
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Warga nahdliyin yang dirahmati Allah, berikut teks Khutbah Jumat bahasa Jawa dengan judul Menyambut Lailatul Qadar.
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اما بعـد
قال الله تعالى: اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ
Kaum muslimin sidang jum’ah Rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae puniko, monggo kulo panjenengan sami ningkataken taqwa kito dumateng Allah SWT kelawan nglampahi sedoyo perintah-perintahipun lan ninggalaken sedoyo ingkang dados awosanipun, keranten mboten wonten bekal ingkang langkung sae ingkang kulo panjenengan sami beto wonten ngarso dalem Allah SWT kejobo taqwa.
Kaum muslimin sidang jum’ah Rahimakumullah,
Wonten ing bulan Ramadhan puniko, kita bade manggihi sawijining dalu ingkang estu mulya. Dalu puniko inggih ingkang dipun sebat malam lailatul qodar, Allah sampun jelasaken bilih dalu puniko inggih dalu ingkang langkung sae katimbang sewu wulan utawi menawi dipun etang wonten etangan tahun luwih saking 80 tahun. Allah SWT dawuh:
إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ
Artosipun: saktemene wus nurunake (Al Quran) sopo kito ing dalem wengi kamulyan. Lan ngertio sopo siro opo iku wengi kamulyan? Wengi kamulyan iku luwih apik katimbang sewu wulan. Ing dalem wengi iku poro malaikat lan malaikat Jibril kelawan izin pengerane piro-piro moloikat iku ngatur sekabehe urusan. Wengi kui (kebak) kasejahteraan tumekone fajar (QS. Al Qadr: 1-5)
Wonten ing dalem ngadepi lailatul Qadar, wonten piro-piro prinsip ingkah kedah kulo panjenengan sami anut.
Sepindah, lailatul Qadar puniko inggih dalu ingkang dipun rahasiaaken kalian Allah SWT. Tujuanipun inggih punika supados umat Islam senantiasa ngreko doyo kagem ibadah. Kedah ngrantos lan ngupayaaken supados mboten ketinggalan. Naliko perasaan meniko ingkang muncul, tiyang muslim bade terus menerus istiqomah anggenipun ngibadah kelawan ngurip-nguripi wengi-wengine wulan Ramadhan kelawan semangat lan pados Ridha nipun Allah SWT.
Kaping kalih, tiyang muslim mboten usah sibuk anggenipun pados tondo-tondo lailatul qodar ingkang sampun dipun critaaken kaliyan poro ulama kados angin sepoy-sepoy ing wekdal dalu, suasana sepi, wonten ing injing sinar matahari putih lan lintu-lintunipun. Kedah dipun Yakini, bilih sopo wonge ingkang ngibadah kelawan istiqomah, sungguh-sungguh wonten ing nglampahi ibadah siyam sarto istiqomah ngibadah, Allah SWT bade maringi kenikmatan malam sewu wulan puniko, walaupun mboten manggihi tondo-tondonipun. Umat Islam mboten pareng bersifat oportunis. Nopo niku? Inggih puniko ngibadah namung wonten wengi-wengi malem ganjil wonten ing sedoso terakhir wulan Ramadhan. Artosipun, umat Islam kedah bersungguh-sungguh nglampahi ibadah wonten saben-saben dalu Ramadhan, mboten namung wonten ing wengi-wengi tertentu.
Kaping tigo, umat Islam saget nderek rumus-rumus ulama kados Imam Al Ghazali ingkang jelasaken bilih awal wulan Ramadhan menawi dipun awali dinten sabtu mongko lailatul qadar tibo wonten malam 23 (kados dene ingkang dipun jelasaken wonten ing kitab ‘Ianatu al Tholibin juz 2). Nopo ingkang dipun ngendikaaken Imam al Ghazali sami kaliyan nopo ingkang sampun dingendikaaken kalian imam Abu hasan Al Shazali bilih menawi awal Ramadhan inggih puniko Sabtu, mongko Lailatul Qadar tibo wonten malem 23 (kados ingkang sabut kasebat wonten kitab Hasyiyah al Shawi). Benten kaliyan pendapat ingkang dipun jelasakan kaliyan kitab Hasiyah Al Bajuri, bilih Lailatul Qadar puniko malem ke 21 menawi awal Ramadhan wonten ing dinten sabtu. Ingkang kedah kito pahami inggih puniko, rumus-rumus niki saget ugi bener, saget ugi salah. Ananging menawi kita nderek rumus-rumus kesebat inggih saget, asal jagi syaratipun inggih puniko konsisten utawi istiqomah wonten ing wengi-wengi lintunipun. Sampun ngantos dados muslim oportunis.
Kaum muslimin rahimakumullah,
Wonten ing wulan siyam puniko, ingkah paling penting inggih puniko semangat kito kagem nglampahi siyam kaliyan roso iman lan ngarep-ngarep ridhonipun Allah SWT. Utawo siyam kaliyan diiringi introspeksi diri. Menawi niki dipun lampahi, insyaalllah kulo panjenengan sami saget angsal lailatul Qadar. Rasulullah SAW dauh:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Artosipun; sopo wonge nglakoni poso kelawan iman lan instrospeksi diri, mongko bakal dingapuro dosa-dosane kaliyan Allah SWT (HR. Bukhari no. 38 dan Muslim no 760)
Sepindah, iman. Iman inggih puniko sebuah refleksi kesadaran ingkang tergabung wonten ing tigo aspek, inggih puniko akal, hati lan tumindak. Tegesipun bilih siyam punika dipun lampahi kanti dasar iman tegesipun siyam ingkang dipun sadari, dipahami lan diyakini, sanes paksaan, sanes pura-pura lan sanes keranten motif-motif lintunipun kados dene pengen di elem, pengen diregani utawi lintu-lintunipun. Keranten siyam inggih puniko urusan Allah SWT. Allah SWT piyambak ingkang bade mbales, AllahSWT ingkang bade mbiji poso kito sampun dilampahi kanti iman nopo mboten.
Kaping kalih, introspeksi diri. Introspeksi diri meniko usaha kagem ngoreksi awak dewe wonten ing masa lalu. Punopo dipun koreksi? Ingkang dikoreksi inggih puniko kekhilafan wonten ing masa lalu, kemaksiatan masa lalu, dosa-dosa ingkah pernah dilampahi masa lalu. Kagem nopo? Kagem dipun dandani bibaripun Ramadhan. Kanti semangat niki, tiyang niku mboten mawon dados tiyang kang bejo (Robih) tapi nggih dadosaken tiyang yang putih bersih kados dene bayi ingkang nembe lahir.
جَعَلَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنْ الْفَائِزِيْنَ الْامِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُتَّقِيْنَ.
اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَمَنْ يَشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ, وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.
اَلْخُطْبَةُ الُثَّانِيَةُ
اَلْحَمْدُ لِلّهِ ضَامِنِ الْفَلَاحِ لِمَنْ تَمَسَّكَ بِالشَّرْعِ وَوَقَفَ عِنْدَ حُدُوْدِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّم تَسْلِمًا كَثِيْرًا.
اَمَّابَعْدُ : فَيَااَيُّهَا النَّاسُ !
اِتَّقُوا اللهَ وَاَبْدِلُوا الْفَسَادَ بِا لرَّشَادِ. وَاَصْلِحُوا شُؤُوْنَكُمْ وَقُوْمُوْا عَلى قَدَمِ السَّدَادِ. فَاِنْ
تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْا اَنَّما عَلى رَسُوْلِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِيْنُ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ
عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. اللّهُمَ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ وَارْفَعْ لَهُمُ الدَّرَجَاتِ وَضَاعِفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ وَكَفِّرْعَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ وَبَلِّغْ جَمِيْعَ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ خَيْرَيِ الدَّارَيْنِ مَايُؤَمِّلُوْنَ وَانْشُرْ وَافِرَ اِحْسَانِكَ عَلى بَلْدَتِنَا هذِهِ وَسَا ئِرِ بِلَادِ الْاِسْلَامِ. رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِا لْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ امَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.
اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَخْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ
يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ. وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ.