan yakin, mboten sambat, mboten nesu, lan mboten mbalelo, bilih sedoyo puniko saestu ingkang paling sae kangge kito. Wonten ing konsep meniko, saged dipun tuladhani kados pundi naliko Nabi Ibrahim AS lan Nabi Isma’il AS pasrah lan nampi sedoyo takdir, jebul kasunyatane Gusti Allah SWT boten ndadosaken Nabi Isma’il AS minangka kurban, nanging malah paring gantos kurban awujud kewan suwargo.

Pramilo, Nabi Ibrahim AS paring piwulang dateng kito babakan sejatining katresnan ingkang mboten ngluwihi katresnan dumateng Gusti Allah SWT. Wondene Nabi Isma’il AS paring piwulang babakan maknanipun sabar, ikhlas, lan nrima takdir. Hanenggih menikolah pinongko tulodho tumraping manungso: bilih dados abdi utawi makhluq kudu manut tanpo syarat, lan tetep tabah naliko diuji kanthi pangurbanan kang gedhe. Pancen kito dipun parengaken tresno dhateng dunyo sak isinipun, kalebet kulowargo ingkang wonten ing ndalem, kalebet bondho ingkang sampun kito padosi kanthi jungkir walik gobyos kringet, kalebet kehormatan lan status sosial ingkang sampun kito bangun setahap demi setahap kanthi susah payah, ananging… sedayanipun kedah mboten pareng ngluwihi katresnan kito dhumateng Gusti Allah SWT.

Sampun wonten paugeran ing Al-Qur’an Surah At-Taubah ayat 24:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

قُلْ اِنْ كَانَ اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْ وَاِخْوَانُكُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيْرَتُكُمْ وَاَمْوَالُ ﻥ اِقْتَـرَفْتُمُوْهَا وَتِـجَارَةٌ تَـخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسٰكِنُ تَرْضَوْنَـهَآ اَحَبَّ اِلَيْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَجِهَادٍ فِيْ سَبِيْلِهٖ فَتَرَبَّصُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللّٰهُ بِاَمْرِهٖۗ وَاللّٰهُ لَا يَـهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ

Menggah artosipun: “dawuhno (Muhammad): “kalamunto bapak-bapakniro, putro-putriniro, sedulur-sedulurniro, garwoniro, keluarganiro, bondho dunyo kang siro budidoyo, lan babakan dol-tinuku kang siro wedi tuno, lan papan panggonan kang siro senengi, Lha kok ngluwihi tresno siro marang Gusti Allah lan Rasul-ipun lan jihad ing sabilillah, kamongko entenono nganti Gusti Allah nurunaken keputusanipun.” Yekti Gusti Allah iku ora nuntun wong-wong kang fasik.”

اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

Saking sejarahipun Nabi Ibrahim AS lan Nabi Isma’il AS meniko, ugi saged pikantuk piwulang bab ikhlas. Kados pundi tiyang ingkang ikhlas ngabdi dhateng Gusti Allah SWT, saged pikantuk pitulungan lan kamulyan. Wondene kang aran ikhlas, yoiku tegese resik soko rereged lan nggawe samubarang resik lan ora reged. Dados, ingkang kasebat “priyantun kang ikhlas” nggih meniko priyantun ingkang nindakaken agamanipun namung kagem Gusti Allah SWT, kanthi manembah dumateng Panjenenganipun, lan ugi mboten riya’ (hanggadahi raos pamer) ing tumindak becik.

Sak lintunipun meniko, kang aran ikhlas tegesipun hanenggih niat namung pados ridho saking Gusti Allah SWT. Ateges ngresiki niat saking sembarang rereged mbebayani. Priyantun kang ikhlas niku kados umpamane tiyang ngresiki beras saking krikil lan watu cilik ing nampan tampah, ngantos beras saged resik sahinggo banjur dipun masak teng pawon. Kalamunto menawi beras taksih reged mboten dipun resik-i banjur langsung dimasak, kamongko bakal dahar sekul campur krikil watu cilik.

Pramilo yekti bilih raos ikhlas puniko ndadosaken amal kabecikan dados nikmat, mboten kesel, lan sedaya pengorbanan mboten kraos abot. Raos ikhlas ugi nuwuhaken raos nrimo ing pandum takdir, banjur nuwuhaken raos kandel ing iman dumateng Gusti Allah SWT, pasrah sekabehane dumateng Gusti Allah SWT. Lan kanthi kandel ing iman dumateng Gusti Allah SWT, kito saged tansoyo celak kaliyan Gusti Allah SWT. Yekti kalamunto kito tansoyo celak kaliyan Gusti Allah, pamula Gusti Allah bakal nresnani lan nyukupi kabeh kebutuhan kito.

Sampun kasebat wonten ing al-Qur’an surat ath – Thalaq ayat 3:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

… وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا

Ingkang artosipun: “Sinten kemawon ingkang tawakkal dumateng Gusti Allah SWT, yekti Gusti Allah bakal nyukupi sekabehane keperluane. Saktemene Gusti Allah niku ingkang ngrampungaken urusanipun. Sayekti Gusti Allah sampun ndamel paugeran tumraping samubarang.”

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

Sumonggo kito nalikaning kondur saking shalat ‘idul Adha meniko, kanthi mbeto semangatipun Nabi Ibrahim AS ugi Nabi Isma’il AS. Sumonggo kito kirangi raos katresnan marang dunyo, kito singkiraken ego, lan dipun gantos kanthi ikhlas lan taqwa ingkang sejati. Kito kedah mbudidoyo nuladhani Nabi Ibrahim AS ugi Nabi Isma’il AS, ingkang mituhu lan nresnani Gusti Allah kanthi katresnan ingkang sejati.

Kito wajib gegondelan Al-Qur’an Surah An-Nisaa’ ayat 125:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

وَمَنْ اَحْسَنُ دِيْنًا مِّمَّنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَّاتَّبَعَ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ وَاتَّخَذَ اللّٰهُ اِبْرٰهِيْمَ خَلِيْلًا

“Lan Sopo wong e kang luwih becik agamane tinimbang wong kang masrahake awake marang Gusti Allah, pamulo dheweke iku kasebut “muhsin” (wong kang nindakake kabecikan) lan manut agamane Nabi Ibrahim kang hanif? Gusti Allah wus ndadèkaké Nabi Ibrahim dadi kekasihé.”

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

Mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kito kalebet umatipun ingkang pikantuk hidayah lan tansah pasrah dumateng Panjenenganipun wonten ing sedoyo kawontenan, lan mugi-mugi ibadah kito dipun tampi kados dene Gusti Allah nampi ibadah qurbanipun Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم ِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ . أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ

اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيرًا ، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي السَّمٰوَاتِ وَالْأَرْضِ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي شَرَعَ لِعِبَادِهِ ٱلْأُضْحِيَةَ تَذْكِرَةً بِفِدَاءِ خَلِيْـلِهِ ، وَجَعَلَ أَيَّامَ ٱلنَّحْرِ مَوَاسِمَ قُرُبَاتٍ وَرَفْعَاتٍ فِيْ سَبِـيْـلِهِ ، نَـحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَنَسْتَعِيْـنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ ، وَنَعُوْذُ بِهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا . أَشْهَدُ أَنْ لَااِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ، وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِ ، وَدَعَا بِدَعْوَتِهِ ، وَتَأَسَّى بِسُنَّتِهِ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ , اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ . فَانْظُرُوْا أَنَّ أَعْظَمَ الْقُرْبَاتِ فِيْ هٰذِهِ الْأَيَّامِ مَا قُدِّمَ فِيْهَا مِنْ دَمٍ يُـــبْتَغَى بِهِ وَجْهُهُ ، وَمَا طَابَ فِيْهَا مِنْ نَفْسٍ تُرِيْدُ رِضَاهُ فَأَكْرِمُوْا هٰذِهِ الْمَوَاسِمَ ، فَإِنَّهَا أَيَّامُ رَحْمَةٍ وَنَفَحَاتٍ وَتَـجَلِّـيَاتٍ مِنْ عِنْدِهِ . وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلَٓائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللهَ وَمَلَٓائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ , كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ , وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ , كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ , فِيْ الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ . اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ . اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَٓاءَ وَالْغَلَٓاءَ وَالْوَبَٓاءَ وَالْفَحْشَٓاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَن َ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَآصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً ، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ , وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ , يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Sumber Materi Khutbah : KH Mahfuddin, Ketua LTM PCNU Ponorogo Jawa Timur

Editor Penulisan Materi : Marsudi, Sekretaris LTM PCNU Ponorogo Jawa Timur

Download file PDF Khutbah Idul Adha 1447 H

The post Nuladhani Ta’atipun Nabi Ibrahim AS dan Nabi Isma’il AS Marang Allah Swt appeared first on NU PONOROGO.

Cobaan, Kesabaran dan Berkurban – Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa NU
Assalamualaikum, Wr., Wb.

Jamaah Nahdliyin yang dirahmati Allah, sebentar lagi kita akan menyambut hari Raya Idul Adha 1446 H. Untuk itu, Tim redaksi NU Online Ponorogo telah menyiapkan teks khutbah Idul Adha berbahasa Jawa. Khutbah Idul Adha kali ini berjudul “Cobaan, Kesabaran dan Berkurban.”

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Khutbah I

اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)       اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)     اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)

اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا , وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا , وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا , لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ , مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ , لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ , صَدَقَ وَعْدَهُ , وَنَصَرَ عَبْدَهُ , وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ – لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَ كْبَرُ   –   اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ …  اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ الْأَضْحَى . أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلٰهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الْجَنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ , وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المْـُسْتَقِيْمِ –  اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مَنْ أُنْزِلَ إِلَيْهِ الْفُرْقَانُ سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن , أَمَّا بَعْدُ

إِخْوَانِيْ رَحِمَكُمُ اللهُ ، اِعْلَمُوْا أَنَّ هَذَا الْيَوْمَ الْأَزْهَرَ، هُوَ يَوْمُ الْعِيْدِ الْأَكْبَرُ ، فِيْهِ يُعْمَلُ أَكْثَرُ أَعْمَالِ الْحَجِّ ، وَهُوَ يَوْمٌ مِنْ أَيَّامِ الشَّهْرِ الْحُـرُامِ

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ

فَيَآ أَيُّهَا المْـُؤْمِنُوْنَ , أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المــُــتَّقُوْنَ ,  وَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَـاتِهِ , وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ  . قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْـكَرِيْمِ :

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ  , بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ   فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ   اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

Kumandang takbir maringi pratondho, bilih kito taksih kaparingan panjang yuswo, saged pinanggih dinten harioyo. Pramilo sumonggo, tansah ngunjukaken pujo puji syukur kito, wonten ngarsanipun Gusti Allah, Gusti ingkang Moho Kuwoso, Gusti ingkang wajib sinembah dening makhluk sedoyo. Sumonggo kito tansah ningkataken taqwa, kanthi sendiko dawuh nglampahi perintah saking Gusti Allah, dipun sarengi nebihi awisanipun kanthi mutlak mboten mbalelo. Mugi-mugi kanthi mekaten puniko, kito saged pikantuk rahmatipun Gusti Allah, sahinggo wonten ing dunyo ngantos akhirat tansah bejo mulyo.

Sholawat tuwin salam mugiyo tansah kalimpahaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, pinongko uswatun hasanah, titah pinilih ingkang dados panuntun umatipun kanthi tulodho ingkang sae, mbedhol saking jaman jahiliyah lumebet jaman islamiyah, ingkang kebag barokah rahmah lan hidayah saking Gusti Allah. Mugi-mugi kanthi asring maos sholawat, kito dipun akui dados umatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW sahinggo pikantuk syafa’at ipun  …  aamiin.

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

اِعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ  ,  هٰذَا يَوْمُ عِيْدِ الْأَضْحَى

Mangertoso bilih saestu dinten meniko dinten sae kagem panjenengan sedoyo. Nggih dinten meniko kawastan dinten harioyo ‘idul adha. Dinten harioyo ‘idul adha puniko dinten ingkang minulyo. Mangertoso bilih wonten ing tlatah Makkah al-Mukarromah, wonten ing tanah suci mriko, jutaan manungso saking sedoyo bongso negoro, ingkang wujud kulit badanipun nggih maneko warno, ingkang adat budayanipun nggih bedo, sak meniko kempal manunggal sowan wonten ing baitullah. Nindakaken reroncening urutan ibadah ingkang sami, mboten wonten ingkang salang surup, mboten wonten ingkang debat eyel-eyelan rumaos paling bener caranipun ibadah, sedoyo nindakaken paugeran ingkang sampun ginaris tanpo mbalelo, nggih puniko ibadah haji.

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

Bilih ibadah haji puniko kalebet salah satunggalipun Rukun Islam. Pramilo awit saking puniko, sedoyo priyantun ingkang agaminipun islam, nggih kedah nglampahi ibadah haji. Ananging, ibadah haji puniko termasuk istimewa menawi dibandingaken Rukun Islam lintunipun. Menawi Rukun Islam lintu kados to Syahadat, Sholat, lan Poso, meniko wajib dipun laksanaken tanpo mbeda-aken situasi lan kondisi. Bahkan masio kondisi nembe dipun ancam punopo kemawon, syahadat niku tetep wajib. Masio situasi perang, sholat niku tetep wajib. Masio kondisi panas ngenthak-ngenthak, poso niku tetap wajib. Mboten wonten alasan kok mboten wajib. Ananging menawi haji, meniko namung dipun wajibaken tumraping priyantun ingkang kuwaos. Tegese kuwaos puniko nggih biaya, kondisi badan, situasi keamanan, lan lintunipun. Pramilo awit saking puniko, priyantun ingkang saged nglampahi haji puniko anamung priyantun ingkang pinilih. Estu – estu pinilih, minulyo, lan priyantun ingkang bejo kemayangan. Sampun lumrah kasebat bilih “ibadah haji merupakan panggilan Allah SWT”. Pramilo sampun lumrah ugi, menawi wonten priyantun ingkang masio kalebet priyantun kuwaos ananging dereng tindhak haji kranten “dereng pikantuk timbalan”. Bahkan nate wonten kedadosan, priyantun sampun daftar haji, sampun siap bidal, sampun dugi bandara, nuli ngertos pesawat langsung ajrih mbalik wangsul mboten purun bidal haji.

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

ibadah haji dipun syari’ataken miturut tindak lampahipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam. Wonten al-Qur’an surat Al-Hajj ayat 27, dipun jelasaken perintah saking Gusti Allah dumateng Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam nimbali sedoyo manungso amrih tindak Makkah sakperlu nglaksana-aken ibadah haji. Mekaten suraosipun:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

وَاَذِّنْ فِى النَّاسِ بِالْحَجِّ يَأْتُوْكَ رِجَالًا وَّعَلٰى كُلِّ ضَامِرٍ يَّأْتِيْنَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ عَمِيْقٍ

Menggah artosipun: “(Ibrahim) timbalono marang manungso kelawan perintah nglaksana-ake ibadah haji, yekti poro manungso bakal tumeko kelawan mlaku lan numpak unto kang kuru soko sekabehing tlatah kang adoh.”

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

Rikolo semanten, tlatah Makkah taksih awujud padang pasir kang sepi mamring mboten wonten ingkang njamah, dereng wonten ingkang manggeni. Lajeng Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam pikantuk perintah saking Gusti Allah amrih manggen wonten ing Makkah. Ingkang kados puniko pinongko pacoban tumraping Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam, kranten keng garwo, nggih puniko ibu Siti Hajar nembe ngandut nuli nglahiraken keng putro, nggih puniko Nabi Ismail ‘alaihis-salam. Menawi saged kito angen-angen, sepinten awratipun pacoban puniko. Satunggaling kaluwargo ingkang nembe gadhah putro, lajeng manggen wonten panggenan ingkang mboten wonten tanggi tepalihipun. Cobaan dereng kendhat semanten. Gusti Allah paring pacoban malih arupi perintah amrih Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam kondur dateng negaranipun lan ninggalaken keng Garwo ugi keng Putro ing tlatah Makkah. Padahal tlatah Makkah taksih sepi mamring arupi padhang gurun pasir mboten wonten manungso nipun. Saestu awrat sanget raosipun. Pramilo naliko Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam badhe mlampah kondur, keng garwo nuli nyuwun pirso: “teng nopo kok tego ninggalaken?” Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam mboten kumowo paring wangsulan, namung ndingkluk nglajengaken lampah ninggalaken keluwarganipun. Keng garwo, nggih puniko ibu Siti Hajar nampi kasunyatan meniko kanthi lilo masio keronto-ronto. Tinambah malih nalikaning keng putro, nggih puniko Nabi Ismail ‘alaihis-salam ingkang taksih bayi, nangis mboten kanten-kantenan mbetahaken tuyo unjukan. Ibu Siti Hajar bingung nuli age-age pados tuyo, mlajar dateng bukit Shofa, mboten manggihi tuyo. Mlajar malih dumugi bukit Marwa, mboten manggihi tuyo. Mekaten ngantos mbolak-mbalik ambal kaping pitu (tindak lampah puniko ingkang sakmeniko dados prosesi ibadah sa’i wonten ing haji). Sahinggo Gusti Allah paring pitulung, arupi maringi sumber tuyo ingkang mijil saking ngandhap sukunipun jabang bayi Nabi Ismail ‘alaihis-salam.

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

Pacobanipun kaluwargo Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam taksih dereng rampung. Nalikanipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam sampun kaparingan perintah saking Gusti Allah amrih nglempak malih dateng Makkah, nuli gesang bebrayan kanthi sae. Kranten sampun wonten sumber tuyo, pramilo tlatah Makkah milai wonten ingkang manggeni lan milai kathah penduduk. Kaluwargo Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam dados kaluwargo ingkang minulyo lan keng putro, hanenggih Nabi Ismail ‘alaihis-salam milai ngancik dados sinoman ingkang bagus praupan lan bagus akhlaq-ipun. Ananging Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam pikantuk perintah malih saking Gusti Allah, amrih ngurbanaken keng putro. Yekti awrat sanget pacoban puniko, hanenggih kapurih ngurbanaken hal ingkang paling dipun tresnani. Prasasat umpami kepareng milih, kamongko Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam pilih badanipun piyambak ingkang dipun kurbanaken, sanes keng putro kinasih. Ananging meniko perintah saking Gusti Allah, mboten saged dipun owahi, mboten kepareng mbalelo. Pramilo kanthi keronto-ronto, Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam rerundingan kelawan keng garwo lan keng putro gegautan kaliyan perintah kurban puniko. Nguningani bilih perintah kurban puniko saking Gusti Allah, lajeng keng putro, hanenggih Nabi Ismail ‘alaihis-salam, nuli matur dumateng Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam, kados kaserat wonten al-Qur’an surat as-Shoffat ayat 102

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

… قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ

Artosipun: “(Nabi Ismail ‘alaihis-salam) matur: duh Bapak kulo, monggo panjenengan lampahi punopo ingkang dipun printahaken (Gusti Allah) dumateng panjenengan. Panjenengan badhe nemahi kulo, insya Allah, kulo kalebet tiang-tiang ingkang sabar.”

Ringkesing kedadosan, akhiripun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam kanthi manah ingkang sumeleh tawakkal dumateng Gusti Allah, siogo ing gati badhe nglampahi perintah ngurbanaken keng putro kinasih. Semanten ugi Nabi Ismail ‘alaihis-salam kanthi manah ingkang madhep manteb dumateng Gusti Allah, siogo dipun kurbanaken.

Ananging Gusti Allah meniko mboten sare, saestu bilih Gusti Allah meniko mboten sare. Lan perlu dipun mangertosi bilih menawi manungso puniko manut perintahipun Gusti Allah, kamongko mesthi bakal mulyo ora bakalan ino sengsoro. Pramilo pangurbananipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam kaliyan Nabi Ismail ‘alaihis-salam ingkang manut madhep manteb mboten mbalelo, akhiripun kaganjar kamulyan. Nabi Ismail ‘alaihis-salam ingkang badhe dipun kurbanaken, langsung dipun slametaken lumantaran Malaikat Jibril ingkang mindah posisi Nabi Ismail ‘alaihis-salam lan nggantos kelawan domba / kibasy. Akhiripun ingkang disembelih dados kurban nggih domba puniko.

اَللهُ أَ كْبَرُ   اَللهُ أَ كْبَرُ   اَللهُ أَ كْبَرُ  وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

Sejarah Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam paring tulodho tumraping kito. Bilih mboten wonten kamulyan tanpo pacoban. Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam ingkang diparingi pacoban kathah lan akhiripun lulus puniko, pikantuk kamulyan arupi gelar Khalilullah, kekasihing Gusti Allah, gelar Ulul Azmi, priyantun ingkang nggadahi kesabaran luar biasa, lan gelar Abul Anbiya’, bapak ipun poro Nabi kranten kathah anak turunipun ingkang dados Nabi.

Menawi kito angen-angen, sejatosipun sedoyo Nabi Rasul puniko nampi pacoban ingkang maneko warno. Nabi Adam ‘alaihis-salam kacubo kanthi garwanipun ingkang ngajak mbalelo duroko saking awisanipun Gusti Allah arupi dahar woh-wohan quldi. Nabi Nuh ‘alaihis-salam kacubo kanthi putranipun ingkang mbalelo mboten purun miturut dawuhipun Gusti Allah amrih nitih prau. Nabi Ya’qub ‘alaihis-salam kacubo kanthi putra-putranipun ingkang mboten rukun sahinggo iri dengki. Nabi Yusuf ‘alaihis-salam kacubo kanthi wong wadon kang nggudho ngajak tumindhak olo. Nabi Ayyub ‘alaihis-salam kacubo kanthi badan ingkang kebak penyakit. Nabi Isa ‘alaihis-salam kacubo kanthi shohabatipun ingkang khianat. Nopo malih Nabi Muhammad SAW, kathah sanget pacobanipun.

Sedoyo Nabi ingkang nampi pacoban, mesthi dipun tampi kanthi jembaring manah. Kalamunto rumaos keronto-ronto, niku namung sedelo, kranten sekabehing Nabi niku nggih titah manungso. Nabi Muhammad SAW nalikaning nampi pacoban dipun tinggal wafat dening keng garwo, Siti Khadijah lan ugi paman Abu Thalib, nggih ngraosaken susah manahipun. Pramilo wekdal niku kawastan “amul husni” utawi tahun belosungkowo. Ananging saksampunipun tinampi kanthi sumeleh kebag kesabaran, lajeng Nabi Muhammad SAW pikantuk mukjizat isra’ mi’raj.

اَللهُ أَ كْبَرُ   اَللهُ أَ كْبَرُ   اَللهُ أَ كْبَرُ  وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

Pacoban puniko gegautan kaliyan kesabaran. Sinten kemawon ingkang nembe nampi pacoban, kedah sabar. Ingkang mekaten puniko miturut perintahipun Gusti Allah wonten ing al-Qur’an surat al-Baqoroh ayat 153

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ

Menggah  artosipun: “he wong-wong kang podo iman, nenuwun-o pitulungan (marang Gusti Allah) kelawan sabar lan sholat. Sak temene Gusti Allah iku nyertani marang wong-wong kang sabar.”

Pramilo Nabi Ismail ‘alaihis-salam nalikanipun mangertos badhe dipun kurbanaken, lajeng mbudidoyo nyenyuwun dumateng Gusti Allah amrih didadosaken tiyang ingkang sabar. Semanten ugi, Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam lan Siti Hajar nyenyuwun dumateng Gusti Allah amrih dipun mantebaken imanipun sahinggo mboten goyah. Naliko wonten setan ingkang nyobi nggudo amrih mboten tamtu kaleksanan kurbanipun Nabi Ismail ‘alaihis-salam, pramilo setanipun dipun balang watu dening Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam (tindak lampah puniko ingkang sakmeniko dados prosesi ibadah lempar jumroh wonten ing haji). Keluarganipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam, sedoyo sampun manteb bilih perintah Gusti Allah puniko wajib dipun laksanaaken kanthi sabar lan jembar manah, murih ridhaning Gusti Allah, sahinggo benjang wonten akhirat, saged nemahi karaharjan. Ketaqwa-anipun Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam sak kaluwargo puniko kedah kito tuladani. Pripun amrih kita sak garwo sak putro saged ngabekti ngibadah kanthi sae dumateng Gusti Allah. Pripun amrih kito mboten kabujuk dunyo lan tetep teguh mbudidoyo kesaenan akhirat. Kranten Gusti Allah sampun dawuh wonten ing al-Qur’an surat al-An’am ayat 32 ingkang suraosipun

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَعِبٌ وَّلَهْو ٌ ۗ  وَلَلدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ

Artosipun: “Lan ora ono panguripan ing dunyo iku kajobo mung dolanan lan guyonan. Lan yekti nagari akhirat iku luwih becik tumraping wong-wong kang taqwa. Kamongko opo siro ora ngerteni?.”

اَللهُ أَ كْبَرُ   اَللهُ أَ كْبَرُ   اَللهُ أَ كْبَرُ  وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

Kito sami mangertosi bilih kito umat islam puniko, mboten dipun perintah ngurbanaken putro kados perintah ingkang dipun tampi Nabi Ibrahim ‘alaihis-salam. Kito dipun perintah amrih ngurbanaken bondho kemawon, nggih puniko arupi kewan qurban. Sejatosipun menawi kita nyembelih kewan qurban, mboten ateges kito ngaturaken daging lan getih kewan qurban dumateng Gusti Allah. Ananging kito namung ngaturaken ketaqwaan kito ingkang sendiko dawuh nglampahi perintah kurban. Kados mekaten puniko sampun dipun jelasaken wonten al-Qur’an surat al-Hajj ayat 37

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُـحـُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ

artosipun: “ora tumekan marang Gusti Allah sekabehane daging (kewan qurban) lan getih–e, ananging kang tumekan marang Gusti Allah yoiku taqwa siro kabeh.”

Hadirin kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah …

Daging kewan qurban dipun tasyarufaken dumateng tanggi tepalih fakir miskin. Wondene ingkang berqurban nggih kepareng menawi nderek dahar daging kewan qurban. Ingkang baku, konsep tasyaruf utawi pembagian daging kewan qurban meniko, miturut ilmu sosiologi, meniko sae sanget sak perlu ngraketaken anggota masyarakat. Kito saged mirsani, naliko wonten tiyang ingkang pikantuk daging kewan qurban, wajahipun sumringah bungah. Masio daging kewan qurban ingkang dipun bagi mboten kathah ingkang tinampi, ananging raos manah mesthi bungah. Kranten sedoyo niku wau pikantuk berkah.

Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring berkah rahmah dumateng kito, sahinggo kito saged nglampahi ibadah qurban, saged tindak haji, lan saged ngrekso kaluwargo sahinggo sakinah mawaddah wa rahmah. Aamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ   وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ   وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ  , بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ   فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ   اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ

وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ

Khutbah II

اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)       اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)     اَللهُ أَ كْبَرُ

اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا , وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا ، لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ

وَاللهُ أَ كْبَرُ ,  اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ ,  وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ الطَّاهِرِيْنَ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّـبِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِـإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .

أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْ لُهُ .

أَمَّا بَعْدُ .  فَيَا عِبَادَ اللهِ ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ

فَقَالَ اللهَ تَعَالَى جَلَّ جَلاَلُهُ عَلِيْمًا : إِنَّ اللهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلـُّـوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الـَّذِيْنَ آمَنُوا صَلـُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ ، وَتَابِعِـى التَّابِعِيْنَ لَـهُمْ بِـإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ  وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ ، وَاْلـمُسْلِمِيْنَ وَاْلـمُسْلِمَاتِ ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ , اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَاُمَّتَنَا ، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا ، وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا ، صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا ، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ ,  اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْـمُسْلِمِيْنَ , اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ

اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلـمُنْكَرَ وَاْلبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ اْلـمُخْتَلِفَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَآصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ , وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا , رَبَّنَآ اِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ

رَبَّنَآ اَتْـمِمْ لَنَا نُوْرَنَا وَاغْفِرْ لَنَاۚ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عِبَادَ الله . اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ  يَعِظُكُمْ لَعَلـَّكُمْ تَذَّ كَّـرُوْنَ  فَاذْ كُـرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ  يَذْ كُـرْكُـمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْ كُـمْ

وَ لَذِكْـرُ اللهِ اَكْبَرُ

Sumber Materi Khutbah     : LTM NU Ponorogo Jawa Timur

Editor Penulisan Materi     : Marsudi, Sekretaris PC LTM NU Ponorogo Jawa Timur

The post Cobaan, Kesabaran dan Berkurban – Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa NU appeared first on NU PONOROGO.

Refleksi “Kesaktian” Wulan Romadhon – Khutbah Idul Fitri Singkat NU
Refleksi Kesaktian Wulan Romadhon – Khutbah Idul Fitri Singkat NU

Khutbah Idul Fitri adalah bagian dari rangkaian acara Salat Idul Fitri. Ini adalah khutbah sunnah yang dianjurkan dan memiliki persyaratan tertentu yang harus diikuti oleh khatib atau pembicara. Khutbah ini merupakan cara untuk menyampaikan pesan penting kepada jemaah setelah Sholat Idul Fitri. Beberapa persyaratan khutbah mencakup membaca puji-pujian kepada Allah, membaca shalawat, dan membaca ayat-ayat dari Al-Quran. Selain itu, khutbah Idul Fitri juga berfungsi untuk mempererat persaudaraan Islam. Penting untuk menjadi hormat dan perhatian selama khutbah untuk mencapai manfaat penuh dari Salat Idul Fitri.

أَلْخُطْبَةُ الْأُوْلَى

(أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ). (أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ). (أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ). أَللَّهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللَّهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً. لاَ إِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرْ. أَللَّهُ أَكْبَرْ. وَ لِلَّهِ اْلحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِىْ جَعَلَ هَذَا الْيَوْمَ عِيْدًا وَسَعَادَةً لِلْمُسْلِمِيْنَ. وَخَتَمَ بِهِ شَهْرَ رَمَضَانَ الْمُبَارَكَ الَّذِيْ كُتِبَ فِيْهِ الصِّيَامُ لِلْمُؤْمِنِيْنَ. وَأُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُداً لِلْمُتَّقِيْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ،رَبُّ الْعَالَمِيْنَ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ وَإِمَامُ الْمُرْسَلِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فِى سَبِيْلِهِ حَقَّ جِهَادِهِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

أَمّأَبَعْدُ فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ. إِتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تَقْوَاهُ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ, وَعِيْدٌ كَرِيْمٌ،أَحَلَّ اللَّهُ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامَ. وَحَرَّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامَ. فَهُوَ يَوْمُ تَسْبِيْحٍ وَتَحْمِيْدٍ وَتَهْلِيْلٍ وَتَعْظِيْمٍ وَتَمْجِيْدٍ فَسَبِّحُوْا رَبَّكُمْ فِيْهِ وَعَظِّمُوْهُ وَتُوْبُوْا إِلَى اللَّهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ.

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jama’ah shalat ‘Idul-Fithri engkang berbahagia…

Kulo wasiyat dateng pribadi kulo, umumipun dumateng panjenengan sedoyo, monggo sami ningkataken taqwa dateng Alloh soho syukur dateng sedoyo nikmat engkang kaparengaken dateng kito sedoyo. Utaminipun nikmat iman soho islam. Alloh sampun ridho islam dados agomo lan pandangan gesang kito.

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jama’ah shalat ‘Idul-Fithri engkang berbahagia…

Langkung rumiyen kulo aturaken ucapan     من العائدين والفائزين والمفبولين. كلَّ عام وأنتم بالخير

Wonten ing injang meniko, wonten ing dinten Idul Fitri, kaum muslimin saget serempak menikmati rampungipun ibadah siyam setunggal wulan, rampungipun sholat tarawih, rampung ipun tadarus soho rampungipun qiyamullail kanti sukses, aman, sehat soho afiyat. Henggo injang meniko serempak nindaaken sholat Idul Fitri kanthi khusuk.

Dinten Idul Fitri meniko kalebet dinten engkang mulyo, dintenipun umat islam bersuka ria. Malah-malah dinten meniko dipun haromaken siyam. Dipun perdikaaken saking neroko, dipun paringi ganjaran engkang tikel-matikel. Poro Moloikat sami mudun sakperlu salaman dumteng poro sederek engkang sami nindaaken sholat Idul Fitri, tuwin sami nyuwunaken pangapuro. Kanjeng Nabi dawuh:

عَنِ ابْنِ مَسْعُوْدٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ, عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: إِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا إِلَى عِيْدِهِمْ يَقُوْلُ اللَّهُ تَعَالِى: يَامَلآئِكَتِى كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ أَجْرَهُ، وَعِبَادِيَ الَّذِيْنَ صَامُوْا شَهْرَهُمْ وَخَرَجُوْا إِلَى عِيْدِهِمْ يَطْلُبُوْنَ أُجُوْرَهُمْ إِشْهَدُوْا أَنِّى قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ. فَيُنَادِى مُنَادٍ: يَا أُمَّةَ مُحَمَّدٍ إِرْجِعُوْا إِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بُدِّلَتْ سَيِّئَاتُكُمْ حَسَنَاتٍ. فَيَقُوْلُ اللَّهُ تَعَالَى: يَاعِبَادِى صُمْتُمْ لِى وَأَفْطَرْتُمْ لِى فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ.

“Naliko umat islam podo poso wulan Romadhon lan metu menyang ‘id e, mongko Alloh ngendiko: ”He Moloikat-Ku, saben-saben wong kang kerjo iku mesthi luru upah. Kawolo Ingsun kang podo poso Romadhon lan metu menyang ‘id e iku ugo luru upah. Neksenano siro kabeh, temen Ingsun ngapuro marang dewekne. Banjur ono pangundang-undang: “He umat Muhammad, balio marang omahmu! Temen doso mu diganti kebagusan. Banjur Alloh ngendiko: “He kawulo-Ingsun, siro kabeh poso krono Aku, mokel yo krono Aku, ngadeko siro kabeh sarono oleh pangapuro.”

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jama’ah shalat ‘Idul-Fithri yang berbahagia…

Fithroh meniko nur ‘aini, yakni cahaya mata hati. Menawi cahayanipun terang mongko anggota tubuh bergerak kanthi sae. Menawi cahayanipun redup bade sisah kagem nggeraaken tubuh. Seiring tambahipun usia, fitroh engkang asli wau sampun mboten kekal kados asalipun kranten pengaruh setan. Naliko pengaruh setan sangat ageng mongko cahaya hati kitha bade redup lan kotor. Pramilo kedah dipun cuci. Kados pundi nyucinipun? Kedah dipun karantina lan dipun servis dateng “bengkel spesialis”, yakni Romadhon.

Idul Fitri meniko awal wangsul dateng kesucian, sak sampunipun sedoyo noda, doso, tuwin sifat-sifat mboten terpuji dipun bersihaken wonten ing  “bengkel spesialis” Romadhon. Kranten meniko, sampun sakmestinipun manungso njogo kesucianipun sak sampunipun Romadhon telas, ngantos datengipun Romadhon tahun ngajeng. Harapanipun sak sampunipun Romadhon, takwa terus melekat wonten kepribadianipun tyang beriman, engkang secara estafet bade nglahiraken hal-hal positif lan unsur-unsur kemanfaatan.

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jama’ah shalat ‘Idul-Fithri yang berbahagia…

Monggo refleksi diri tentang wulan Romadhon kapengker!…

Esensi Romadhon meniko momentum spesial  setunggal wulan penuh kagem nggembleng jiwo-jiwo engkang beriman supados luwih unggul, lan prestasi puncakipun inggih meniko arupi takwa.

Romadhon meniko “ladang mutiara” kagem tyang engkang memfungsikan momentum meniko kanthi sak sae-saenipun. Mung mawon Romadhon bade muspro kagem tyang-tyang engkang salah jalan anggenipun ngginaaken. Estu kapitunan pol,  menawi pasca Romadhon mboten ngasilaken hal-hal positif  terkait ketakwaan sak bibaripun Romadhon. Ibarat kendaraan mewah, pasca Ramadhan, manungso sami nindaaken perbaikan total, utawi “turun mesin”, sak mesthinipun kedah dipun jagi, supados mboten risak namung hitungan detik, sak bibaripun medal saking “bengkel spesialis” Romadhon.

Saking istimawanipun wulan Romadhon, aurat bade nyebat istilah engkang pas kagem gambaraken kemulian wulan Romadhon hinggo kulo nyebataken istilah “wulan sakti”. Keagungan soho “kesaktian” wulan Romadhon sejatosipun saget andadosaken manungso ingkang unggul lan terdepan. Kranten kanthi siyam sarasan, dereng kanthi ibadah lintunipun, dados media ningkataken kualitas diri, yakni kanthi shaum (menahan diri) saking tumindak awon tumuju dateng ngathah-ngathahaken tumindak sae. Lumantar siyam, kita dados manungso engkang taat soho berkualitas. Lumantar siyam, kitha dados manungso engkang cerdas secara intelektual lan spiritual.

“Kesaktian” Romadhon mampu menghantarkan umat Muhammad melompat dateng posisi terjauh engkang mboten saget dipun lampaui kalian wulan-wulan lintu. Sampun maklum, bilih ibadah sunnah wonten wulan Romadhon bernilai ibadah wajib, setunggal ibadah wajib bernilai 70 ibadah wajib.

Malam al-Qodr (malam seribu bulan) ugi namung wonten ing wulan Romadhon engkang bernilai langkung sae tinimbang setunggal ewu wulan (83 th langkung 4 wulan). Misal, tyang engkang kepanggih Romadhon 10 ambalan kemawon engkang berarti menemui malam al-Qodr 10 ambalan. Piyambakipun sami kalian melompati umuripun piyambak hingga kados berumur 833 tahun langkung 4 wulan engkang kadamel amal sholih. Dereng malih “kesaktian” wulan Romadhn lintunipun, kados poso wajib, sholat terawih, zakat fitrah soho lintunipun.

“Lompatan” besar kagem umat Muhammad kanthi  pinaringan lailatul qadr wonten ing Romadhon menikolah engkang dadosaken benjeng wonten yaumul hisab juara pertama kathaipun amal dipun banding kalian umat-umat rumiyen engkang kagungan umur panjang-panjang.

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jama’ah shalat ‘Idul-Fithri yang berbahagia…

Wonten kitab Nihayat Az-Zain, Syaikh Muhammad bin Umar bin Ali Nawawi Al-Jawi nyebataken toto coronipun ngurip-ngurip laialtul qodr kanthi 3 tingkatan:

وَمَرَاتِبُ إحْيَائِهَا ثَلَاثَةٌ: عُلْيَا وَهِيَ إحْيَاءُ لَيْلَتِهَا بِالصَّلَاةِ وَوُسْطَى وَهِيَ إحْيَاءُ مُعْظَمِهَا بِالذِّكْرِ وَدُنْيَا وَهِيَ أَنْ يُصَلِّيَ الْعِشَاءَ فىِ جَمَاعَةٍ وَالصُّبْحَ فِى جَمَاعَةٍ (نهاية الزين ص 168)

Ulya (tingkat atas): semalem muput ngurip-ngurip kanthi sholat.

Wustha (tingkat menengah): nguri-ngurip sebagian besar malam kanthi dzikir.

Dunya (tingkat rendah): ngurip-ngurip kanti sholat isya’ lan shubuh berjamaah.

Mekaten gampil ipun anggayuh lailatul qadr. Rumus matematika ganjaran wonten babakan meniko tetap berlaku: الثواب بقدر التعب

Kathah lan sekedik ipun ganjaran menyesuaikan payahipun (kahtah sekedik) amalipun.

Wonten kiat engkang sederhana supados kitha pikantuk lailatul qadr. Yakni: saben malam Romadhon sholat maghrib lan isya’ berjamaah dipun lanjutaken sholat tarawih. Menawi taksih longgar tumut tadarus, maos, nyimak utawi namung mirengaken Al-Qur’an. Sholat shubuh ugi kanthi jamaah. Kanthi  coro kados mekaten rutin kitha tindaaken saben malem ngantos akhir Romadhon insyaallah bade pikantuk lailatul qadr. Rosul paring dawuh:

مَنْ صَلَّى الْمَغْرِبَ وَالْعِشَاءَ فِى جَمَاعَةٍ حَتَّى يَنْقَضِيَ شَهْرُ رَمَضَانَ فَقَدْ أَخَذَ بِلَيْلَةِ الْقَدْرِ بِحَظٍّ وَافِرٍ.

“Sopo wonge sholat maghrib lan isya’ kanthi jamaah hinggo akhir Romadhon, mongko dewekne ngalap lailatil qodr kanti bagian kang sampurno.”

Wonten malem kasebat Alloh ngedeng (tajalli) dateng kawolonipun ngantos shubuh soho Moloikat munggah mudun dateng bumi kanthi gowo rohmat, salam lan menunaikan hajat hamba-hamba-Nipun. Malem tersingkap ipun keajaiban alam malakut. Sejatos ipun lailatul qadr meniko waktunipun cepet sanget kados kilat, mung mawon berkah lan keutamaanipun menaungi sepanjang malam.

Rangkaian ibadah Romadhon kitha sempurnaaken kanthi mbayar zakat fitrah. Imam Waki’ bin Jarrah, gurunipun imam As-Syafi’i, ngibarataken zakat fitrah sami kalian sujud sahwi. Panjenenganipun dawuh:

زَكَاةُ الْفِطْرِ لِشَهْرِ رَمَضَانِ كَسَجْدَةِ السَّهْوِ لِلصَّلَاةِ. تَجْبُرُ نَقْصَ الصَّوْمِ كَمَا يَجْبُرُ السُّجُوْدُ نَقْصَ الصَّلَاةِ. (إعانة الطالبين الجزء الثاني ص 167)

“(Fungsi) zakat fitrah kagem Romadhon kados (fungsi) sujud sahwi kagem sholat. Zakat fitrah nambal (nyampurnaaken) kekurangan utawi cacatipun poso sami halipun sujud sahwi nambal (nyampurnaaken) kekurangan utawi cacatipun sholat.”

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jama’ah shalat ‘Idul-Fithri yang berbahagia…

Monggo merenung sesarengan!…

Lumampahipun waktu estu cepet sanget, kados nembe wingi Romadhon dateng menyapa kita. Mboten kerahos, sak meniko kitho sampun dipun tilar Romadhon. Kitho lepas kepergian Romadhon kanthi sisahipun manah. Mungkin Romadhon bade dumugi malih wonten tahun ngajeng, ananging dereng tamtu Alloh nakdiraken saget kepanggih Romadhon malih. Mungkin Romadhon wingi terakhir kagem kitha.

Beruntung sanget, tyang engkang poso Romadhon kanthi dipun landasi iman soho niat murih ridhonipun Alloh.

