NU PONOROGO

Official Website PCNU Ponorogo

Nderek Madzhab Ingkang Sekawan – Khutbah Jumat Basa Jawa NU

Khutbah Jumat bahawa jawa

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اما بعـد
قال الله تعالى: اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يٰۤـاَيُّهَا الَّذِيۡنَ اٰمَنُوۡۤا اَطِيۡـعُوا اللّٰهَ وَاَطِيۡـعُوا الرَّسُوۡلَ وَاُولِى الۡاَمۡرِ مِنۡكُمۡ‌ۚ فَاِنۡ تَنَازَعۡتُمۡ فِىۡ شَىۡءٍ فَرُدُّوۡهُ اِلَى اللّٰهِ وَالرَّسُوۡلِ اِنۡ كُنۡـتُمۡ تُؤۡمِنُوۡنَ بِاللّٰهِ وَالۡيَـوۡمِ الۡاٰخِرِ‌ ؕ ذٰ لِكَ خَيۡرٌ وَّاَحۡسَنُ  تَاۡوِيۡلًا

Kaum Muslimin Sidang Jum’at Rahimakumullah

Wonten ing  kesempatan ingkang sae menika, sumangga kula lan panjenengan ningkataken ketakwaan kula lan panjenengan dhateng Allah swt. caranipun  inggih menika kaliyan imtisaalu al-awaamir wa ijtinaabu an-nawaahi (nindakaken perintah-perintah allah swt lan nebihi sedaya larangan-laranganipun). Ketahuilah, mboten wonten sangu ingkang paling sae kula lan panjenengan asta wonten ngarsa Allah swt, kejaba  takwa kula lan panjenengan dhateng Allah swt.

kaum muslimin sidang jum’at rahimakumullah

Kula lan panjenengan sampun sumerep, bilih salah setunggaling tiyang mboten saged mundhut langsung hukum ingkang wonten lebeting al-qur’an pramila kulo panjenengan sami wajib nderek pendapat ulama ingkang kagungan ilmu. Kulo lan panjenengan sami mboten kepareng sembarangan anggenipun menafsiri al-qur’an utawi mangertosi al-sunnah tanpa ilmu. Wonten ing dalem ngibadah  upaminipun, tiyang awam sasaenipun   nderek ulama madzhab utawi miyos gampilipun  nderek para mujtahid. Ibn Katsir anggenipun njlentrehaken makna ulil amri wonten ing  surah an-nisa’ ayat 59 dados   tiyang-tiyang ingkang mangertos ilmu agami kaliyan wiyar lan mendalam. Menapa ingkang dipun aturaken dening Ibn Katsir menika cocok  kaliyan menapa ingkang dipun-wedhar dening Abdullah bin Abbas, Jabir bin Abdullah al-Anshari, Mujahid bin Jabr, ‘Atha’ bin Abi Rabah, al-Hasan al-Bashri lan sanes-sanesipun. Surat an-nisa’ ayat 59 kasebat  mekaten:

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يٰۤـاَيُّهَا الَّذِيۡنَ اٰمَنُوۡۤا اَطِيۡـعُوا اللّٰهَ وَاَطِيۡـعُوا الرَّسُوۡلَ وَاُولِى الۡاَمۡرِ مِنۡكُمۡ‌ۚ فَاِنۡ تَنَازَعۡتُمۡ فِىۡ شَىۡءٍ فَرُدُّوۡهُ اِلَى اللّٰهِ وَالرَّسُوۡلِ اِنۡ كُنۡـتُمۡ تُؤۡمِنُوۡنَ بِاللّٰهِ وَالۡيَـوۡمِ الۡاٰخِرِ‌ ؕ ذٰ لِكَ خَيۡرٌ وَّاَحۡسَنُ  تَاۡوِيۡلًا

Artosipun: He wong-wong kang pada iman, taato siro kabeh marang Allah lan taato siro kabeh marang Rasulullah dan ulil amri ing dalem antarane siro kabeh. Banjur menawa siro kabeh bedo pendapat ing dalem piro-piro perkoro, mangka balio siro (ing dalem ngrampungne piro-piro perkoro) marang Allah lan Rasul, menowo siro kabeh iman marang Allah lan hari akhir. Mengkono-mengkono iku luwih utamane lan luwih apik akibate.

Para ahli ushul fiqh ugi  wantos-wantos kagem tiyang awam kagem nderek para mujtahid lebet nindakaken ibadah kados ingkang kasebat wonten ing surah An-Nahl ayat 43

فَاسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَۙ

Artosipun: Takono siro kabeh amrang wong kang duweni ilmu lamun siro ora ngerti.

Pitakenanipun samenika inggih menika, sinten  mujtahid ingkang mashur lan sae  kagem dipun dereki. Wangsulanipun inggih menika para mujtahid ingkang asring dipun sebat dados sekawan Imam Madzhab. Kenging menapa dipun sebat madzhab? wangsulanipun inggih menika amargi Sekawan Imam kasebat  sampun berijtihad lan menfatwakan kasil ijtihadipun lajeng dipun ikuti dening murid-muridipun, lajeng   murid-murid kasebat  nyebaraken  gagasan sang imam ngantos sak menika. Imam ingkang sekawan menika inggih menika Imam Abu Hanifah (wiyos 80 h/699 m seda 150 h/767 m), Imam Malik (wiyos 95 h/713 m lan seda warsa 179 h/795 m), Imam Syafi’i (wiyos warsa 150 h/767 lan seda 204 h/819 m) lan Imam Ahmad bin Hanbal (wiyos 164 h/781 m lan seda 241 h/855 m.

Kenging menapa sekawan madzhab menika ingkang dipun pilih? alesanipun   kados   ingkang dipunsebat dening Imam waliyullah ad-Dahlawi dados menika:

Kaping setunggal, sekawan madzhab kasebat berpegang dhateng generasi salaf. Argumentasi-argumentasi ingkang dipunbangun dening sekawan imam kasebat  berpijak kaliyan bersambung saking generasi sak derengipun dumugi dhateng Rasulullah saw.

Kaping kalih, sekawan madzhab kasebat  inggih menika madzhab paling ageng ngantos sak menika. Kaliyan nderek salah setunggal saking sekawan madzhab kesebat gadhah artos kula lan panjenengan sampun ngamalaken  hadis supados kula lan panjenengan nderek pendapat paling kathah.

 عَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ رضي الله عنه يَقُوْلُ : سَمعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَى الله عليه وسلم يَقُوْلُ : إِنَّ أُمَّتِي لَا تَجْتَمِعُ عَلَى ضَلاَلَةٍ، فَإِذَا رَأَيْتُمْ اِخْتِلاَفًا فَعَلَيْكُمْ بِالسَّوَادِ اْلأَعْظمِ

Artosipun: saking Anas bin Malik, siro ngucap: ingsun krungu Rasulullah SAW Bersabda: Saktemene umatku ora dikumpulake ing dalem kesesatan, mangka nalika siro kabeh wes ngeri marang perbedaan lan perselisihan, mangka meluo siro kabeh marang golongan kang gede.

Kaping  tiga, para sekawan imam madzhab kasebat  sugeng lebet sasae-saenipun qurun inggih menika qurun (jaman) salaf ingkang kredibilitasipun, popularitasipun   lan reputasipun   keparing dipun pertanggungjawabaken. sejarah sampun mbuktikakenipun.

Wahbah al-zuhaily malah  ngutip   pendapat imam taqiyuddin ibn al-shalah as-syahrazuri (577-643 h/1181-1245 m) matur  “sampun dados kekedahan, ndereki madzhab para imam sekawan, sanes ingkang sanesipun, amargi madzhab piyambakipun sedaya sampun kesebar  wiyar, pembatasan kemutlakanipun   lan pembatasan keumumanipun   sampun dipun ngertosi lan cabang-cabangipun   sampun diuraikan. bab menika berberbeda kaliyan madzhab-madzhab kejawi piyambakipun sedaya.”

Kaum muslimin sidang jum’at rahimakullah

Keranten mekaten, sampun tepatlah menapa ingkang kula lan panjenengan tindakaken wekdal menika. Kula lan panjenengan ngamalaken  ajaran islaM cocog  kaliyan pandangan ulama salaf. Pramila, sampun gampil  kepengaruh, sampun gampil  terprovokasi dening pandangan utawi teriakan tiyang ingkang matur “jangan bermadzhab, jangan mengikuti madzhab sekawan, sampun ngaos kitab kuning, langsung mawon saking al-qur’an lan hadis lan sanes-lain”. pungkasan sumangga kula lan panjenengan pidhangetaken menapa ingkang dipunaturaken dening pendiri nu, hadratussyaikh k. h. hasyim asy’ari menika lebeting kitab ziyadat al-ta’liqat supados kula lan panjenengan ndereki salah setunggal saking madzhab ingkang sekawan supados kula lan panjenengan sugeng.

أَمَّا أَهْلُ السُّنَةِ فَهُمْ أَهْلُ التَّفْسِيْرِ وَالْحَدِيْثِ وَالْفِقْهِ فَإِنَّهُمْ الْمُهْتَدُوْنَ الْمُتَمَسِّكُوْنَ بِسُنَّةِ النَّبِيْ صلى الله عليه وَسلم والخُلَفَاءِ بَعْدَهُ الرَّاشِدِيْنَ وَهُمْ الطَّائِفَةُ النَّاجِيَةُ قَالُوْا وَقَدْ اجْتَمَعَتْ الْيَوْمَ فِي مَذَاهِبَ أَرْبَعَةٍ الحَنَفِيُّوْنَ وَالشَّافِعِيُّوْنَ وَالْمَالِكِيُّوْنَ وَالْحَنْبَلِيُّوْنَ.

artosipun : wondene ahlussunnah inggih menika piyambakipun sedaya ingkang mlebet lebeting kelompok ahli tafsir, ahli hadis lan ahli fiqh. piyambakipun sedaya inggih menika tiyang-tiyang ingkang ndereki lan berpegangangan dhateng sunnah nabi, khalifah sekawan sasampunipun rasul (al-khulafa’u al-rasyidun). piyambakipun sedaya (ingkang ndereki nabi lan khalifah ingkang sekawan) inggih menika kelompok ingkang sugeng. para ulami matur, piyambakipun sedaya ingkang sugeng kasebat  kekempal  lebet mazhab ingkang sekawan wekdal menika inggih menika madzhab hanafi, syafi’i, maliki lan hambali.

جَعَلَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنْ الْفَائِزِيْنَ الْامِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُتَّقِيْنَ.

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَمَنْ يَشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ, وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

 

اَلْخُطْبَةُ الُثَّانِيَةُ

اَلْحَمْدُ لِلّهِ ضَامِنِ الْفَلَاحِ لِمَنْ تَمَسَّكَ بِالشَّرْعِ وَوَقَفَ عِنْدَ حُدُوْدِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّم تَسْلِمًا كَثِيْرًا.

اَمَّابَعْدُ : فَيَااَيُّهَا النَّاسُ

اِتَّقُوا اللهَ وَاَبْدِلُوا الْفَسَادَ بِالرَّشَادِ. وَاَصْلِحُوا شُؤُوْنَكُمْ وَقُوْمُوْا عَلى قَدَمِ السَّدَادِ. فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْا اَنَّما عَلى رَسُوْلِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِيْنُ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. اللّهُمَ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ وَارْفَعْ لَهُمُ الدَّرَجَاتِ وَضَاعِفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ وَكَفِّرْعَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ وَبَلِّغْ جَمِيْعَ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ خَيْرَيِ الدَّارَيْنِ مَايُؤَمِّلُوْنَ وَانْشُرْ وَافِرَ اِحْسَانِكَ عَلى بَلْدَتِنَا هذِهِ وَسَا ئِرِ بِلَادِ الْاِسْلَامِ. رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِا لْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ امَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.

اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَخْشآءِ وَالْمُنْكَرِوَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ. وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Informasi terkait:

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *