NU PONOROGO

Official Website PCNU Ponorogo

Nderek Tauhid Ingkang Leres – Khutbah Jumat Bahasa Jawa NU

Khutbah Jumat NU Ponorogo

Berikut ini adalah Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa NU:

Khutbah I

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اما بعـد
قال الله تعالى: اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَٱلَّذِينَ جَٰهَدُوا۟ فِينَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا  وَإِنَّ ٱللَّهَ لَمَعَ ٱلْمُحْسِنِينَ

Kaum muslimin sidang Jumat Rahimakumullah,

Saben dinten umur kulo panjenengan sami saget tambah nyedaki sedo. Pangrungu sampun milai gadah kekirangan, paningalan sampun milai buram, rekmo sampun pethak, kekiatan sampun sudo, wojo sampun ompong lan kulit sampun keriput. Niku sedoyo nggih puniko tondo minangka kematian sampun celak. Pramilo, monggo kulo panjenengan sami nyiapaken kanthi takwa. Takwa inggih puniko imtisaalu al awaamir wa ijtinaabu an nawaahi (nglampahi perintah-perintah Gusti Allah SWT lan ngedohi sedoyo ingkang dados awisanupun). Kanthi takwa, kulo panjenengan sami saget ngadepi sedoyo nopo mawon kanthi tenang lan bahagia.

Kaum muslimin sidang jumat rahimakumullah,

Allah SWT sampun maringi pahala ingkang ageng kagem umat Islam ingkang kerso jihad wonten marginipun Allah SWT. Punopo kados mekaten? Jawabanipun inggih puniko keranten kanthi jihad, agama Islam saget tersebar lan keranten jihad ugi saget dadosaken umat Islam Ya’lu wa la yu’la alaihi (wonten panggenan kang inggil lan mboten wonten ingkang luwih inggil saking piyambake). Lan Allah SWT ugi sampun dawuh bilih sinten mawon ingkang jihad ing margi Allah SWT bade dipun paring pitedah maring margi-margi Allah SWT. Firman Allah SWT wonten ing surat al-Ankabut ayat 69 kados mekaten:

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَٱلَّذِينَ جَٰهَدُوا۟ فِينَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا  وَإِنَّ ٱللَّهَ لَمَعَ ٱلْمُحْسِنِينَ

Artosipun: lan wong-wong kang podo jihad ing dalan kito, mongko sak temene arep siro dudohake marang dalan-dalan kito. Sak temene Allah bener-bener nyertani wong-wong kang tumindak becik.

Jihad saget dipun bagi dados 3. Kaping pisan, jihad wonten dipun wastani perang ngangkat senjata musuh wong-wong kafir ing medan perang. Ingkang dipun korbankan inggih meniko nyowo, bondo lan lintu-lintunipun. Kaping kalih, jihad ingkang artosipun melawan howo nepsu, ngalahake godane nafsu syaitoniyah. Miturut Kanjeng Nabi Saw, jihad nglawan howo nepsu luwih gedhe ketimbang jihad kang nomer siji, jihad kagem mboten rumongso paling bener, jidah kagem mboten rumongso sombong, jihad mboten korupsi, jihad mboten hasud, jihad nglawan males ngibadah, jihad nglawan malese sinau agami, jihad nglawan sifat kikir lan bakhil, jihad nglawan sifat individualis lan lintu-lintunipun. Kaping tigo, jihad wonten ing dalem perdebatan ilmiah kagem nglurusake paham-paham ingkang boten sesuai kalian al-Quran lan as-sunnah.

Menawi jihad ingkang nomor sepisan lan kalih meniko sampun asring dipun wedar. Pramilo wonten ing wekdal puniko, kulo panjenengan sami bade ngudar jihad ingkang ongko tigo, inggih puniko jihad nglurusaken paham-paham ingkang mboten sesuai kaliyan al-Quran lan as-sunnah. Jihad nglawan paham ingkang nyimpang wonten ing sejarah sampun natos dipun lampahi kaliyan tiyang-tiyang ingkang masuk wonten kelompok Ahlussunnah wal Jamaah. Tokoh ingkang paling terkenal inggih puniko Abul Hasan al-Asy’ari lan Abu Manshur al-Maturidi.  Kekalih tokoh teologi meniko wantunbika ruang debat nglawan kelompok-kelompok mujassimah lan musyabbihah utawi kelompok ingkang nyatakaken bilih Allah SWT sami kaliyan makhluk (menungso). Tembung “Yadullah wonten ing dalem al-Quran upaminupun diartosaken astanipun Gusti Allah SWT”.

Konsep Tauhid utawi konsep teologi ingkang diusung kalian kekalih ulama meniko lan banjur dipun kembangaken kaliyan poro penerusipun inggih puniko kados dene ingkang sampun asring kulo panjenengan sami midangetaken wonten ing musholla utawi masjid ing dalem “pujian” (wujud, qidam, baqo, mukholafatulil hawaditsi dan lintu-lintunipun), utawi ingkang dipun kenal kalian sifat wajib 20, 20 sifat mustahil lan 1 sifat jaiz kagem Allah SWT. 4 sifat wajib kagem Rasul, 4 sifat mustahil lan 1 sifat jaiz kagem Rasulullah SAW. Sifat-sifat puniko lajeng dipun kenal kaliyan istilah sifat 50. Lajeng kados pundi kalian konsep tauhid rububiyah, uluhiyah lan asma’ wassifah puniko? Jawabanipun inggih pembagian tauhid dados 3 perkawis puniko sanes saking kelompok asy’ari lan maturidiyah.

Kaum muslimin siding jumat rahimakumullah,

Sebagai tiyang awam, monggo kulo panjenengan sami nderek paham Ahlussunnah Wal Jamaah kados ingkang sampun dipun sampaiaken kaliyan pendiri NU, Hadratusssyaikh Hasyim Asy’ari kanti nderek Abul Hasan al Asy’ari lan Abu Mansyur al-Maturidy. Miturut Syekh al Zabidi, penganggit kitab Ithaf Sadat al Muttaqien, syarah kitab Ihya’ Ulumuddin kagunganipun Imam Al Ghazali, bilih ingkang dipun maksud kaliyan Ahlussunnah inggih puniko penderek saking madzhab al Asy’ariah lan al Maturidiyah.

إِذَت أُطْلِقَ أَهْلُ السُّنَّةِ وَالجَمَاعَةِ فَالمُرَادُبِهِمُ اْلأَشَاعِرَةُ وَالْمَاتُرِيْدِيَّةُ

Artosipun: naliko dipun sebat Ahlussunnah, mongko ingkang dipun maksud inggih puniko penderek al Asy’ari lan penderek al Maturidi.

Pramilo, menawi nderek ayat Al Quran ing ngginggil surah Al Ankabut ayat 69, penderek Abul Hasan al Asyari lan Abu Mansur Al Maturidi sampun angsal hidayah saking Allah SWT. Buktinipun inggih puniko penyebaran Islam wonten ing wilayah Eropa Timur dipun lampahi kaliyan umat Islam wonten ing wekdal puniko sebagai penderek Abul Hasan al Asyari lan Abu Mansur al Maturidi dipun pimpin kaliyan dinasti Utsamani Turki. Mekaten ugi penyebaran Islam wonten ing daerah Timur, kados dene wonten ing India lajeng Asia Tenggara termasuk Indonesia dipun lampahi kaliyan pengikut al Asy’ari wonten ing dalem Tauhid lan Imam Syafi’I wonten ing dalem Fiqh.

Pramilo, dados wajar lan masuk akal menawi umat Islam terbesar wonten ing Indonesia meniko nderek al Asyari lan al Maturidi ing dalem Tauhid utawi Teologi. Kaliyan nderek kekalih ulama kasebat, InsyaAllah kulo panjenengan sami bade meraih hidayah, Aamiin. Pramilo, kulo penjenengan sami kedah ngati-ati kaliyan aliran ingkang anyar ingkang nembe dugi mbeto rupo bedo kaliyan kekalih imam kang kasebat.

.جَعَلَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنْ الْفَائِزِيْنَ الْامِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُتَّقِيْنَ.

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَمَنْ يَشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ, وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

Khutbah ke II:

       !  اَلْحَمْدُ لِلّهِ ضَامِنِ الْفَلَاحِ لِمَنْ تَمَسَّكَ بِالشَّرْعِ وَوَقَفَ عِنْدَ حُدُوْدِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّم تَسْلِمًا كَثِيْرًا

اَمَّابَعْدُ : فَيَااَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ وَاَبْدِلُوا الْفَسَادَ بِالرَّشَادِ. وَاَصْلِحُوا شُؤُوْنَكُمْ وَقُوْمُوْا عَلى قَدَمِ السَّدَادِ. فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْا اَنَّما عَلى رَسُوْلِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِيْنُ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. اللّهُمَ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ وَارْفَعْ لَهُمُ الدَّرَجَاتِ وَضَاعِفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ وَكَفِّرْعَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ وَبَلِّغْ جَمِيْعَ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ خَيْرَيِ الدَّارَيْنِ مَايُؤَمِّلُوْنَ وَانْشُرْ وَافِرَ اِحْسَانِكَ عَلى بَلْدَتِنَا هذِهِ وَسَا ئِرِ بِلَادِ الْاِسْلَامِ. رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِا لْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ امَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.

اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَخْشآءِ وَالْمُنْكَرِوَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ. وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Ditulis Oleh: Dr. K. Iswahyudi, M.Ag/ Wakil Ketua PCNU Ponorogo

Informasi terkait:

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Selamat Menjalankan Ibadah Puasa 1446 H