Berbahagia sanget, tyang engkang ngurip-ngurip malem Romadhon kanthi macem-macem ibadah dipun landasi iman soho niat murih ridhonipun Alloh.

Mujur sanget, tyang engkang ngatah-ngathahaken tilawail Qur’an kanthi dipun landasi iman soho niat murih ridhonipun Alloh.

Bejo sanget, tyang engkang ngurip-ngurip lailatul qodr kanthi dipun landasi iman soho niat murih ridhonipun Alloh.

Bejo kemayangan, tyang engkang nyampurnaaken poso Romadhon kanthi dipun landasi iman soho niat murih ridhonipun Alloh.

Monggo kitha bertekat, nuansa Romadhn engkang sampun kitha ciptaaken meniko (sholat berjamaah, qiyamullail, sedekah, tilawatil qur’an, ngaji, peduli dateng sesami, lan nahan amarah tuwin nafsu syahwat) kihta bekto lan kitha biasaaken wonten wulan lintunipun. Ampun ngantos namung mandek wonten Romadhon sarasan.

Mugi-mugi Alloh paring panjang umur, kesehatan, soho kawilujengan hingga pepenggihan Romadhon malih wonten ing tahun-tahun candaipun. Aamiin.

جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ الْفَائِزِيْنَ الْمَقْبُوْلِيْنَ. وَأَدْخَلَنَا فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ. أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى. وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ.. وَاسْتَغْفِرُوْهُ, اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

أَلْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ

أَللَّهُ أَكْبَرُ (x7)  أَللَّهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللَّهِ بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرْ أَللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ اْلحَمْدُ.

اْلحَمْدُ للهِ الَّذِي مَنْ عَلَيْنَا بِفَضْلِهِ الْجَسِيْمِ, اِذْ مَنَّ عَلَيْنَا بِمُحَمَّدٍ اَفْضَلِ الْخَلْقِ اَجْمَعِيْنَ, فَهَدَانَا اِلَى دِيْنِ الْحَقِ وَالصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لآ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْكَرِيْمِ الْحَلِيْمِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ الَّذِي خَصَّ بِالْخُلُقِ الْعَظِيْمِ صَلَّى اللهُ  عَلَي سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَلَّذِيْنَ فَازُوْا بِالْحَظِّ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.

اَمَّا بَعْدُ: فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ.وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ فَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى رَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْهُمْ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اَللَّهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ مَنْ يُؤْذِيْنَا وَاَهْلِكْ مَنْ اَرَادَنَا بِالسُّوءِ يَآارْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اِرْحَمْنَا وَفَرِّجْ عَلَيْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. اللهُمَّ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالْغَلَاءَ وألطَّاعُوْنَ وَفرس كورونا وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً. يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ : اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

MUQORROBIN

Wakil Katib PCNU Ponorogo

Ketua Takmir Masjid NU Ponorogo

The post Refleksi “Kesaktian” Wulan Romadhon – Khutbah Idul Fitri Singkat NU appeared first on NU PONOROGO.

Khutbah Jumat Singkat – Tobat Saking Dosa (Basa Jawa)
Khutbah Jumat Singkat – Tobat Saking Dosa (Basa Jawa)

KHUTBAH I

الْحَمْدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفُرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّآتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلَا هَادِيَ لَهْ، أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلهَ اَلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه. اَللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ ، أَمَّا بَعْدُ.

فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Hadirin Rahimakumullah

Mangga kita sami ningkataken ketaqwaan kita kanti gesang ingkang seimbang inggih imbang antara ngelampahi perintahipun Allah lan nebihi awisanipun. Diantara jalan ingkang bade menuntun kita meraih ketaqwaan inggih jalan taubat. Sinten kemawon ingkang bertaubat saking segala macam tindak keburukan pasti piyambakipin bade meraih ketaqwaan. Sebab ketakwaan meniko menuntut menghindar saking kemaksiatan.

Kata taubat sampun dados bahasa keseharian wonten kehidupan kita. Taubat selalu dihubungkang kaliyan laku dosa lan maksiat. Taubat sering dipun alamataken marang dunia ‘gelap’ kebak kemaksiatan sehingga pelaku dosa maksiat meniko kedah kembali hidup wonten jalan ingkang lurus kanti tebih saking kesesatan. Inggih kembali nebihi perkara ingkang tercela dalam pandangan agami. Perkara ingkang olo tercela meniko katah sanget macam lan tingkatanipun.

Kagem tiyang ingkang penuh bergemilang dosa lan kemaksiatan mangko taubat meniko kedah dijalani kagem menghindar saking kemaksiatan kalawau. Ugi kagem tiyang ingkang keseharian selalu nerjang dosa-dosa kecil, mangka taubatipun kanti menghindar saking dosa-dosa kecil kalawau. Amargi menawi ditumpuk, mangka dosa kecil wau ugi dados bertambah dados dosa gedhe. Mekaten ugi kagem tiyang ingkang biasa ngelampahi perbuatan ingkang makruh perkara ingkang dibenci dening agama mangka taubatipun inggih kanti menghindar saking kemakruhan. Setiap pribadi kedah selalu bertaubat miturut kapasitas masing-masing.

Abdul Wahhab As-Sya’roni jelasaken macem-macem tingkatan taubat. Taubat paling dasar inggih taubat ingkang kedah dilampahi kagem kembali tebih saking dosa-dosa besar, dosa-dosa kecil, kemakruhan lan saking perkara ingkang kurang sae.

Tingkatan taubat kaping kalih inggih bertaubat saking perasaan diri dados piyantun ingkang sampun apik, merasa piyambaipun sampun dipunkasihi dening Allah. Inggih berbagai macam perasaan kados mekaten termasuk kesalahan ingkang medal saking penyakit hati manusia ingkang sangat halus.

Lan puncak tingkatan taubat inggih puniko selalu kembali inget eling marang Allah swt walaupun sekejap. Sebab nglalelaken marang Allah hakekatipun inggih termasuk dosa.

Hadirin Rahimkumullah

Mekaten tigo tingkatan taubat meniko tinggal kita sami meraba diri kito masing-masing. Kito termasuk kedah ngelampahi tobat wonten posisi pundi. Menawi kito taksih wonten tingkatan dasar, monggo kita sami berusaha selalau taubat kita sambil berusaha belajar menginjak taubat tingkatan kaping kalih lan terusipun. Ananging kito kedah inget bilih godaan syaitan selalu mencari kelengahan supados kita kembali masuk jurang kemaksiatan lan dosa.

Kanti meniko, Allah swt berfirman wonten surat Hud ayat 112

فَٱستَقِم كَمَآ أُمِرتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطغَواْ إِنَّهُ بِمَا تَعمَلُونَ بَصِيرٌ

Mangka tetepo siro marang dalan sing benar, koyo sing diperintahke marang siro lan ugi wong sing wis taubat sartane siro lan ojo siro melampaui batas. Saktemene Allah Maha mirsani apa sing siro lakoni.

Bertaubat boten kedah menunggu perbuatan dosa rumiyen, tetapi setiap dosa kedah segera dipun taubati. Sebab sampun dasaripun manungso meniko sangat rentan saking kesalahan lan dosa. Baik meniko kesalahan dhahir ingkang kasat mata maupun kesalahan bathin melalui hati kito. Rasulullah saw pernah nerangaken hal meniko dumateng Sahabat Abdillah bin Mas’ud “sinten kemawon bertaubat anangeng boten ninggalaken kesombongan lan kecongkakan, berarti deweke dereng diarani bertaubat”

Hadirin Rahimakumullah

Taubat merupakan kesempatan ingkang dipun sediaken dening Allah swt marang hambanipun ingkang sampun melakukan kesalahan. Taubat termasuk peluang emas kagem manungso kito sami supados lebih mendekatkan diri dumateng Allah. Saktemeni Allah Maha Penerima Taubat lan Maha Penyayang.

إِنَّ اللهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْنَ

Allah swt sungguh maringi keistimewaan marang tiyang ingkang bertaubat, Allah swt. bakal ganti sedoyo keburukan dados kebaikan.

Hadirin Rahimakumullah

Keistimewakan tiyang-tiyang ingkang sami bertaubat saget kito tingali saking kisah seorang pemuda ingkang biasa mabuk ketika manggihi amirul mukminin Umar bin Khattab, pemabuk kalawau gawa botol berisi minuman keras. Pemuda kalawau sadar manggihi amirul mukminim Umar ibn Khattab, deweke ajrih lan secara reflek pemuda kalawau nyimpen minuman keras dibalik jubahipun.

Sahabat Umar mangertos wonten ngelagat ingkang boten sae marang pemuda kalawua terus nyuwun pirso opo sing siro simpen neng jubahmu wahai pemuda. Amargi kroso ajrih lan isin, pemuda kalawau berdo’a dalam hati “Ya Allah ampun ngantos Panjenengan buka rahasia –keburukan-hamba. Lan ampun ngantos hamba isin marang Umar bin Khattab, mugi Panjenengan nutup sedoyo kemaksiatan meniko lan hamba berjanji boten berbuat maksiat kanti minuman keras selamanipun”.

Amargi angsal pitakonan saking Sahabat Umar, pemuda kalawau berbohong lan jawab, bilih di balik jubah meniko minuman air biasa boten minuman keras. Ananging Sahabat Umar boten percados lan nuntut pemuda kalawau nunjuaken opo dibalik jubah. Kanti kroas kepenkso, isin lan ajrih mangka pemuda wau mengeluarkan botol di balik jubahipun lan masyaallah botol minuman keras kalau wau sampun berubah menjadi minuman air biasa.

Menikolah bukti bilih Allah swt maringi keistimewaaan marang tiyang ingkang sami taubat. Tiyang ingkang bertekad bulat ninggalaken keburukan pasti Allah swt ganti kaliyan kebaikan.

Hadirin Rahimakumullah

Kisah kalawu dados petunjuk kagem kita sedoyo bilih modal bertaubat boten ateges kedah damel baju koko, peci nopo sorban lan sajadah, ananging kanti tekad bulat lan niat mantab wonten hati lan berjanji boten wangsuli kesalahan lan ugi sadar bilih hanya Allah ingkang maringi petunjuk sekaligus Zat Maha Penerima Taubat.

Kito inggih mangertos kisah pengakuan kesalahan lan kebulatan tekad saking Nabi Adam as. hingga Allah swt nampi taubatipun sak sampunipun Nabi Adam as. terbujuk syaitan dahar buah khuldi wonten surga.

قَالا رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

Adam lan hawa berdoa: “Duh Pengeran ingsun, Ingsun sampun dholim dumateng diri kulo, lan lamunto panjenengan Allah boten ngapuro lan boten maringi rahmat marang ingsung, pastilah ingsung termasuk wong sing rugi.

Hadirin Rahimakumullah

Mugi-mugi kita sedoyo termasuk tergolong tiyang-tiyang ingkang sami bertaubat. Amin.

Mekaten khutbah meniko nyuwun pangapunten menawi wonten salah lan khilaf.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْآمِنِيْنَ ، وَأَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ.

بَارَكَ الله لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِى وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذْكُرَ الْحَكِيْمَ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَاِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ ، وَأَقُوْلُ قَوْلى هَذَا فَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى

وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَاللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا االلهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

Dr. Miftahul Huda M.Ag

Wakil Ketua Tanfidziah PCNU Ponorogo

The post Khutbah Jumat Singkat – Tobat Saking Dosa (Basa Jawa) appeared first on NU PONOROGO.

Khutbah Jumat Terbaru Basa Jawa – Kawontenan Umat Akhir Zaman
Khutbah Jumat Terbaru Basa Jawa – Kawontenan Umat Akhir Zaman

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الْحَمْدُ لِلّهِ, الحمدُ للهِ  حـَمْـدًا مُسْــتَـمِـرًّا عـَلىَ الـدَّوَامِ * أشـهـدُ ان لا اله الا الله وحدَهُ لا شـريكَ لَهُ شَـهَـادَةً تُـنْـجِى قَـائِـلَـهَـا يَـوْمَ الـزِّحـَامِ * وأشـهدُ أن محمدا عبـدُهُ ورسـولُه سَـيِّدِ الـعَـَربِ وَاْلـعَجـَمِ * اللّهـمَّ صَـلِّ وسَـلِّمْ على سـيِّدِنـَـا مُحمَّـدٍ شَــفِـيْعِ الْـخـَلْـقِ مِـنْ أَهْـوَالِ يَـوْمِ اْلـقِـيـَـامِ * وعلى ألـِهِ وَأصْــحـَابِهِ مَـادَامَـتِ الَّـليَـالُ وَالأَيَّـامُ * أمـَّا بَعْـدُ فَيَـا أَيُّها الإخـوان رَحِمَكُمُ اللهُ أُوْصِــيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُـفْـلِـحُوْنَ *  وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ *  لَـتُـبْـلَـوُنَّ فِى أَمْـوَالِـكُـمْ وَأَنْــفُـسـِكُـمْ وَلَـتَسْــمَـعُـنَّ مِـنَ الـذيـنَ أُوتُـوا الْـكـتـابَ مِـنْ قَـبْـلِـكُـمْ

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kita soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad saha sarana kita sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawula-kawula nipun Allh ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran  102).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Sumangga kita sami migatosaken fenomena pagesangan ing jaman samenika, ingkang ndadosaken greget ngantos kathah tiyang, satemah nglalekaken jejibahan ingkang kedah dipun tindakaken. Nabi Muhammad SAW nate ngramal kasunyatan iki kanthi dawuhipun:

سـيـأتى عـلى أمـتي زمـان يحـبـون الـخـمـس ويـنـسون الـخمـس يحبـون الـدنـيـا ويـنـسـون الأخـرة , ويحـبـون الـحـيـاة ويـنـسـون الـمـوت و يحـبـون الـقـصـور ويـنـسـون الـقـبـور, ويحـبـون الـمـال ويـنـسـون الـحـســاب , ويحـبـون الـخـلـق ويـنـسـون الـخـالـق

Bakal tumeka sawijining wektu tumrap umatku, ummatku seneng limang perkara lan nglirwakake limang perkara. 1. Padha tresna marang donya nganti lali marang akherat. 2. Padha seneng urip ing donya iki nganti lali mati 3. Padha tresna omah ing donya iki, nganti lali omah ing kuburan mengko. 4. Padha tresna marang bandane nganti lali marang petungan akhirat. 5. Padha tresna marang makhluk, nganti lali marang Dzat Kang Maha Kuwasa.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Kemewahan ing urip pancen nggumunake, nggawe akeh wong lali marang awake dhewe. Agama kita sejatosipun mboten nglarang kita nresnani samukawis menawi cinta menika saged nambahi iman lan nyedhak dateng Allah Ta’ala. Kita kudu sadar yen donya iki mung sementara, ora bakal langgeng. Nanging papan kang langgeng iku akhirat, donya iki dudu tujuan, nanging apa sing bakal kelakon mengko, saiki sing bakal nemtokake. Dadi kita kudu nggawe donya iki minangka upaya kanggo nggayuh kabegjan ing akhirat. Ana paribasan al-dunya mazrao’atul akhiroh, yen donya iki dadi panggonan nandur kanggo akhirat. Apa sing bakal kelakon nalika panen teka, apa sampeyan bakal ngunduh woh sing apik? utawa kosok balene ? gumantung carane saiki sing ditandur lan dibudidayakake.. Allah ngandika:

إِن الْمَوْتَ الَّذِي تَفِرُّونَ مِنْهُ فَإِنَّهُ مُلاقِيكُمْ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَى عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ

“Satemene pati kang sira hindari, banjur sayekti pati bakal nemoni sira, banjur sira bakal dibalekake marang (Allah), kang nguningani barang kang ghaib lan nyata, banjur Panjenengane paring pitutur marang sira apa kang wus sira lakoni”. (Surat Jum’at: 8).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Kita mesthi seneng duwe omah sing mewah, apik, megah, agama kita uga ora nglarang. Nanging segede-gedhe lan sak apik-apie omah-omah kita, mesthi bakal ditinggal. Kita mesthi bakal manggon ing kuburan. Mula, aja nganti seneng karo omah-omah ing donya iki nganti lali marang omah sing bakal dikubur. Apa bakal apik, ayu, mewah utawa liya-liyane omah kuburan kita mengko, gumantung carane kita nyiyapake saiki kanggo mbangun omah kuburan mengko. Mesthine mung iman lan amal shaleh sing bakal ndadekake omah kita mengko dadi “raudlah min riyadhil jinan”, miniatur taman surga. Akeh wong sing rumangsa urip ing donya iki, rina wengi tansah nglumpukake bandha, mbangun omah semewah-mewah, kaya-kaya kepengin manggon ing salawas-lawase, nanging jebule ora marem anggone ngrasakake. kepeksa ninggalake, menyang kuburan sing wis lali. Minangka dhawuh dening Allah:

أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ * حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ *

“urif sing bermegah-megahan iku nglirwakake sira nganti sira lumebu ing kubur.” (QS. At Takatsur: 1-2)

Pranyata akehe bandha, ora ora bias njamin lestari uripe. Nalika Allah nimbali dheweke ora ana sing bisa nyegah dheweke. Dados griya ingkang kito mbangun, kados pundi kawontenan, sae utawi awon, kedah dipungsinakaken kangge ngibadah dumateng Allah, ugi dados papan panggenan kluarga, insya Allah mugi-mugi manfaat dateng alam kubur mengko.

Kita uga ora bisa nolak tresna marang arta-bandha, agama kita ora nglarang, anggere kita ora nglirwakake tuntunan agama. Kalih ing babagan cara ngasilaken, kanthi makarya miturut aturan mu’amalah, lan kanthi cara ingkang sah, ugi ing pundi panggenan bandha. Kasugihan ingkang kita pikantuk saking usaha kita nyambut damel mboten sakmesthinipun kagungan kita sedaya, ananging wonten hak kangge tiyang sanes ingkang kedah kita aturaken. Pangandikane Gusti Allah:

وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَعْلُومٌ * لِلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ *

“Lan wong-wong kang ing bandhane ana bagean tartamtu, kanggo wong-wong (miskin) sing njaluk lan wong-wong sing ora duwe apa-apa (sing ora gelem njaluk). (Al-Ma’arij: 24-25).

Bahkan Nabi Muhammad SAW ugi paring peringatan dateng tiyang-tiyang ingkang sugih:

ويـل لـلأغـنـيـاء مـن الـفـقـراء يـوم الـقـيـامـة يـقـولـون ربـنـا ظلـمـونـا حـقـوقـنـا التى فـرضـت عـلـيـهـم

“Bilai kanggone wong sugih, yen wong mlarat duwe hak marang awake dhewe. Ing dina kiyamat, wong-wong mau padha sambat marang Allah: “Dhuh Pangeran kawula, tiyang-tiyang ingkang sugih punika sampun nganiaya dhateng kawula, ngrampas hak-hak kawula, boten nindakaken kewajiban ingkang Paduka paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang sugih”.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Mugi-mugi Allah tansah paring hidayah, kekuatan iman, tansah emut dateng tugase awake dewe gesang wonten ing alam dunyo, tansah mituhu, nderek dawuh-dawuhipun Allah, ugi nderek daten tindak lampahe kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita dipun paringi hasanah fiddunya ngantos akhirot…amin ya rabbal alamin.

بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ ,  قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ,  أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ , مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً, وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ

Dr. H. Luthfi Hadi Aminuddin, M.Ag

Sekretaris PCNU Ponorogo

The post Khutbah Jumat Terbaru Basa Jawa – Kawontenan Umat Akhir Zaman appeared first on NU PONOROGO.

Khutbah Idul Adha Basa Jawa – Suraosing Idul Adha: Cara Nggulawenthah Generasi ingkang Shalih
Khutbah Idul Adha Basa Jawa – Suraosing Idul Adha – Cara Nggulawenthah Generasi ingkang Shalih

الخطبة الأولى

اللهُ أكْبَرُ   × 9

اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلاً، لاَ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ اللهُ أكْبَرُ، الله أكبر وَللهِ الْحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي اصْطَفَى اِبْرَاهِيمَ عَلَيْهِ السَّلاَمُ خَلِيْلا ، وَجَعَلَهُ لِلنَّاسِ إِمَامًا ، إِنَّهُ كَانَ صدِيْقًا نَبِيًّا ، أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الَّذِي لَمْ يَتَّخِذْ صَاحِبَةً وَلاَ وَلَدًا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ بَصِيْرًا وَنَذِيْرًا. الَّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

أما بعد، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتَهِ كَمَا جَاءَ فِيْ قَوْلِهِ:يآأيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لاَ يَجْزِي وَالِدٌ عَنْ وَلَدِهِ وَلاَ مَوْلُودٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَالِدِهِ شَيْئًا ، إِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ فَلاَ تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلاَ يَغُرَّنَّكُمْ بِاللهِ الْغَرُور

Allahu Akbar 3X, Walillahil hamd.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Kairing wiwiting angsluping sang bhagaskara, awit kala wingi sonten dumugi wekdal sapunika, kumandanging takbir, tasbih, tahlil lan tahmid mangalun-alun angebaki jagad ing nuswantara. Prakawis punika, minongka sarana ngunjukaken raos syukur dhumateng Allah, SWT awit sih nugraha, taufiq, lan hidayah dhumateng kula lan panjenengan sedaya, satemah kita saged nglampahi reroncening ngibadah ing dinten  ariyaya kurban punika.

Takbir ingkang kakumandangaken, ing hakekatipun minongka pangakenan ingkang tulus tuwin blaka tumrap kaagunganing Allah SWT, dene sedaya ingkang wonten ing donya punika, namung alit kewala. Wondene tasbih ingkang kakumandangaken, sarana nuwuhaken pamawas bilih Allah punika dzat ingkang maha sempurna, kalis nir saking sedaya prakawis ingkang boten amantesi tumrap Panjenenganipun. Tembung tahlil kang kalantunaken, sarana ngekahaken iman kita bilih PanjenganDalem Allah  Dzat ingkang Maha Esa tur Maha Kuwasa. Sedaya jagad sami sumuyud lan setya tuhu dhumateng parentahipun.  Ewa semanten tembung tahmid ingkang kita lapalaken, minongka raos syukur kita awit sedaya Rahman miwah Rahimipun Allah, boten nate tebang pilih mban cindhe mban siladan tumrap sedaya kawulanipun.

Ing dinten punika, kita dipun emutaken prakawis kedadosan ageng, ingkang asumber saking syari’atipun Nabi Ibrahim a.s., ing salajengipun kakukuhaken minongka syari’atipun Nabi Muhammad saw, inggih punika ngibadah haji lan ngibadah kurban.

Ing wekdal sapunika mayuta-yuta saking saindenging jagad ngempal manunggal wonten ing tlatah suci nuhoni pandangonipun ilahi, sami nindakaken ngibadah haji. Lautan manusia itu membuat panorama amat menakjubkan. Sandyanta mawarni-warni benten-benten suku, bangsa, bahasa, tuwin warni kulit, nanging saged manunggal, golong-gumolong, saiyeg saeka kapti, nyawiji ingdalem nindakaken syariat Allah SWT. Sedaya sami nyawiji anyatakaken kalilan nuhoni dhawuhipun Allah:

لَبَّيْكَ اللَّهُمَّ لَبَّيْكَ، لَبَّيْكَ لاَ شَرِيْكَ لَكَ لَبَّيْكَ، إِنَّ الْحَمْدَ وَالنِّعْمَةَ وَالْمُلْكَ لاَ شَرِيْكَ لَكَ

Allahu Akbar 3X, Walillahil hamd.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Sedherek-sedherek umat Islam ingkang katemben nindakaken ngibadah haji, sadaya sami nilar ing sandhangan pangkat drajat sarta kaluwihan tuwin kekiranganipun piyambak-piyambak. Sedaya nyawiji, sami ngagem rasukan warni pethak, satemah sisah kabedakaken sinten pejabat sinten konglomerat, pundi tiyang tani, pundi tiyang dagang, lan sapanunggalanipun. Punika sedaya nuduhaken bilih Islam paring piwulang bab egalitarianisme utawi walapada; manungsa ing ngarsanipun Allah sayektosipun sami, amung ketaqwaan ingkang nemtokaken ing drajat kamulyaning manungsa.

Nalika ngagem rasukan ihram, para hujjaj boten kawenangaken ngagem wewangen, dandos mawi paesan.  Punika sadaya ngemutaken dhumateng kita bilih ingkang dipun biji dening Allah (manzarullah) punika pepaesing ruhani, amalan-amalan sae miwah akhlaqul karimah. Bab kasebat kados jumbuh kalihan sabda Nabi SAW:

إِنَّ اللهَ لاَ يَنْظُرُ اِلَى أَجْسَامِكُمْ وَلَا إِلَى صُوَرِكُمْ ، وَلَكِنْ يَنْظُرُ اِلَى قُلُوْبِكُمْ وَاَعْمَالِكُمْ

Allahu Akbar 3X, Walillahil hamd.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Ing dinten punika, kita ugi diemutaken ing cariyos ingkang kalampahan antawis + 3600 taun kapengker, cariyos pengurbananipun Nabi Ibrahim tumrap Nabi Ismangil kadi dene ingkang cariyosipun kalestarekaken ingdalem surat  al-Shoffat: 100-111.

Kathah piwulang ingkang saged kita dudut saking cariyos panjenenganipun lan kulawarganipun, sarana dadosa gegaman anglampahi gesang. Tuhu yekti punapa ingkang kadhawuhaken dening Allah SWT :

قَدْ كَانَتْ لَكُمْ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِي إِبْرَاهِيمَ وَالَّذِينَ مَعَهُ

“Temen-temen sira wis duwe panutan kang becik, iya iku Nabi Ibrahim lan para sakhabate.“ ( QS Al Mumtahanah : 4 )

Paling boten, ayat ing nggingil ngemu suraos kalih piwulang.

Sapisan. Kita kedah preduli tumrap generasi ingkang nerusaken kita. Ing wekdal sapunika kahananing pra mudha tumaruna estu mrihatinaken. Kathah prekawis perjinahan, pemerkosaan, rajapati, rajatatu, tawuran ing antaranipun para siswa, colong jumput, narkoba lan saweneh kasus kriminal sapanungganipun ingkang kathah katindakaken dening generasi muda.

Ingndalem Ariyaya Idul Adha puniki, sumangga ngenget-enget patuladhan saking Nabiyullah Ibrahim a.s. kalihan Siti Hajar ingdalem nuwuhaken bibit ingkang tinulad inggih punika Ismangil a.s. Kekalihipun estu kasil anggenipun nggulawenthah putranipun kanthi panggulawenthah ingkang sampun pranyata mijilaken generasi ingkang kapatedhan ganjaran pangkat nabi. Prakawis punika kalastantunaken cariyosipun ingdalem al-Qur’an lan sujarah gesangipun dados tapak tilas ngibadah haji miwah ngibadah kurban, dumugi dinten sapunika.

Kados pundi cara panggulawenthahipun Ibrahim satemah saged mijilaken kader ingkang anggadhahi predikat nabi punika?  Al-Qur’an sampun paring pepethan utawi gambaran ingkang sistematis miwah kaprinci. Bab punika saged kita pahami sarana katrangan ing ngandhap punika:

Pertama, panggulawenthah ingkang dipun sedya dening Ibrahim inggh punika nyithak generasi saleh ingkang manembah maligi amung dhumateng ngarsaDalem Allah SWT. Ingdalem panengga ingkang panjang, panjenenganipun ndedonga supados kaparingan generasi shaleh ingkang saged nglajengaken perjuangan agami tauhid. Sedyanipun Ibrahim kalestantunaken dening Allah SWT ingdalem Qs. Al-Shoffat: 100:

رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ

“Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa anak sae dhumateng kawula.”

Ibrahim sanget teguh tumrap sedya utawi visinipun, boten kelu ing ganjaran tuin sandhangan pangkat drajat salintunipun kesalehan. Ingdalem paring piwulang dhumateng putranipun, Ibrahim tansah ndangu Maa ta’buduuna min ba’dii sanes Maa ta’kuluuna min ba’dii. “Nak, apa kang bakal kosembah sapungkurku?” sanes “Apa kang bakal kopangan sapungkurku?” Ibrahim boten nate kuwatos bab nasib ekonomi putranipun ananging estu kuwatos nalika putranipun manembah ing salintunipun Allah SWT.

Kaping kalihipun, panggulawenthahipun Ibrahim ngemu karsa supados Ismangil lan putra-putranipun tansah ngugemi agami Islam kanthi tumemen utawi totalitas. Kasetyan punika ing pangangkah dadosa benteng supados boten kelu ndherek  brahala ingkang sampun mapan ing sakiwa tengenipun. Ibrahim minongka tiyang sepah tansah ngawasi sarta ngontrol tindak-tanduk putra-putranipun. Dadosaken masjid minongka bi’ah (lingkungan) sarana nggulawenthah Ismangil lan putra-putranipun.

وَوَصَّىٰ بِهَا إِبْرَاهِيمُ بَنِيهِ وَيَعْقُوبُ يَا بَنِيَّ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَىٰ لَكُمُ الدِّينَ فَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“Ibrahim lan Yakub padha memulang agama marang anak putune, he anak putuku kabeh, Allah wis milih marang sira kabeh dikarsakake padha nglakoni agama, mulane ing besuk patinira aja nganti ora Islam.” (Q.S. Al Baqarah : 132)

Katiganipun, sarana nindakaken sedaya sedya kalawau, Nabi Ibrahim dados priyantung ingkang tansah tinulad sarta tinuladha dening putra-putranipun,  awit saking tindak-tanduk, solah-bawa sarta pangandikanipun (komunikasi). Nabi Ibrahim, sadyanta nguningani bilihi pamragatan Ismangil punika dhawuhDalem Allah, ananging boten meksa Ismangil supados ndherekaken lan nuhoni dhawuhDalem punika. Ananging nalika ngandharaken wahyu punika, kanthi wawan rembag ingkang santun, dialogis, kebak ing sih kawelasan. Bab punika kados ingkang katrangaken ingdalem QS. Al-Shoffat: 102

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

Kaping sekawan, Nabi Ibrahim matrapaken prinsiping patuladhan.

إِنَّ إِبْرَاهِيمَ كَانَ أُمَّةً قَانِتًا لِلَّهِ حَنِيفًا وَلَمْ يَكُ مِنَ الْمُشْرِكِينَ

Satemene Nabi Ibrahim iku sawijining pangarep kang sumungkem ngabekti ing Allah, netepi Agama Islam, dudu ewone wong kang padha maro tingal, (QS. Al- Nahl:120)

Pramila saking punika, supados saged mijilaken generasi ingkang shaleh, kula lan panjenengan sadaya kedah rumiyin dadosa priyantun ingkang sholeh, kados dene ingkang sampun dipun tuladhani dening Nabi Ibrahim a.s.

Allah Akbar 3x Walillah al-Hamd.

Pelajaran Kedua, Kurban memiliki makna dzahir dan batin.

Rajakaya inggih punika kewan minongka korban lan dipun pragat wonten ing ngibadah kurban. Punika minongka pralambanging angkara murka lan sedaya kaawonan wonten ing pribadhining manungsa. Sipat-sipat awon ingkang wonten saliraning manungsa pindhane sipat-sipating kewan. Allah wonten ingdalem saperangan ayat Al-Qur’an sadhengah kang awon saking manungsa kaumpamakaken kadi dene kewan. Maka, kanthi ngibadah qurban ngemu suraos bilih sipat-sipat kang kadi dene kewan lan boten nggadahi paugeran, ingkang tansah ngalalaken sedaya cara sarana nuruti nepsu sanadyanta kanthi tumindak dhalim ing liyan, kedah dipun icali saking pribadhining manungsa.

Manungsa saged cluthak, nggragas, srakah kados munyuk

Manungsa saged tegelan utawi buas, wentalan kadi dene sima

Manungsa saged jail, maeka liyan pindhane kancil, bulus

Manungsa saged galak, nekad pindha ajag, srigala

Lamun sipat-sipat punika langkung dominan wonten ing salebeting gesang bebrayan utawi bongsa wus tamtu bakal ndadosaken pranatan ingkang mggegirisi tansah damel kuwatos. Keadilan kasingkiraken dening kezhaliman, kukum seged dipun tumpat kanthi mas picis rajabrana, angger-angger saged dipaekani sarana dolar, estu sisah mbedakaken pundi hibah pundi suap, panguasa sampun supe lawan tanggeljawabipun, rakyat boten sadar jejibahanipum, sedaya papan panggenan kebak ing piawon lan kesaenan sumingkir, kaestyan kawon dening kemaksiatan, lan sapanunggalanipun.

Pramila saking punika Allah dhawuh ingdalem surat al- Rum: 41:

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي النَّاسِ لِيُذِيقَهُمْ بَعْضَ الَّذِي عَمِلُوا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ(41)

Ing bumi kang cengkar lan kang loh tetela padha karusakan, larang udan, tanduran arang kang urip, marga saka durakaning manungsa. Wusana manungsa padha kepeksa ngrasakake patrapan sawatara, iya iku pailan, wewalese duraka kang wis padha dilakoni, supaya padha tobata  ing Allah.

Maka tuhu boten geseh dhawuh pangandikaning Allah ingkang negesi bilih ingdalem ngibadah kurban punika sanes daging-daging sembelihan kurban ingkang tutug dumugi ngarsaning Allah, ananging kataqwaaning tiyang ingkang sami nindakaken kurban kalawau ingkang tutug dumugi ngarsaDalem Allah.

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ كَذَلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ( الحج: 37(

Daginging kewan kang ginawe kurban lan getihe, iku ora konjuk ing Allah, balik kang konjuk ing Allah iku panggawe becik kalawan gumolonging ati kanthi wedi ing Allah saka ing sira. Mangkono uga Allah nyungkemake unta lan kebo sapi kang gagah prakosane samono marang sira, supaya sira nebuta Maha-agung marang Allah, awit Allah wis nuduhake sira marang agama bener. Lan sira ambebungaha wong kang padha nglakoni panggawe becik, pracaya yen Allah iku mung siji, bakal oleh ganjaran suwarga.

Mugya Allah andadosaken kula lan panjenengan sadaya kagolong para kawulanipun ingkang tansah sumuyud, setya tuhu ingdalem anindakaken syariat tuwin tuntunanipun. Gita-gita rebat dhucung ingdalem nindakaken kabecikan, nampeni dhawuh kanthi anuhoni, lan nebihi punapa ingkang dados awisanipun. Dados kawula punika boten namung mupangati tumrap dhiri pribadhi, kulawarga, miwah masyarakat sakiwa tengenipun, ananging inggih pribadhi ingkang nindakaken saben-saben padamelan kanthi temenan lan obah osiking pangurbananipun awit karana sedya ingkang tulus ikhlas, mligi minongka ridlo saha maghfirohipun Allah SWT.

Mugiya Allah tansah ndadosaken putra wayah kula panjenengan sadaya, dadosa generasi ingkang sholih-sholihah, generasi ingkang boten namung wasis tumrap intelektual, ananging ugi wasis tumrap emosional lan spiritualipun. Amin Ya Mujibas sailin.

جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالحِيِن،  أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَر،  فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ،,  إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الأَبْتَرُ.  وَقُلْ رَبَّ اغِفِرْ وَاْرحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ,

الخطبة الثانية

اللهُ اَكْبَرُ (٣×) اللهُ اَكْبَرُ (٣×) اللهُ اَكْبَرُ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ . اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا ، أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا االلهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى عَنْهُ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَتِكَ اْلـمُقَـرَّبِيْنَ وَارْضَ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِىّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Dr. H. Luthfi Hadi Aminuddin, M.Ag

Sekretaris PCNU Ponorogo

The post Khutbah Idul Adha Basa Jawa – Suraosing Idul Adha:  Cara Nggulawenthah Generasi ingkang Shalih appeared first on NU PONOROGO.

KHUTBAH IDUL ADHA 1443 H – ANAK SHOLIH LAHIR SAKING TIYANG SEPAH INGKANG TAAT BERAGAMA
KHUTBAH IDUL ADHA 1443 H – ANAK SHOLIH LAHIR SAKING TIYANG SEPAH INGKANG TAAT BERAGAMA

اَللهُ أَكْبَرْ × 9

اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا . وَالحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا . وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً . لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ . اَللهُ أَكْبَرْ وَللهِ الحَمْدُ .

الحَمْدُ للهِ الَّذِى أَعَدَّ لِلمُحْسِنِيْنَ جَزَاءً حَسَناً. وَرَفَعَ لَهُمْ عِنْدَهُ قَدْراً وَشَأْناً. أَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً وَاِيْقَانًا. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المَبْعُوْثُ اِلَى الثَّقَلَيْنِ رَحْمَةً وَإِحْسَانًا.

اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِنِ المُنَزَّلِ عَلَيْهِ القُرْآنُ تِبْيَانًا. وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ نَالُوا مِنْ رَّبِّهِمْ مَغْفِرَتاً وَرِضْوَاناً.

اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشِّيْطّانِ الرَّجِيْمِ . يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . (الِ عِمْرِانَ : ١٠٢) صَدَقَ اللهُ العَّظِيْمِ.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

الله أكبر ، الله أكبر ، الله أكبر ، ولله الحمد

Sumangga kula lan panjenengan sadaya tansah meningkatkan taqwa kita dhumateng Allah SWT, kanthi estu-estu nglampahi sadaya parintah-parintahipun, lan tansah nebihi sadaya awisan-awisanipun.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Ariyaya Idul Adha, ugi kawastanan ariyaya Kurban, awit ing dinten punika den syari’ataken nindakaken ngibadah ingkang sanget utami, inggih punika ngibadah kurban. Wonten ing dalem ngibadah kapepethan kasabaranipun Nabi Ibrahim AS, ingatase pacoban ingkang kaparingaken dhumateng panjenenganipun; sarta dados kaenget kanthi pratela kasetyanipun anindakaken sedaya parentahipun Allah SWT dhumateng panjenenganipun.

Awit kanthi kasabaran lan kasetyanipun Nabi Ibrahim punika, panjenganipun kapatedhan ganjaran pangkat ingkang langkung inggil kanthi sesebatan “Khalilullah” (kekasihing Allah).

Ingdalem kitab “Misykatul Anwar” kasebataken bilih Nabi Ibrahim AS anggadhahi kaya 1000 domba, 300 lembu, lan 100 unta. Panjenenganipun kalebet tiyang ingkang sugih ing jamane.

Ing satunggaling dinten, Nabi Ibrahim AS nate dipun dangu, “rajakaya kang akeh iki darbeke sapa?” Nabi Ibrahim paring wangsulan: “Kagunganipun Allah, ananging sapunika taksih kagungan kula. Lamun samangsa-mangsa Allah ngersakaken, bakal kula pasrahaken sedayanipun. Boten namunga rajakaya, lamun Allah ngersakaken Ismangil yoga kula ingkang paling kula tresnani, tuhu kula pasrahaken dhumateng Allah kanthi ikhlas lilaning manah.”

Imam Ibnu Katsir ingdalem kitab “Tafsir Al-Qur’anul ‘Adzim” ngandharaken bilih, pangandikanipun Nabi Ibrahim ingkang ngalilani putranipun lamun kakersakaken dening Allah, nuli dados pacoban, nenggih Allah nyobi iman lan taqwa Nabi Ibrahim sarana pangimpen ingkang tuhu haq, supados ngorbanaken putranipun sarana den pragat, nalika samanten umuripun taksih 7 tahun. Putra ing bagus wernane sulistya ing warni, tansah nengsemake, sehat lan prigel cukat sarta trampil punika supados kakorbanaken sarana den pragat mawi astanipun Nabi Ibrahim piyambak.

Kawinarni ingdalem Al-Qur’an : Surat As-Shaffat : 102 :

قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَى ، قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِن شَاء اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ (الصافات : ١٠٢)

“Nabi Ibrahim tutur marang Nabi Ismangil. He anakku, wruhanamu aku tampa dhawuhing Allah ana ing pangimpen. Aku ingandikakake ambeleh kowe. Mara kapriye panemumu.” Nabi Ismangil matur: “Dhuh bapak, prayoginipun lajeng sampeyan estokaken dhawuhing Allah wau, amragat kula. Manawi Allah marengaken, sampeyan badhe sumerep tetekipun manah kula nglampahi sampeyan pragat.” (Qs. As-Shaffat : 102)

Nabi Ibrahim mantepaken sedyanipun sarta Nabi Ismangil pasrah nglilakaken saliranipun. Sanalika Malaikat Jibril tumurun mbekta wahyuing Allah SWT, ndhawuhi maring Nabi Ibrahim supados nyigeg anggenipun badhe mragat Ismangil, awit saking kaikhlasan kekalihipun kalawau, minongka leliru Allah amung nyekapaken  supados amragat menda kemawon minongka gantosing korban. Al-Qur’an : As-Saffat : 107-110

وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيم ، وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الآَخِرِينَ ، سَلامٌ عَلَى إِبْرَاهِيمَ ، كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ  (الصافات : ١٠٧ – ١١٠)

“Nabi Ismangil kang mesthi kudu dibeleh, banjur Ingsun lironi wedhus gedhe, dadi wis cukup ambeleh wedhus mau. Ingsun anglestarekake jenenge Nabi Ibrahim lan kautamane, ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari. Kabeh padha memuji: Allah muga paringa salamet marang Nabi Ibrahim. Kaya mangkono enggon Ingsun males marang wong kang padha gawe kabecikan.” (Qs. As-Saffat : 107-110).

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

الله أكبر ، الله أكبر ، الله أكبر ، ولله الحمد

Sumangga kita galih sapisan malih surasaning tembung wangsulanipun Ismangil ingkang alit rikala mireng yen saliranipun badhe kakurbanaken dening ramanipun sarana ngestokaken lan nuhoni dhawuhdalem Allah SWT, kanthi matur : “Dhuh bapak, prayoginipun lajêng sampeyan èstokakên dhawuhing Allah wau, amragat kula. ”

Kedadosan ingkang kebak sujarah kalawau ngemu suraos tumrap saben-saben tiyang Muslim, bilih putra ingkang ngabekti lan mituhu punika miyos saking tiyang sepah ingkang tansah ngabekti lan mituhu ugi dhumateng Allah. Bebasan, “kacang mongsa ninggala lanjaran.”

Ingdalem satunggiling hadits, riwayat  Al-Bazzar, dikatrangaken makaten:

عَنْ اِبْنِ عَبَّاسٍ ، أَنَّ رَسُوْلَ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ : إِنَّ اللهَ عَزَّ وَجَلَّ لَيَرْفَعُ ذُرِّيَّةَ المُؤْمِنِ مَعَهُ فِي دَرَجَتِهِ وَإِنْ كاَنَ لَمْ يَبْلُغْهَا فِي العَمَلِ. (رواه البزار)

“Satemene Allah ngangkat drajating anak-anake wong mukmin maring drajate orang tuane, sanadyan ta amal shalihe bocah-bocah mau ora kaya dene amalane orang tua lorone.” (HR. Imam Al-Bazzaar)

Kashalihan Nabi Ismail ingkang taksih alit kalawau, boten denpikoleh saking bangku sekolah, ugi boten karana kelu maring adat lan budaya masyarakatipun;  amung awit saking ketaataning tiyang sepah kekalihipun dhumateng syari’atipun Allah SWT; lan awit berkat parimating biyang kinasihipun ingkang yektos nuhoni tumrap piwulang agami.

Lingkunganipun Nabi Ismangil alit, rikala samanten amung ibunipun kewala, awit kekalihipun gesang wonten ing satunggiling lembah ingkang papanipun dereng kadunungan dening manungsa, kajaba amung kekalihipun.

Carios Nabi Ibrahim AS, ngemu piwulang ingkang langkung utami tumrap kita sadaya, bilih ing yen ta kula lan panjenengan nedya utawi ngersakaken putra ingkang shalih, maka tiyang sepah kedah langkung rumiyin tansah njagi keshalihanipun minongka tuladha tumrap para putranipun.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

الله أكبر ، الله أكبر ، الله أكبر ، ولله الحمد

Wonten ing tembe kawuri, para putra ingkang shalih punika minongka pangarep-arepinh tiyang sepah, lamun sawanci-wanci katimbalan sowan ing ngarsaDalem Allah, ing ngalam delahan kaputus wekdal kagem nindakaken amali lan tumindak sae tumrap salira pribadinipun. Ingdalem satunggiling hadits, katrangaken :

عَنْ سَهْلِ بْنِ مُعَاذٍ عَنْ أَبِيهِ : أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ قَرَأَ الْقُرْآنَ وَعَمِلَ بِمَا فِيهِ أُلْبِسَ وَالِدَاهُ تَاجًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ ضَوْءُهُ أَحْسَنُ مِنْ ضَوْءِ الشَّمْسِ فِي بُيُوتِ الدُّنْيَا. (رواه أبو داود)

“ Kariwayatken saking Sahal bin Mu’az saking ramanipun, satuhune Rasulullah SAW ngandika : Sing sapa wonge maca Al-Qur’an lan ngamalake isining Qur’an, maka wong tuwa kekarone ing akhirat  bakal diwenehi makutha kang sorot cahyane endahe ngungkuli soroting surya ing ngalam donya.” (HR. Imam Abu dawud).

Ingdalem hadits ing nginggil, yektos bilih tiyang sepah kekalih ing akhirat ugi bakal kamulyakaken ing ngarsane Allah SWT, awit karana tumindak becike para putranipun.

Pramila jalaran saking tiyang sepah kang shalih ugi bakal nuwuhaken bibit-bibit putra ingkang shalih ugi sarta setya tuhu dhumateng puwilanging agami; lan putra ingkang shalih lan ngabekti maring agami bakal dados gegadhanganipun tiyang sepah, nadyanta kekalihipun sampun wonten ngalam delahan.

Boten namung donga putra ingkang shalih ingkang mupangat tumrap tiyang sepah kekalihipun, ananging ugi ngibadahnya kanthi temenan kang katindakaken ing donya dados sabab Allah SWT ngasihi saha mulyakaken tiyang sepah kekalihipun.

Hadirin Rahimakumullah

الله أكبر ، الله أكبر ، الله أكبر ، ولله الحمد

Amungkasi khutbah punika, sumangga kita munajat dhumateng Allah supados kula lan panjenengan sami kaparingan keselametan saking sedaya ancaman, kaparingan kasaenan ingkang sampurna, gesang ingkang bagya mulya widada tuwin wekdal sarana ngabekti kanthi sasae-saenipun ingarsaning Allah SWT.

Kaparingan kakiyatan sarana mangun bale wisma ingkang langkung prayogi, satemah saged dados papan pangayoman tumrap putra-putri ingkang shalih shalihah, setya tuhu dhumateng agami, ngabekti dhumateng  tiyang sepah kekalih, saha mupangati tumrap masyarakatipun. Amiin yaa robbal ‘alamiin.

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ بِاَيَةِ القُرْأنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنَا وَإِيَاكُمْ بِتِلاَوَتِهِ وَفَهْمِهِ وَبِحِفْظِ مَعَانِيْهِ العَظِيْمِ : أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ :

وَالْعَصْرِ (1) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (3).

وَقُل رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ اَرْحَمُ الرَّحِمِيْنَ.

الخطبة الثانية للعيد.

الله اكبر × 7

الْحَمْدُ لِلَّهِ الْمُنْفَرِدِ بِالدَّوَامِ . الْبَاقِي بَعْدَ فَنَاءِ الأَيَّامِ . الْمُوجِدِ لِلْخَلْقِ بَعْدَ الْعَدَمِ . الْمُفْنِي لَهُمْ بَعْدَ أَنْ ثَبَتَتْ أَعْمَالُهُمْ فِي الصُّحُفِ كَمَا جَرَى بِهِ الْقَلَمُ . الْعَالِمِ بِمَا انْطَوَتْ عَلَيْهِ أَسْرَارُهُمْ فِي الْحَالِ وَفِي الْقِدَمِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إلَهَ إلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةَ عَبْدٍ مُضْطَرٍّ إلَيْهَا عِنْدَ زَلَّةِ الْقَدَمِ . وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَرْسَلَهُ إلَى أَكْرَمِ الأُمَمِ . وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.

وَبَعْدُ . فَاتَّقُوا اللهَ وَاجْتَنِبُوا الفَوَاخِشَ فَقَدْ فَازَ الـمُتَّقُونْ. قَالَ تَعَالَى فَهُوَ اَصْدَقُ القَائِلِيْنَ : إِنَّ اللَّهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا . اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ ، وأَصْحَابِهِ وَأَتْبَاعِهِ أَجْمَعِيْنَ ، وَالحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ .

أللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ وَالمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ ، الاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالاَمْوَاتِ ، اَللَّهُمَّ أصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا ، وِأَلِفْ بَيْنَ قُلُوْبِنَا ، وَاجْعَلْ فِي قُلُوْبِنَا الإِيْمَانَ ، وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا عَلَى دِيْنِ الاِسْلاَمْ ، وَانْصُرْنَا عَلَى عَدُوِّكَ ،  وَاجْعَلْنَا مِنْ عِبَادِكَ الصَّالِحِيْنَ ، بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ .

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آَمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ.

رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَالحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ.

Drs. KH. M. Muhsin, MH

Ketua Yayasan Perguruan Tinggi Nahdlatul Ulama Batoro Katong Ponorogo

The post KHUTBAH IDUL ADHA 1443 H – ANAK SHOLIH LAHIR SAKING TIYANG SEPAH INGKANG TAAT BERAGAMA appeared first on NU PONOROGO.

Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa – Wulan Besar: Tawaran Mapinten Amal Kesaenan
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa – Wulan Besar Tawaran Mapinten Amal Kesaenan

Khutbah I

اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ، أُوْصِيْنِيِ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وقَالَ تَعالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللّٰهُ العَظِيمُ

Jamaah Jum’ah Ingkang Minulyo

Sumonggo kita tansah ningkataken ketaqwaan dumateng Allah SAW kanti ngelampahi sedaya perintah-perintah ipun soho nebihi sedaya awisan-awisan ipun. Lan ampun ngantos kita benjang pejah kejawi netepi agami Islam.

Jamaah jum’ah ingkang minulyo

Perlu dipun mangertosi, bilih sak meniko kita sampun mlebet salah setunggalipun wulan ingkang agung, wulang ingkang mulyo inggih meniko wulan Dzulhijjah. Wulan Dzulhijjah meniko salah setunggalipun wulan saking sekawan wulan ingkang dipun wastani Asyhurul Hurum, yakni wulan-wulan ingkang dipun mulyaaken deneng Allah. Ateges sekawan wulan meniko, Allah paring keistimewaan-keistimewaan ingkang mboten dipun paringaken dateng wulan-wulan lintunipun.

Dipun dawuh aken dateng kitab Nuzhatul Majalis karya saking syekh Abdurrohman bin ‘Abdissalam bin ‘Abdirrohman bin ‘Ustman al-Syafi’i bilih, wulan Dzulhijjah meniko dipun mulyaaken deneng Allah lantaran wonten syariat arupi pasa ‘Arofah. Wonten wulan Dzulhijjah, Allah mulyaaken dateng sekawan Nabi, inggih meniko sepindah, Allah nampi taubat ipun nabi Adam; nomer kalih, Allah paring dawuh secara langsung dateng nabi Musa wonten gunung Thur; nomer tigo, Allah paring kamulyan dateng nabi Muhammad nyempurnaaken Rukun Islam kanti Haji, lan ingkang terakhir, naliko nabi Ibrahim nyembelih nabi Ismail selajeng Allah ngijoli kaliyan wedus, ugi terjadi wonten wulan Dzulhijjah.

Magayutan kaliyan keistimewaanipun wulan Dzulhijjah, dipun dawuh aken maleh dateng kitab Nuzhatul Majalis, bilih Kanjeng Nabi dawuh:

مَنْ صَامَ يَوْمَ التَّرْوِيَةِ  أَعْطَاهُ اللّهُ ثَوَابَ أَيُّوبَ عَلَيْهِ السَّلامُ عَلَى بَلاَئِهِ، وَمَنْ صَامَ يَوْمَ عَرَفَةَ أَعْطَاهُ اللَّهُ ثَوَابًا مِثْلَ ثَوابِ عِيْسَى عَلَيْهَ السَّلامُ

Artosipun: “Sopo wonge pasa dino Tarwiyah mongko Allah aweh ganjaran koyo ganjarane nabi Ayub AS naliko katatrapan cobo, lan sopo wonge pasa dino ‘Arofah, Allah paring ganjaran koyo ganjarane nabi ‘Isa AS”.

Imam al-Rozi dawuhaken bilih, tanggal 8 saking wulan Dzulhijjah meniko dipun wastani Tarwiyah, wondene tanggal 9 Dzulhijjah dipun wastani dinten ‘Arofah. Magayutan kaliyan utomo nipun dinten Tarwiyah ugi dinten ‘Arofah, taksih mundut katerangan saking kitab Nuzhatul Majalis:

عَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللّهُ عَنْهَا: عَنِ النَّبيِّ صلّى اللّه عليه وسلّم  قال: إنَّ فِي الجَنّةِ قُصُورًا مِنْ دُرٍّ وَيَاقُوْتٍ وزَبَرْجِدٍ وَذَهَبٍ وَفِضَّةٍ  قُلْتُ : يَارَسُولَ اللّهِ لِمَنْ هِيَ؟ قَالَ : لِمَنْ صَامَ يَوْمَ عَرَفَةَ، يَا عَائِشَةَ: مَنْ أَصْبَحَ صَائِمًا يَوْمَ عَرَفَةَ فَتَحَ اللّهُ عَلَيْهِ ثَلاثِيْنَ بَابًا مِنَ الخَيْرِ وَأغْلَقَ عَنْهُ ثَلاثِينَ بَابًا مِنَ الشَّرِّ، فَإِذَا أَفْطَرَ وَشَرِبَ اْلمَاءَ اسْتَغْفَرَ لَهُ كُلُّ عِرْقٍ فِي جَسَدِهِ”.

Artosipun: “Dipun riwayat aken saking sayidah ‘Aisyah RA, mundut dawuh saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW bilih: “Sak temene ono suwargo iku ono istana-istana soko mutioro, soko Yaqut/permoto, soko Zamrud, emas lan soko perak”. Nuli ingsun matur marang kanjeng nabi: “Ya Rasul, kagem sinten istana-istana kolowau?” Kanjeng Nabi njawab: “Kanggo wong seng pasa ‘Arofah. ‘Aisyah, sopo wonge pasa dino ‘Arofah mongko Allah mbukak marang dewe’e 30 lawang kebagusan lan Allah nutup marang dewe’e 30 lawang keolonan. Lan naliko dewe’e buko, nuli ngombe mongko sekabehane keringet seng ono awake, njalukno ngapuro marang dewe’e”.

Wonten katerangan maleh magayutan kaliyan dinten ‘Arofah, inggih meniko:

وعَنِ الفَضَلِ ابْنِ اْلعَبَّاسِ رضي اللّه عنه عَنِ النبيِّ صلّى اللّه عليه وسلّم قال: مَنْ حَفِظَ لِسَانَهُ وَسَمْعَهُ وَبَصَرَهُ يَوْمَ عَرَفَةَ غُفِرَ لَهُ إِلَى عَرَفَةَ

Artosipun : Dipun riwayataken saking sohabat Fadlol ibnil ‘Abbas RA, saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW, “Sopo wonge ngrekso lisane, kupinge lan mripate ing dalem dino ‘Arofah mongko doso-dosone wong mau dingapuro deneng Allah tumeko ‘Arofah kang bakal teko”.

Mundut dawuh saking hadits kolowau, kangge nggayuh fadilah ingkang agung kados mekaten kolowau, monggo, milai sak meniko kita sami belajar ngrekso lisan, ngrekso kuping, soho peningal kita, sampun ngantos mripat, kuping soho lisan meniko terbiasa dipun ginaaken kangge perkawis-perkawis ingkang mboten dipun remeni kaliyan Allah, malah-malah nyebab aken bendune Allah. Perkawis-perkawis ingkang nyebabaken bendune Allah, kados dene goroh/mblituk, nggunem alane liyan/ngrasani, mirengne utawi ningali perkawis-perkawis ingkang dipun larang deneng agami, lan lintu-lintunipun. Monggo poro jamaah, Perkawis-perkawis kolo wau sami kita gatosaken langkung-langkung wonten dinten Tarwiyah lan ‘Arofah.

Jamaah Jum’ah Ingkang Minulyo

Kemuliaan Wulan Dzulhijjah, sak lintunipun kerono wonten ipun dinten Tarwiyah soho dinten ‘Arofah, wulan Dzulhijjah saget istimewa lan mulyo meniko amargi tanggal 10 Dzulhijjah meniko merupakan dinten Riyoyo nipun umat Islam, ingkang dipun wastani kaliyan ‘Idul Adha utawi Riyoyo Qurban. Saking mulyo nipun Riyoyo Idul Adha, katah sanget amaliah-amaliah ingkang menawi dipun lampahi pikantuk ganjaran soho piwales ingkang mboten sak mestinipun, mboten sami kaliyan menawi dipun lampahi wonten sak lintunipun dinten Idul Adha. Salah setunggal ipun amaliah ingkang paling dipun remeni kaliyan Allah wonten dinten Riyoyo Qurban inggih meniko berkurban utawi mbelih hewan Qurban. Dipun dawuh aken wonten kitab Sunan Turmudzi bilih:

مَا عَمِلَ أَدَمِيٌ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلىَ اللّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ  إِنَّهَا لَتَأتِي يَوْمَ اْلقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَشْعَارِهَا وَأَظْلَافِهَا وَأنَّ الدّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللَّهِ بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ مِنَ اْلأَرْضِ فَطِيْبُوا بِهَا نَفْسًا

Artosipun: “Ora ono ngamale anak-putune Nabi Adam, ing dalem dino riyoyo Qurban kang den demeni Allah katimbang ngile’aken getih yakni mbelih hewan qurban. Sak temene, mbesok ing dalem dino Qiyamat, hewan-hewan Qurban iku teko lengkap kanti sungune, wulune lan kuku-kukune. Sak temene, ganjarane Qurban iku wus tumeko marang Allah sak durunge getihe hewan Qurban mau tumetes marang tanah. Mulo, mbagusono ati siro kabeh”. (HR. Imam Turmudzi).

Hubungan kaliyan fadilah ipun Qurban, Syekh Abdul Qodir Jailani dawuh wonten karyanipun al-Ghunyah bilih: “Nabi Dawud Matur dateng Allah: “Ya Allah, punopo piwalese umat ipun Nabi Muhammad SAW ingkang kerso Qurban?”, selajeng Allah njawab:

ثَوَابُهُ أَنْ أُعْطِيَهُ بِكُلِّ شَعْرَةٍ عَلىَ جَسَدِهَا عَشْرَ حَسَنَاتٍ وَأَمْحُوْ عَنْهُ عَشْرَ سَيِّئَاتٍ وَأَرْفَعُ لَهُ عَشْرَ دَرَجَاتٍ أَمَا عَلِمْتَ يَا دَاوُدُ أَنَّ الضَّحَايَا هِيَ اْلمَطَايَا وَأنَّ الضَّحَايَا تَمْحُوْ اْلخَطَايَا

Artosipun: “Piwalese yoiku, wong mau tak wei ingdalem saben-saben rambut saking hewan Qurbane, 10 kebagusan, tak lebur 10 kealanan lan tak angkat derajate kanti 10 derajat. Weruho siro He Nabi Dawud:

أَنَّ الضَّحَايَا هِيَ اْلمَطَايَا وَأنَّ الضَّحَايَا تَمْحُوْ اْلخَطَايَا

Artosipun “Sak temene hewan Qurban iku dadi Tumpaan, lan sak temene hewan Qurban iku nglebur doso-doso lan keolonan”.

Jamaah Jum’ah ingkang minulyo,

Ningali dawuh-dawuh kolowau, sami ugi hubungan kaliyan siyam Tarwiyah soho ‘Arofah, ugi kautamaan ipun Qurban, monggo kita sami ‘azam, sami niyat wonten manah, nglempahi sedaya  kolowau kanti sak kiyat-kiyat ipun. Ingkang kagungan, monggo sami Qurban, sami ugi kaliyan mendo/wedus utawi kaliyan sapi utawi kebo. Qurban meniko hukum ipun Sunah Muakkad ateges sunah ingkang sangat dianjurkan dateng agami.

Mekatekn Khutbah mugi wonten guna lan manfaatipun, Amiiin

أَعُوذُ بالله من الشيطان الرجيم

فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَاهُ ومَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَاهُ

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ بَعْدَهُ. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.

أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ! اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

قَالَ اللّٰهُ تَعاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِالِلّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسۡمِ ٱلِلّٰهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيْمِ. إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَ قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَالْمَوْتِ، اَللّٰهُـمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ. اَللّٰهُـمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.

Dr. Miftahul Huda M.Ag

Wakil Ketua Tanfidziah PCNU Ponorogo

The post Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa – Wulan Besar: Tawaran Mapinten Amal Kesaenan appeared first on NU PONOROGO.

SUMANGGA SAWEGA ING DIRI KAGEM NINDAKAKEN KURBAN – Khutbah Jumat Basa Jawa
SUMANGGA SAWEGA ING DIRI KAGEM NINDAKAKEN KURBAN – Khutbah Jumat Basa Jawa

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْه ُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اما بعـد

قال الله تعالى: اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وقَالَ اللهُ تَعَالى اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ

Kaum muslimin sidang jum’at rahimakumullah

Wonten ing wekdal ingkang tuhu prayogi punika, sumangga kita nggiyataken katakwaan kita dhumateng Allah SWT, kanthi margi imtisaalu al-awaamir wa ijtinaabu an-nawaahi (anglampahi sadaya parintahipun Allah SWT lan nebihi punapa ingkang dados awisan-awisanipun). Kedah den kawruhi, boten wonten samubarang ingkang langkung prayogi ing ngarsaDalem Allah SWT, kajawi namung takwa kita dhumateng Allah SWT.

Kaum muslimin sidang Jum’at rahimakumullah

Nindakaken ngibadah kurban punika minongka jejibahan tumrap titahing Allah. Sadaya abdining Gusti anggadhahi jejibahan angurbanaken sedaya kagem Gustinipun. Kados ta angurbanaken saperangan wekdalipun kagem nindakaken sholat. Ugi anggadhahi jejibahan ngurbanaken saperangan saking bandhanipun minongka jakat lan kangge tindak haji. Ugi, kedah nglampahi jejibahan arupi ngurbanakan kasukan kanthi lampah cegah dhahar lawan saresmi nalika anindakaken ngibadah siyam ing wanci Wulan Ramadhan. Wosipun makaten, sadaya titah sawantah punika kedah nindakaken ngibadah kurban.

Wonten wekdal sapunika, kita badhe angandharaken bab kurban ingkang langkung mirunggan ingkang kajumbuhaken kalihan tanggal miwah kadadosan ingkang mirunggan ugi nenggih Wulan Dzulhijjah dalasan dinten Tasyriq inggih tanggal kaping 10, 11, 12 lan 13. Ngibadah Kurban  punika ngibadah ingkang amung kalampahan wonten ing wekdal kasebat. Allah SWT sampun paring dhawuh pangandika wonten ing al-Qur’an, ungelipun makaten.

اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ

Artosipun: (He Mukhammad) Ingsun paring bengawan kang aran Kaotsar marang sira. Mulane sira sembahyanga riaya, lan nyembeleha kurban. Satemene wong kang sengit ing sira iku wong kang pedhot becike. (QS. Al-Kautsar, 1-3).

Ayat kalawau dipun kiyati dening satunggal hadis, ungelipun makaten.

مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ وَلَمْ يُضَحِّ, فَلَا يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا

Artosipun: Sing sapa wonge katemben aneng kalodhangan (bab harta) ananging nora gelem anindakake ngibadah kurban maka aja  pisan-pisan nyedhaki papan panggonan sembahyange kita.” (HR. Ibnu Majah (3123), Ahmad (2/321), al-Hakim (4/349), ad-Daruquthni (4/285), al-Baihaqi (9/260).

Dalil kekalih kalawau minongka dhasaran tumrap madzhab Hanafi kagem hanyatakaken ing yenta ngibadah Kurban  punika  WAJIB hukumipun tumrap sok sinten ingkang kuwawi nindakaken kurban lan boten saweg tetindakan.

Miturut madzhab Syafi’i, hukuming Kurban  sanes wajib, ananging sunnah muakkadah. Kados ingkang sampun dipun lampahi dening Abu Bakar lan Umar minongka bukti bilih kurban  punika boten wajib. Abu Bakar lan Umar nate boten nindakaken ngibadah kurban. Boten kurbanipun Abu Bakar punika ngemu suraos supados Kurban punika boten den anggep wajib dening para umat. Madzhab Syafi’i ugi anggadhahi pamanggih bilih hadis ingkang dipun riwayataken dening Imam Tirmidzi (aku den prentah supaya nindakake kurban  lan kurban  iku sunnah ingatase sira kabeh) saha Imam Daruquthni (den wajibake ing atasku nindakake kurban  lan ora den wajibake tumrap sira kabeh) punika angandharaken bilih Kurban  punika ibadah  wajib menggah Rasulullah SAW kewala, boten kawajibaken menggah umate. Tumrap umat Islam, kurban  punika amung sunnah.

Hukum Wajib miturut madzhab hanafi lan Sunnah Muakkadah miturut madzhab syafi’i ngemu suraos tigang perkawis.

Sapisan, ngibadah Kurban  punika ngibadah ingkang wigatos. Wonten salebeting hadis sampun katrangaken bilih sautama-utamaning amalan rikala dinten ariaya ‘idul adha inggih punika iroqutud dam (mragat hewan kurban ). Pramila saking punika, supados kita boten nyimpang saking hadis Rasul ing nginggil, sayogyanipun inggih nindakaken kurban. Kita sisihaken saperangan harta kagungan kita kagem sarana nindakaken kurban  ing dinten riyaya. Langkung-langkung manawi sampun sesemahan, miturut madzhab syafi’i kaprayogekaken nindakaken kurban  minongka nglampahi sunnah kifayah ateges sunnah nalika wonten ing satunggaling kulawarga wonten ingkang nindakaken utawi anglampahi maka hukum sunnah kalawau karampungaken. Cobi dipun emut, punapa ingkang sampun kadhawuhaken dening Ibnu ‘Abbas bab Kurban  puniki. Lamun sadhengah pawongan boten kuwawi kurban  sarana domba utawi menda, prayoganipun ing dinten ariyaya ‘Idul adha nindakaken kurban  sanadyan namung sarana ayam, itik, kelinci lan sanes-sanesipun minongka wujud iraqotud dam.

Kaping kalih, ngibadah Kurban  punika minongka wujud kesadaran ing yen ta manungsa amung titah sawantah ingkang boten anggadhahi punapa-punapa lan boten anggadhahi daya kuwasa punapa-punapa. Kedah dipun emut-emut lelampahanipun tiyang kekalih ingkang sampun nindakaken kurban ing ngarsaning Allah neggih Habil,  Nabi Adam kang putra ingkang sampun karsa ngurbanaken domba ingkang paling sae piyambak, sarta pangorbananipun Nabi Ibrahim ingkang tansah pasrah sumarah mring titahing Allah supados ngurbanaken putranipun ingkang paling dipun trensani piyambak, Ismail, nadyan ta ing wusana Ismail kagantos domba dening Allah SWT. Cariyos kekalipun kalawau minongka piwulang tumrap kita. Sumangga kita ngurbanaken bandha donya kita kagem Allah SWT. Sumangga ngorbanaken wekdal kita kagem nindakaken sholat berjama’ah. Sumangga kita ngorbanaken wekdal kagem ningali TV kagem maos ayat-ayat al-Qur’an. Sumangga kita ngorbanaken wekdal sare kita kagem munajat ndhedheple wonten ngarsaning Allah SWT wanci tengahing ratri.

Kaping tiga, samangsanipun kita sampun nindakaken kurban, sayogyanipun sadaya daging kaparingaken mring tiyang miskin utawi ugi pareng marang tiyang sugih. Sanadyan ta kita kaparengaken nedha dumugi sapratelon saking dagingipun, ananging ingkang langkung prayogi namung mundhut sacekapipun utawi wonten tembung fiqh, sinebat luqmatun utawi luqoimaatun (satunggal pulukan atau pinten-pinten pulukan alit) minongka sarana kaalap sawab barokah saking ngibadah kurban  kasebut. Ingkang langkung utami kagem sarana den alab barokahipun inggih punika peranganing atinipun hewan kurban.  Awit nuladha Rasulullah SAW (ittiba’urrasul) lan nedya supados kita saged mlebet swargi langgeng lan sagen ngrahapi wiwitaning tetedhan ingkang kaparingaken maring warganing swarga inggih punika ati (tafaaulan). Kenging punapa sayogyanipun sedaya daging kakurbanaken lan amung sakedhik ingkang katedha piyambak? Supados kita tuhu-tuhu ikhlas anggenipun nindakaken kurban minongka kapentinganipun Allah SWT.

Kaum muslimin sidang jum’at Rohimakumullah

Ing pangajab mugya kita saged nindakaken kurban kalawan kurban ing sayektosipun, ateges kurban kalawan hewan ingkang sampun katemtokaken ing angger-anggering agami sarta kurban kalawan surasa ingkang langkung wiyar kados dene ingkang sampun kaandharaken.

جَعَلَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنْ الْفَائِزِيْنَ الْامِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُتَّقِيْنَ.

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَمَنْ يَشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ, وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

اَلْخُطْبَةُ الُثَّانِيَةُ

اَلْحَمْدُ لِلّهِ ضَامِنِ الْفَلَاحِ لِمَنْ تَمَسَّكَ بِالشَّرْعِ وَوَقَفَ عِنْدَ حُدُوْدِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّم تَسْلِمًا كَثِيْرًا.

اَمَّابَعْدُ : فَيَآ اَيُّهَا النَّاسُ !

اِتَّقُوا اللهَ وَاَبْدِلُوا الْفَسَادَ بِالرَّشَادِ. وَاَصْلِحُوا شُؤُوْنَكُمْ وَقُوْمُوْا عَلى قَدَمِ السَّدَادِ. فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْا اَنَّما عَلى رَسُوْلِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِيْنُ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ.

اللّهُمَ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ وَارْفَعْ لَهُمُ الدَّرَجَاتِ وَضَاعِفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ وَكَفِّرْ عَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ وَبَلِّغْ جَمِيْعَ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ خَيْرَيِ الدَّارَيْنِ مَا يُؤَمِّلُوْنَ وَانْشُرْ وَافِرَ اِحْسَانِكَ عَلٰى بَلْدَتِنَا هذِهِ وَسَا ئِرِ بِلَادِ الْاِسْلَامِ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ امَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَخْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ. وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ.

Dr. Iswahyudi, M.Ag

Ketua Aswaja Center NU Ponorogo

The post SUMANGGA SAWEGA ING DIRI KAGEM NINDAKAKEN KURBAN – Khutbah Jumat Basa Jawa appeared first on NU PONOROGO.