NU PONOROGO

Official Website PCNU Ponorogo

Nuladhani Ta’atipun Nabi Ibrahim AS dan Nabi Isma’il AS Marang Allah Swt

Kaum Muslimin yang dirahmati Allah Swt., sebentar lagi kita akan menyambut hari Raya Idul Adha 1447 H. Untuk itu, Tim redaksi NU Online Ponorogo telah menyiapkan teks khutbah Idul Adha berbahasa Jawa. Khutbah Idul Adha kali ini berjudul “Nuladhani Ta’atipun Nabi Ibrahim AS dan Nabi Isma’il AS Marang Allah Swt.”

اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣)
اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا, وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا, لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ , مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ , لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ , صَدَقَ وَعْدَهُ , وَنَصَرَ عَبْدَهُ , وَأَعَزَّ جُنْدَهُ , وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ – لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَ كْبَرُ – اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ … اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَعَلَ يَوْمَ الْأَضْحَى عِيْدًا وَمَوْسِمًا لِلْخَيْرَاتِ وَالطَّاعَاتِ ، وَتَكْفِيْرِ الذُّنُوْبِ وَالرَّفْعَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ , شَهَادَةً نَرْجُوْ بِـهَا الْفَوْزَ يَوْمَ الْمَقَامَاتِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، خَاتَـمُ النَّبِـيِّـيْنَ وَإِمَامُ الْمُتَّـقِيْنَ . اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَيْهِ ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ . أَمَّا بَعْدُ
إِخْوَانِيْ رَحِمَكُمُ اللهُ ، اِعْلَمُوْا أَنَّ هَذَا الْيَوْمَ الْأَزْهَرَ، هُوَ يَوْمُ الْعِيْدِ الْأَكْبَرُ ، فِيْهِ يُعْمَلُ أَكْثَرُ أَعْمَالِ الْحَجِّ ، وَهُوَ يَوْمٌ مِنْ أَيَّامِ الشَّهْرِ الْحُـرُامِ . اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ

فَيَا عِبَادَ اللهِ ، أُوْصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ
قِيْلَ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَـحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓـــاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah
Wonten ing awal khutbah rioyo ‘idul Adha puniko, sumonggo kito andhapaken ati lan ngunjuaken syukur dumateng Gusti Allah SWT, kranten kanthi rahmatipun ingkang rumentah dateng kito sedoyo, katitik saking panjang yuswo panjenengan dalah kulo, sahinggo kito saged hadir nglaksanakaken shalat sunah ‘idul adha, kempal manunggal wonten ing papan panggenan ingkang kebag barokah puniko, kanthi sihat wal ‘afiat.

Sholawat tuwin salam tansah kunjuk dumateng junjungan kito, kanjeng Nabi Muhammad SAW soho kaluwargo, sohabat, lan pendherekipun. Mugiyo kito dipun kempalaken teng akhirat, pinayungan rahmatipun Gusti Allah SWT. Aamiin ya robbal ‘alamiin
Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah

اِعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ , هٰذَا يَوْمُ عِيْدِ الْأَضْحَى

Yekti bilih dinten puniko dinten rioyo kagem panjenengan sedoyo. Dinten meniko lah ingkang kasebat ‘idul adha, dinten ingkang minulyo. Wonten ing Makkah al-Mukarromah, jutaan manungso saking sekabehing bongso, ingkang kulit badanipun rupinipun maneko warno, ingkang adat budayanipun bedo, sedoyo manunggal roso ing Makkah al-Mukarramah. Nglaksana-aken ritual ibadah ingkang sami urutanipun, tanpo rubedo, tanpo cecongkrahan, tanpo rumongso paling ngalim utowo paling pinunjul, sedoyo sami ngibadahipun nggih puniko “haji”.

اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah
Saklajengipun, ing dinten ingkang minulyo puniko, kawulo paring wasiat dateng badan kulo piyambak, sumrambah dumateng panjenengan sedoyo. Bilih sumonggo kito tingkat-aken kandeling iman soho taqwa kito dumateng Gusti Allah SWT, kados ingkang sampun dipun tuladani dening Nabi Ibrahim AS lan Nabi Isma’il AS, ingkang tansah siogo ing gati, ngurbanaken punopo kemawon murih ridhaning Gusti.

Rioyo ‘idul adha puniko, sak lintunipun kathah hikmah gegayutan kalian ibadah haji, sayektinipun ugi kathah hikmah gegayutan kalian konsep kesabaran lan kepatuhan dumateng Gusti Allah SWT. Rikolo semanten, Nabi Ibrahim AS pikantuk perintah saking Gusti Allah SWT kapurih mragat keng putro kinasih, nggih puniko Nabi Isma’il AS. Wondene mragat nggih kedah kanthi astanipun Nabi Ibrahim AS piyambak, dipun sakseni piyambak, lan kanthi kepatuhan nampi taqdir tanpo mbalelo.
Kasebat wonten ing al-Qur’an Surah As-Shofat ayat 102

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَـحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓـــاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ

Menggah artosipun: “kamongko nalikaning keng putro sampun dumugi titi wancining mongso kolo (umur sampun cekap) saged sesarengan makaryo, (Nabi Ibrahim AS) ngendikan: “duh putraku, sak temene aku pikantuk perintah (saking Gusti Allah SWT) ono ing ngimpi, yoiku aku mragat sliramu. Kamongko pikirno kepriye pendapatmu.” (Nabi Isma’il AS) mangsuli: “duh romo, sumonggo panjenengan tindakaken punopo ingkang dipun printahaken (dening Gusti Allah SWT), insya Allah panjenengan badhe manggihi kulo kalebet golonganipun priyantun ingkang sabar.”

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah
Wonten ing sejarah puniko, kita saged sinau saking kalih tiyang ingkang mirunggan, inggih punika Nabi Ibrahim AS, ingkang mboten namung mituhu dados abdi, nanging ugi dados bopo ingkang tegas, saged ngarahaken katresnanipun dhateng putranipun supados manut dhateng Gusti Allah SWT. Makatên ugi Kanjeng Nabi Isma’il AS, kanthi keteguhanipun, nedahaken bilih jiwanipun botên goyah nadyan dipun dhawuhi pasrah nyawanipun.

Nalika Nabi Ibrahim AS wus nyiapke putrane, kanthi gaman kang landhep wis disiapake ing tangane, lan Nabi Isma’il AS ugi sampun pasrah lan iman marang dhawuhipun Gusti Allah SWT, saknaliko ing wektu iku ana printah tumurun saking Gusti Allah SWT, yen kabeh iku mung pinangka ujian iman, yen Gusti Allah SWT ora bakal nyabut nyawane Nabi Isma’il AS. Banjur Gusti Allah SWT paring ganti Nabi Ismail AS kelawan kewan kurban ingkang dibeto Malaikat Jibril saking suwargo.

Wonten ing Al-Qur’an Surah As-Shofat ayat 105 – 107 kasebat:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَاۚ اِنَّا كَذٰلِكَ نَـجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ . اِنَّ هٰذَا لَـهُوَ الْبَلٰۤـؤُا الْمُبِيْنُ . وَفَدَيْنٰهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ

Artosipun: “temen-temen siro wus mbenerake impen (kanthi ngleksanani printah sajroning impen yoiku babagan mragat putro). Saktemene mangkono iku, ingsun (Allah) bakal paring piwales marang wong-wong kang padha gawe kabecikan. Yekti (printah mragat putro) iki anamung pacoban kang cetho mawelo-welo. Lajeng den tebus (keng putro iku) kelawan kewan kang agung (Yaiku wedhus gibasy kang putih, kang gedhe, tur sing duwe sungu, kang den beto dening Malaikat Jibril saking suwargo).”

اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah
Hanenggih menikolah hakekat ‘Idul Adha, hanenggih tunduk patuh lan nampi punopo kemawon ingkang dipun printahaken dening Gusti Allah SWT, kados ingkang den gambaraken wonten ing sejarahipun Nabi Ibrahim AS, ugi ikhlas tuwin sabar kados Nabi Isma’il AS. Sejatosipun, wonten ing babagan meniko, Nabi Ibrahim mboten namung mragat utawi nyembelih qurban, nanging ugi ngeculaken raos nduweni, mbuwang ego, lan ngilangaken raos ajrih kang ngalangi saking sakabehane ta’at marang Gusti Allah SWT.

Piwulang ingkang saged kito pendhet saking sejarah puniko, hanenggih kados pundi kito kedah nampi sedoyo takdir saking Gusti Allah SWT, kanthi raos kang ikhlas lan yakin, mboten sambat, mboten nesu, lan mboten mbalelo, bilih sedoyo puniko saestu ingkang paling sae kangge kito. Wonten ing konsep meniko, saged dipun tuladhani kados pundi naliko Nabi Ibrahim AS lan Nabi Isma’il AS pasrah lan nampi sedoyo takdir, jebul kasunyatane Gusti Allah SWT boten ndadosaken Nabi Isma’il AS minangka kurban, nanging malah paring gantos kurban awujud kewan suwargo.
Pramilo, Nabi Ibrahim AS paring piwulang dateng kito babakan sejatining katresnan ingkang mboten ngluwihi katresnan dumateng Gusti Allah SWT. Wondene Nabi Isma’il AS paring piwulang babakan maknanipun sabar, ikhlas, lan nrima takdir. Hanenggih menikolah pinongko tulodho tumraping manungso: bilih dados abdi utawi makhluq kudu manut tanpo syarat, lan tetep tabah naliko diuji kanthi pangurbanan kang gedhe. Pancen kito dipun parengaken tresno dhateng dunyo sak isinipun, kalebet kulowargo ingkang wonten ing ndalem, kalebet bondho ingkang sampun kito padosi kanthi jungkir walik gobyos kringet, kalebet kehormatan lan status sosial ingkang sampun kito bangun setahap demi setahap kanthi susah payah, ananging… sedayanipun kedah mboten pareng ngluwihi katresnan kito dhumateng Gusti Allah SWT.

Sampun wonten paugeran ing Al-Qur’an Surah At-Taubah ayat 24:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
قُلْ اِنْ كَانَ اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْ وَاِخْوَانُكُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيْرَتُكُمْ وَاَمْوَالُ ﻥ اِقْتَـرَفْتُمُوْهَا وَتِـجَارَةٌ تَـخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسٰكِنُ تَرْضَوْنَـهَآ اَحَبَّ اِلَيْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَجِهَادٍ فِيْ سَبِيْلِهٖ فَتَرَبَّصُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللّٰهُ بِاَمْرِهٖۗ وَاللّٰهُ لَا يَـهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ

Menggah artosipun: “dawuhno (Muhammad): “kalamunto bapak-bapakniro, putro-putriniro, sedulur-sedulurniro, garwoniro, keluarganiro, bondho dunyo kang siro budidoyo, lan babakan dol-tinuku kang siro wedi tuno, lan papan panggonan kang siro senengi, Lha kok ngluwihi tresno siro marang Gusti Allah lan Rasul-ipun lan jihad ing sabilillah, kamongko entenono nganti Gusti Allah nurunaken keputusanipun.” Yekti Gusti Allah iku ora nuntun wong-wong kang fasik.”

اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ اَللهُ أَ كْبَرُ وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah
Saking sejarahipun Nabi Ibrahim AS lan Nabi Isma’il AS meniko, ugi saged pikantuk piwulang bab ikhlas. Kados pundi tiyang ingkang ikhlas ngabdi dhateng Gusti Allah SWT, saged pikantuk pitulungan lan kamulyan. Wondene kang aran ikhlas, yoiku tegese resik soko rereged lan nggawe samubarang resik lan ora reged. Dados, ingkang kasebat “priyantun kang ikhlas” nggih meniko priyantun ingkang nindakaken agamanipun namung kagem Gusti Allah SWT, kanthi manembah dumateng Panjenenganipun, lan ugi mboten riya’ (hanggadahi raos pamer) ing tumindak becik.
Sak lintunipun meniko, kang aran ikhlas tegesipun hanenggih niat namung pados ridho saking Gusti Allah SWT. Ateges ngresiki niat saking sembarang rereged mbebayani. Priyantun kang ikhlas niku kados umpamane tiyang ngresiki beras saking krikil lan watu cilik ing nampan tampah, ngantos beras saged resik sahinggo banjur dipun masak teng pawon. Kalamunto menawi beras taksih reged mboten dipun resik-i banjur langsung dimasak, kamongko bakal dahar sekul campur krikil watu cilik.

Pramilo yekti bilih raos ikhlas puniko ndadosaken amal kabecikan dados nikmat, mboten kesel, lan sedaya pengorbanan mboten kraos abot. Raos ikhlas ugi nuwuhaken raos nrimo ing pandum takdir, banjur nuwuhaken raos kandel ing iman dumateng Gusti Allah SWT, pasrah sekabehane dumateng Gusti Allah SWT. Lan kanthi kandel ing iman dumateng Gusti Allah SWT, kito saged tansoyo celak kaliyan Gusti Allah SWT. Yekti kalamunto kito tansoyo celak kaliyan Gusti Allah, pamula Gusti Allah bakal nresnani lan nyukupi kabeh kebutuhan kito.

Sampun kasebat wonten ing al-Qur’an surat ath – Thalaq ayat 3:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
… وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا

Ingkang artosipun: “Sinten kemawon ingkang tawakkal dumateng Gusti Allah SWT, yekti Gusti Allah bakal nyukupi sekabehane keperluane. Saktemene Gusti Allah niku ingkang ngrampungaken urusanipun. Sayekti Gusti Allah sampun ndamel paugeran tumraping samubarang.”

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah
Sumonggo kito nalikaning kondur saking shalat ‘idul Adha meniko, kanthi mbeto semangatipun Nabi Ibrahim AS ugi Nabi Isma’il AS. Sumonggo kito kirangi raos katresnan marang dunyo, kito singkiraken ego, lan dipun gantos kanthi ikhlas lan taqwa ingkang sejati. Kito kedah mbudidoyo nuladhani Nabi Ibrahim AS ugi Nabi Isma’il AS, ingkang mituhu lan nresnani Gusti Allah kanthi katresnan ingkang sejati.

Kito wajib gegondelan Al-Qur’an Surah An-Nisaa’ ayat 125:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
وَمَنْ اَحْسَنُ دِيْنًا مِّمَّنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَّاتَّبَعَ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ وَاتَّخَذَ اللّٰهُ اِبْرٰهِيْمَ خَلِيْلًا

Lan Sopo wong e kang luwih becik agamane tinimbang wong kang masrahake awake marang Gusti Allah, pamulo dheweke iku kasebut “muhsin” (wong kang nindakake kabecikan) lan manut agamane Nabi Ibrahim kang hanif? Gusti Allah wus ndadèkaké Nabi Ibrahim dadi kekasihé.”

Ma’asyiral Muslimin jama’ah shalat ‘idul Adha rahimakumullah
Mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kito kalebet umatipun ingkang pikantuk hidayah lan tansah pasrah dumateng Panjenenganipun wonten ing sedoyo kawontenan, lan mugi-mugi ibadah kito dipun tampi kados dene Gusti Allah nampi ibadah qurbanipun Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم ِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ . أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ (×٣) اَللهُ أَ كْبَرُ
اَللهُ أَ كْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيرًا ، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي السَّمٰوَاتِ وَالْأَرْضِ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي شَرَعَ لِعِبَادِهِ ٱلْأُضْحِيَةَ تَذْكِرَةً بِفِدَاءِ خَلِيْـلِهِ ، وَجَعَلَ أَيَّامَ ٱلنَّحْرِ مَوَاسِمَ قُرُبَاتٍ وَرَفْعَاتٍ فِيْ سَبِـيْـلِهِ ، نَـحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَنَسْتَعِيْـنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ ، وَنَعُوْذُ بِهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا . أَشْهَدُ أَنْ لَااِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ، وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِ ، وَدَعَا بِدَعْوَتِهِ ، وَتَأَسَّى بِسُنَّتِهِ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ , اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ . فَانْظُرُوْا أَنَّ أَعْظَمَ الْقُرْبَاتِ فِيْ هٰذِهِ الْأَيَّامِ مَا قُدِّمَ فِيْهَا مِنْ دَمٍ يُـــبْتَغَى بِهِ وَجْهُهُ ، وَمَا طَابَ فِيْهَا مِنْ نَفْسٍ تُرِيْدُ رِضَاهُ فَأَكْرِمُوْا هٰذِهِ الْمَوَاسِمَ ، فَإِنَّهَا أَيَّامُ رَحْمَةٍ وَنَفَحَاتٍ وَتَـجَلِّـيَاتٍ مِنْ عِنْدِهِ . وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلَٓائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللهَ وَمَلَٓائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ , كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ , وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ , كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ , فِيْ الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ . اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ . اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَٓاءَ وَالْغَلَٓاءَ وَالْوَبَٓاءَ وَالْفَحْشَٓاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَن َ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَآصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً ، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ , وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ , يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Sumber Materi Khutbah : KH Mahfuddin, Ketua LTM PCNU Ponorogo Jawa Timur
Editor Penulisan Materi : Marsudi, Sekretaris LTM PCNU Ponorogo Jawa Timur

Download file PDF Khutbah Idul Adha 1447 H

Informasi terkait:

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *