Khutbah ini menegaskan bahwa pergantian dari Muharram menuju Shafar bukan sekadar perpindahan bulan, melainkan momentum untuk menguji kesungguhan hijrah kita: apakah semangat memperbaiki diri tetap dijaga setelah waktu berganti. Pesan utamanya adalah pentingnya istiqamah dalam ibadah, akhlak keluarga, dan tanggung jawab sosial, sehingga hijrah tidak berhenti sebagai semangat sesaat, tetapi menjadi perubahan hidup yang terus dirawat dalam ketaatan kepada Allah.
| Khutbah Kapisan |
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ أَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngiyataken takwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanthi nglampahi sedaya dhawuh-Nipun lan nebihi sedaya awisan-Nipun. Takwa boten namung dipunucapaken wonten ing lathi, nanging kedah katingal wonten ing ibadah, akhlak, pakaryan, lan sesrawungan kita saben dinten.
Jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah, wulan Muharram sampun kita lampahi, lan sakmenika kita lumebet ing wulan Shafar. Nalika Muharram, kita asring ngraosaken semangat enggal: badhé langkung sregep shalat, langkung remen maos Al-Qur’an, langkung sabar, lan langkung sae tumrap kulawarga saha tangga tepalih. Nanging pitakenanipun: punapa semangat punika taksih kita jagi nalika wulan sampun gantos?
Hijrah ingkang sejati boten namung pindhah saking satunggal wekdal dhateng wekdal sanèsipun. Hijrah punika pindhah saking lalai tumuju éling, saking maksiat tumuju taat, saking padudon tumuju kerukunan, lan saking pakulinan awon tumuju budi pekerti ingkang langkung sae. Pramila, sasampunipun semangat hijrah, kita dipunajak ngudi istiqamah.
فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْا ۚ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Tegesipun: “Pramila panjenengan tetepana ing margi ingkang leres, kados ingkang sampun dipundhawuhaken; mekaten ugi tiyang ingkang mratobat sesarengan kaliyan panjenengan. Lan sampun ngantos nglangkungi wates. Satemenipun Allah Maha Mirsani menapa ingkang panjenengan tindakaken.” (QS. Hūd: 112)
Ayat menika maringi piwulang bilih iman boten cekap namung kanthi semangat ing wiwitan. Iman kedah dipunreksa kanthi istiqamah. Istiqamah boten ateges manungsa boten nate kesandhung. Istiqamah tegesipun saben kesandhung enggal tangi, saben klentu enggal nyuwun pangapunten, lan saben semangat mandhap enggal dipunuripaken malih.
أَحَبُّ الْأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ
Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ ngendika: “Amal ingkang paling dipuntresnani dening Allah inggih punika amal ingkang dipuntindakaken kanthi ajeg, sanadyan namung sakedhik.” (HR. al-Bukhārī lan Muslim)
Jamaah Jumat ingkang minulya, wonten tigang perkawis ingkang saged kita tindakaken supados semangat hijrah boten namung dados semangat sawetawis.
Sepisan, istiqamah ing ibadah.
Shalat gangsal wekdal dipunjagi, menawi saged kanthi berjamaah. Al-Qur’an dipunwaos saben dinten sanadyan namung sawetawis ayat. Wirid lan donga sasampunipun shalat boten dipuntilar. Sedekah boten kedah ngentosi kathah bandha. Sakedhik nanging ajeg langkung sae tinimbang kathah nanging namung sapisan. Ingkang wigatos, amal punika dipuntindakaken kanthi ikhlas lan sabar.
Kaping kalih, istiqamah ing akhlak lan kulawarga.
Aja ngantos kita sregep ngibadah, nanging lathi taksih remen nyakiti. Aja ngantos kita khusyuk wonten ing masjid, nanging wonten ing griya gampang duka. Hijrah kedah mlebet ing kulawarga: langkung alus dhumateng garwa, langkung sabar nggulawenthah putra-putri, langkung bekti dhumateng tiyang sepuh, lan langkung ngajeni tangga tepalih. Ing jaman media sosial, istiqamah ugi ateges boten gampang nyebar pawarta ingkang dereng cetha, boten remen ngina, lan boten melu damel padudon.
Kaping tiga, istiqamah ing tanggel jawab sosial.
Nalika ekonomi kirang gampil, sumangga tetep ngudi rejeki kanthi cara halal, jujur, lan boten ngapusi. Nalika wonten tangga ingkang kesrakat, sumangga dipunrewangi miturut kemampuan. Nalika wonten benten pamanggih, sampun ngantos paseduluran pedhot. Minangka warga Nahdlatul Ulama, kita dipunwulang tumindak tawasuth, tasamuh, tawazun, lan i’tidal: sedheng, tepa slira, imbang, lan jejeg wonten ing kabeneran. Kanthi mekaten, ukhuwah Islamiyah, ukhuwah wathaniyah, lan ukhuwah basyariyah saged tansah kajagi.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, sumangga kita sami muhasabah. Wiwit Muharram dumugi Shafar menika, punapa shalat kita saya tertib? Punapa lathi kita saya resik? Punapa griya kita saya tentrem? Punapa tangga lan tiyang ingkang kirang mampu sampun nate nampi kabecikan saking tangan kita? Menawi dereng, dinten menika dados wekdal ingkang sae kangge miwiti malih.
Sasampunipun kondur saking shalat Jumat menika, sumangga nggawa tigang tekad prasaja: njagi shalat tepat wekdal, nyawisaken wekdal saben dinten kangge maos Al-Qur’an utawi ngaji, lan nindakaken satunggal kabecikan tumrap kulawarga utawi sesami. Mugi-mugi Allah paring kekiyatan dhumateng kita supados boten namung pinter miwiti, nanging ugi setya nglajengaken dumugi pungkasaning gesang.
بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ. أَقُولُ قَوْلِي هٰذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
| Khutbah Kaping Kalih |
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، اِتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِنْ أَهْلِ الِاسْتِقَامَةِ وَالثَّبَاتِ، وَأَحْيِ قُلُوبَنَا بِذِكْرِكَ، وَزَيِّنْ أَخْلَاقَنَا بِطَاعَتِكَ، وَثَبِّتْ خُطَانَا عَلَى صِرَاطِكَ الْمُسْتَقِيمِ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِي إِلَيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ فَرِّجْ هَمَّ الْمَهْمُومِينَ، وَنَفِّسْ كَرْبَ الْمَكْرُوبِينَ، وَاقْضِ الدَّيْنَ عَنِ الْمَدِينِينَ، وَاشْفِ مَرْضَانَا وَمَرْضَى الْمُسْلِمِينَ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدِينَا، وَلِمَشَايِخِنَا وَمُعَلِّمِينَا، وَلِعُلَمَائِنَا وَمَنْ لَهُ حَقٌّ عَلَيْنَا. اَللَّهُمَّ احْفَظْ عُلَمَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا، وَانْفَعْنَا بِعُلُومِهِمْ وَبَرَكَاتِهِمْ.
اَللَّهُمَّ وَفِّقْ وُلَاةَ أُمُورِنَا لِلْعَدْلِ وَالْأَمَانَةِ وَخِدْمَةِ الشَّعْبِ، وَاحْفَظْ بِلَادَنَا إِنْدُونِيسِيَا مِنَ الْفِتَنِ وَالْبَلَاءِ وَالْوَبَاءِ، وَاجْعَلْهَا بَلَدًا آمِنًا مُطْمَئِنًّا، سَخَاءً رَخَاءً، وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ.
اَللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَارْزُقْنَا الْمَحَبَّةَ وَالرَّحْمَةَ وَالتَّعَاوُنَ عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَى. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.
عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ، وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَىٰ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
*Dr. Ahmad Junaidi, M.H.I., Dosen Fakultas Syariah UIN Kiai Ageng Muhammad Besari Ponorogo